Contoh Ngaturi Kajat bahasa jawa (hajatan)

 

Kulo kapurih ngasilno hajat

Hajat sepindah sodaqoh kerono Gusti Allah

Hormat kawitan pungkasan

Hormat kanjeng Nabi Adam, Siti Hawa

Hormat cikal bakal dusun Lahar ingkang sampun ngerasuk agami Islam, saking jaler, saking estri

 

Ingkang kagungan hajat wonten kekhilafan dipun ngapunten gusti Allah

Wonten keleresane dipun barokahi keluargane, umure, ilmune, rezekine, Dipun paringi kejembaran rezeki kalian Allah

 

Hormat poro Nabi, poro Wali, poro Syuhada’, poro Muslimin

Hormat Sunan Kalijaga ingkang ingkang jagi serinten sedalu

Hormat sederek gangsal maujud ingkang ngerekso badane

Hajate mugi diqobulaken Gusti Allah, dipun sekseni tahun 8 sasi 12 dinten 7 pekenan gangsal

Alfatihah….  

Contoh Ngaturi Kajat bahasa jawa (hajatan) Contoh Ngaturi Kajat bahasa jawa (hajatan) Reviewed by AIF on 8:44 AM Rating: 5

No comments:

Powered by Blogger.