Kasusun Dening Bapak Sutamat Tajungsari
LAKON SRI SEPISAN
Kajangan poro dewo pepak. Rembug bab Murbengkoro sepaku,
ora ono marak sowan, lan bab patokane dewo, banjur poro dewo kinarjo njekel
budal.
Guwo selorengko
Murbengkoro sepaku, garwo sinto landep loro kalah. Remi daton kerso sowan ing kajangan
ketekan poro djawoto prangdewoko
Kajangan
guru ketekan poro dewo, matur jen Betoro Sepaku nedijo mbalelo. Guru dawoh
supoyo ngentas Betoro Wisnu ing naroko budal.
Wisnu
ketekan betoro Surjo, diutud dawuh Wisnu, jen biso nyekel Murbengkoro dipateni
diapuro kesalahane. Budal setrat Murbengkoro ketekan Wisnu prang bubar prang
ngadjak tjangkriman, Wisnu di tjangkrimi ora biso mbatang Wisnu semojo, budal
kepetuk guru, dituduhi tjangkrimane, Ogal agil sikile lembu Handini pating
bedegul trilatjani dituduhake, tri sing putjaking pulo ngandjamliman la pulo
nuso kambangan nusa tenggiri. Wisnu bali, tjangkriman di batang, djur prang
sepaku nudohno pengapesane ing djentik manis, ditjotjok mati, sing wadon
ngrangkepi ono sworo dumeling, sing ono kandutanmu kawi alku sing mandjing,
golekono negoro giling wesi, budal, Setrat Wisnu nedijo munggah kajangan
njuwanopahane, budal kepetuk guru tindak killing weruh kaja dewo ndara ono who
who kuldi ono tengere jen mletek mbesuk wudjude Dwi Sri, nanging bakal dadi
djodone Wisnu, terus di djupuk, dititipno ing kasarjan, guru mekas, sopo wae
sing djupuk odjo nganti diparingake, budal sak kundure ketekan Wisnu, disuwun
wohe kuldi sing dititipake ora entok prang, surjo kalah. Woh kuldi kang
Patjak
29 punggung lan manteko ketekan Wisnu, matur purwo wassono punggung lan marteko
budal ngadjar guru di lorot soko lembu Handini, biso diapuro jen biso nggolekno
musuhe, ing pretapan gunung djamas. Guru budal, Setrat sahjang konet topo ing
sak ngisore gunung djamas, ketekan guru ditakoni kondo jen kepingin dadi dewo,
terus diboboti dikon mateni musuhe loro budal, kepetuk punggung lan Marteko
podo prang gambel gedjegor kawah Tjondro mukotela pisan. Konet dadi narodo
punggung togog marteko semar. Konet dadi timbangane guru semar ngawulo ing
tanah djowo togog ing sabrang kabeh podo kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON SRI PING PINDO
Kajangan guru pepak, ngajunake Sri Manik dumilah ing
tasik Djula dri budal,
Tasik djuladri, Sri Manik dumilah,
ontokesumo lan anake Rm sedane Betoro
Pangat ketekan narodo utusane Betoro Guru, nglamar ditulak dadi prang rame Daut
njowo lan ontokesumo kalah nganggo plangsangan djagad poro dewo podo keplaja
sigeg.
Nedang kamalan Betoro Wisnu Semar Gareng Petruk arep munggah kajangan arep
nyuwun Dwi Sri. Budal, setrat poro dewo, ketekan Wisnu njuwun Dwi Sri
diparingake jen biso mbojong Sri manik dumilah Wisnu sanggup budal, kepetuk ulo
kusumo prang karo Wisnu kalah, Semar madju onto Badar Sri manik dumilah
dipasrahno budal.
Kajangan Guru komplit, ketekan Wisnu lan Srimanik dumilah gelem dipek bojo
jen biso mbatang tjangkrimane ono pendito sejati, taktak kumatak datan ono
kekajon, ono ngendi panggonane, lan liyo-liyo. Betoro guru ora biso mbatang
nesu, Sri ditandung mudun soko kajangan. Wisnu lan ponokawan ugo podo mudun
budal. Guru nimbali kologumarang, diutus golek galihe kangka djaran negar ing
segoro tapake kuntul budal. Setrat kolo gumarang during entok seng sedjo, weruh
Dwi Sri terus mburu, Dwi Sri mlaju kepetuk Betoro Wisnu matur jen diburu kala
gumarang disosotake dadi tjeleng, ngamuk didjemparing malih manuk tudjolo eprit
pirang-pirang podo manggon ing gunung, arep ngrusak tandurane Wisnu
didjemparing maneh maleh dadi sambaing sundep lan liyo-liyo. Wisnu kondo Semar
jen Gumarang maleh dadi ono pirang-pirang supojo ilang, semar matur supojo
Wisnu ketemuo karo Sri Sentjani ing pretapan Selogringging, awit iku duwe
ingon-ingon telu sidji kucing tjondro mowo, Asu Belangjungjang, lan Walangkopo,
iku silihen Wisnu budal sigeg.
Pretapan Selogringging Dwi Sri Sentjani lan ingon-ingone telu, ketekan
Wisnu nyilih ingon-ingone telu diparingake jen biso ngilangake omo diwenehi
pangan nanging golek dewe budal, ngajak sekabehing omo bandjur podo ilang
nanging manuk tudjolo di djemparing malih emprit pirang-pirang podo leren ing
wit Sadjaratik mustaho.
- Tantjep Kajon -
LAKON WAHYU TRI TJAHYO LOKO
1.
Ngastino
Sujudono,
Durno, Bolodewo Karno, Kurowo PP
Romo
bah prodjo Ngastino biso tentrem jen entuk Wahyu Tri Tjahyo Loko. Durno matur
jen wahyu tri tjahyo loko iku sing duwe Bgw. Bimopakso kadigdajane kagi logilo,
nanging Durno sanggup ngusir Bgw. Iku awitjen ora diusir biso dadi pepalange
prodjo Ngastino. Durno budal njuwun di dampingi Kurowo ing Hardikiloso. Sigeg
2.
Hardi Kiloso Pertapan
Anoman,
Ontoredjo Gadad
Podo djogo-djogo kesara
Durno di ring wong Kurowo pasulajan rembug, dadi prang Kurowo mundur. Sigeg
3.
Bumi Rahtawu
Djanoko, Gareng, Petruk
Abijoso arep njoro widekno
martjane Semar, Abijoso dawuh supojo nggoleki ing sonjo lari budal. Sigeg
4.
Setrat Pertapan Hadi Kiloso
Bgw. Bimopakso, Poro
Tjantrik
Ketekan Durno, prang tjatur,
Durno kalah mundur, tekane bolodewo ora narimakno, nanging biso diparingi
kawruh bandjur kalah. bolodewo diutus golek pertapan sonjoluri budal. Sigeg
5.
Setrat Kresno bingung
awet semar murtjo kawulane podo kotjar katjir lan setijaki udowo sombo ugo
murtjo tanpo kilas, njur kresno nedyo nggoleki budal. Sigeg
6.
Sonjoluri
Bgw. Brahmonojokso, Tjantrik
Tjarang Gandulo, Tjantrik Gandulo Wiso
Rm. Jen ono wong sedje
pawongan sonjoluri supojo di usir ora suwe ketekan kresno, pasulajan dadi prang
kresno di untal Bgw. Brahmojakso, ketekan Bolodewo , ugo diuntal ketekan
Djanoko Gareng Petruk ugo diuntal. Ketekan Bgw. Bimopakso dadi pasulajan prang
badar dadi Semar lan Seno Kresno Bolodewo Djanoko podo katon kumpul, iku dunung
Wahyu Tri Tjahyo Loko, wong telu dadi siji. Tjantrike Brahmonojokso badar sombo
seyaki udowo. Kresno Seno lan poro kadang podo bali, di cegat wong kurowo,
prang kurowo kalah tajangan Kresno Pandowo kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON ADJI SERAT PING SEPISAN
Purwokondo R. Endro
kowotjo Putri Tritusto Rm. Ngajunnake
Suprobowati, poro pradjurit diutus budal ing kanjangan.
Basuseno bolo ketekan prajurit purwokondo dadi prang. Tritusto mati, togog
bali lapur sigeg.
Setrat Endrokuwotjo, ketekan togog matur jen patih tritusto wis mati.
Endrokuwotjo ngamuk nglurug ing kajangan.
Setrat poro dewo ketekan Endrokuwotjo soroh amuk poro dewo kalah kabeh,
Guru dawuh narodo supojo mudun golek djago ing artjo podo budal gowo gaman telu
limpung, sarutomo, pasopati.
Brawaskandi; 1. Bromorodjo, 2. Adji Serat, 3. Trijusto lagi podo rerasan
ketekan narodo diutus Betoro guru supojo mateni Endrokuwotjo lan diparing gaman
Bromoyojo diparingi limpung Trijusto Pasopati. Adji serat Sarutomo botjah telu
budal nedyio goleki musuhe. Serat Endrokuwotjo ketekan bocah telu pasulaya dadi
prang Endrokuwotjo diketok gulune sirahe digowo ing kajangan budal nganggo
limpung.
Guru dewo komplit, tekane bocah telu gowo sirahe Endrokuwotjo terus bocah
telu diganjar utowo didawuhi mudun ing Artjopodo Bromorodjo didawuhi netepi ing
purwokondo Adji serat ing Brawaskandi negoro loro dipasrahake bocah loro, dene
trijusto supojo topo ing gajah mungkur budal.
- Tantjep Kajon -
LAKON NA. SADEWO GUGAD
Ngastino, sujodono
bolodewo Druno Karno, Ratu Buto. Sabrang bukane meguyu marang Druno.ketekan
Anoman njuwun negoro Ngastino utusane sadewo ora diparingke. Anoman diseret Bt.
Budal sigeg.
Wisanggeni
Ontoseno, Ontoredjo Gatotkotjo podo ngadep sadewo podo nunggu utusane anoman
teko matur purwowasono. Wisanggeni budal kaireng poro kadang. Kepetuk kurowo
prang, kurowo kalah dibandani dibuang ing alas kabeh sigeg.
Abimanyu
punokawan Rm. Arep sowan ing ngamarto budal
Setrat sadewo Wisanggeni pepak Rm. Supojo sadewo lenggahi
damper ngastino. Anoaman diutue ngaturi poro kadang pandowo. Budal sigeg
Kresno, wis diadep ongkowidjojo
punokawan. Rm; bab sadewo anggone nggagat negoro ngasto, kojo-kojo arep gawe
wurunge prang baratoyuda. Kresno nedyo arep sowan ing ndamuk amun-amun, Kresno
nglinang sukmo ninggal rogo. Semar ugo nedyo arep weruh opo kareoe kresno melu,
nglinang sukmo neburi nanggurine nedyo arep weruh budine kresno budal sigeg.
Sahjangwenang ketekan kresno perlu
takon bab anggone dadi dalang baratoyudo, opo ora bakal wurung, mergo negoro
ngastino wis dipasrahake marang sadewo. Sahjangwenang ndawuh kresno, lan kresno
di dadekno matjan di utus mudun ing artjopodo awit iku kang dadi sarate. Matjan
mudun nedyo soroh amuk ing ngastino. Setrat Ontoseno sak balane ketekan matjan
ngamuk Ontoseno, Ontoredjo, Gatotkodjo kalah, lapor wisanggeni pasang rajah,
matjan bali sigeg. Gareng Petruk podo nunggu ragane Semar lan kresno. Sukmane semar
mandjing banjur urip dawuh marang gareng petruk supojo ragane kresno digowo ing
alul-alun. Budal. Gareng Petruk lagi gowo ragane Kresno. Sigeg
Ngamarto pandowo pepak Rm; bab
sadewo anggone nyuwun negoro nagstino, tekane Anoman matur jen di utus sadewo
ngaturi poro kadang pandowo supojo bojongan ing ngastino awit sadewo wis biso
kasel nggluhguhi negoro ngastino, Seno sarujuk nanging puntodewo ora setuju,
lolos soko pelungguhan nedyo golek dalane pati. Budal. Setrat sahjangwenang
nedyo ketemu punto maleh begawan. Setrat punto kepetuk begawan, puto diutus
njegor dahono-dahono dijeguri punto dadi buto. Nedyo ngamuk kadang pandowo.
Sigeg. Setrat Gareng Petruk podo njogo ragane Kresno, matjan weruh ragane
enggal manjing, Kresno urip ketemu wisanggeni. Sigeg. Setrat Buto Puntodewo
nulungi wong Ngastino kang dibondho dikundjoro diluwasi soroh amuk bolo pandowo
kalah Ontoredjo Gatutkodjo ugo kalah Kresno nimbali woro durupadi di utus
metuki buto. Buto diperangi durupadi badar dadi puntodewo. Kresno dawuh poro kadang
pandowo supojo bali ing negoro ngamarto. Kabeh podo bali kumpul ing ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON ADJI SERAT PING PINDO
Ngalengko, Pr; Dosomuko. Pt. Mbatkolomidjan, Mbatkolopardono. Rm; bab
bodjone Adji serat Brawaskandi dijalok Dw; Bandondari, Pt. diutus budal.
Brawaskandi. Pt; Djojo Sukendro lagi podo Rm. Ketekan utusan songko
ngalengko. Pasulajane rembug dadi prang Brawaskandi asor. Sigeg.
Alas Trijusto. S.G.P.B Rm; arep njajah deso budal
kembang.
Brawaskandi, Adji serat bolo ketekan Mbatkolomidjan lan Mbatkolopardono Pt.
loro dikon bali digawani emping sak tjontong karo wedos teros bali. Budal
sigeg.
Ngalengko, Dosomuko ketekan Pt. loro matur jen ora entuk gawe digawani
emping sak tjontong karo wedus diaturake. Dosomuko nesu Mbatkolomidjan dipateni.
Ono suworo dumeling, jen ono lakon romo aku bakal males aku manjeng ing
wanoroseto. Mbatkolopardono ing anggodo, wedus diketok gulune jen ono ketek
kapimendo aku males emping disebar dadi ketek pirang ewu ngrojok dosomuko
dilimpung ilang ono suworo jen ono satrijo soko prentjo kang judo tjotakrawon
aku males. sigeg.
Brawaskandi adji serat pepak, Adji serat mudjo semedi njuwon supojo
bandondari biso dadi loro, podo sakolo ono bandondari loro. Tekane Dosomuko,
njaluk bandondari, bandon sing palsu diparingno Dosomuko bali ing Ngalengko.
sigeg.
Setrat doso; metu soko
negoro Brawaskandi nedyo arep topo ing telogo dawet. Nunggu tudune Dwi Sri
wahju Tjahjo Guwilang. Tekane wahju ora seneng manggon ing doso nanging
mandjing bandondari ndjor doso dawuh anggone nggarbini bandondoro jen metu
wadon dipek bojo, jen lanag dadi musuhe. Sigeg. Setrat Kumbokarno lan Tribisono djabang baji diusap babar putri,
dikelekno kali dikalungi kupat sinto. Jikmo kartonadi manjing bandondari
bibisono musos mendung biganondo diwor ing bandon pisan teros babar kakung.
Doso teko duko jajah sinipi putrane dijalok digowo ing alun-alun di idak-idak
malah soyo gede mlaju ndjaluk jeneng ing kajangan budal ketemu narodo
dijenenggake Indrajid Narodo bali kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON NUR TJONTONGAN
Kajangan guru lan poro dewo pepak
guru dawuh supojo poro dewo podo topo ing sak ngisore wit dewondaru. Budal
sigeg setrat poro dewo.
Moloekad idjadjil malih matjan sedyo
arep nggodo anggone topo poro dewo, setrat poro dewo podo topo ono suworo anggegirisi,
lan terus di bantjang matjan poro dewo budal sigeg.
Untoro segoro Betoro wisnu Semar
Gareng Petruk bukane nglamun ora karuwan sing dipikir adjar lungo, ing tengah
alas, di begal matjan prang di djemparing maleh molo ekad idjadjil, dawuh supojo
ndjudjug ing sak ngisore kaju dewondaru, budal.
Setrat jomadipati are ping
alang-alang kumitir, arep ndjaluk dadi bagus budal.
Dumuk amun-amun sahjangwenang
kesowanan jomadipati, njuwun dadi bagus nanging ora diparengake terus diutus
nesep tlutuh dewondaru, lan diparingi wadah tjupu tjangkok, budal.
Setrat Wisnu Cs, topo ing sak
ngisore wit dewondaru ketiban Nur Tjontongan didjupuk diaturake ing kajangan
budal.
Kajangan guru dewo pepak Rm. Bab
anggone topo poro dewo, kesaru tekane Betoro Wisnu, ngaturake woh dewondaru
diutus ngengkremake ing kasurjan budal. Guru djengkar nedyo tindak ing
kasurjan, setrat Betoro Surjo kesowan guru gandrung sri awit nur tjontongan wis
mletek dadi Dwi Sri. Guru budal Wisnu teko takon marang Surjo mlaju matur
Betoro Guru dawuh komodjojo supojo njekel wisnu didjegorno geni naroko budal
kepetuk Wisnu, ditjekel nutut di djegorno naroko sigeg.
Tradjutrisno Bgw. Tjantuko lan anake
Pertiwi beko supojo digolekno Wisnu Tjantuko budal nggoleki wisnu ing naroko,
setrat wisnu ketemu Tjantuko didjak didaupno karo putrane budal, daup pertiwi
ngandut, Wisnu bali ing naroko, meling jen babar kakung supojo didjenengake
Bomo Naroko Suro, budal sigeg. Setrat jomadipati nesep
tlutuh dewondaru diwadahi tjupu diutus mbanting babar dadi Buto, dijenengake
wisnu Murti, diutus ngamuk ing kajangan budal soroh amuk poro dewo kalah, guru
ngutus djupuk wisnu supojo njekel Wisnu Murti jen biso sri dipasrahno wisnu
murti prang mandjing sak djiwo ditambah Betoro Wisnu Murti Dwi Sri dipasrahno.
-
Tantjep Kajon -
LAKON
WATU GUNUNG
Pertapan Surandil R.
Djojo waseso putro Bismowiso lan Wiso Bismo patih bolo, Bukane njuwun daup
widadari suprobo lan wilutomo ing kajangan budal.
Kajangan
komplit ketekan utusan soko artjopodo njuwun widodari dadi prang poro dewo
kalah sigeg.
Medang kamolan Wisnu lan kang putro Srigati S.G.P. arep
tilik tandurane budal.
Pertapan selorengko tepi Sinto lan
sandep, bukane arep-arep putrane Betoro Tumendil, kesaru tekane djoko Tumendil
njuwun dahar sego during mateng weruh karon, terus dipuluki, ibune nesu botjah
ditutuk entong klenger, minggat tekan ndalan weruh ono pertapan nedyo arep
suwito sigeg.
Pertapan Handolo Hargo Bgw. Sidik
amanat tjantrik, ketekan djoko Tumendil sedyo arep suwito, diutus topo ing
sendang Andolo Hargo topo nungsang budal sigeg.
Setrat kajangan Guru
Narodo pepak, guru dawuh supojo mbungkarno anggone topo djoko Tumendil, awit
gawe rekasane poro dewo-dewo budal.
Setrat
djoko Tumendil topo ketekan poro dewo di grudug watu mekso ora biso badar, dewo
bali, matur ora biso mbadarake, kesara tekane tekane Bimo weso, Wiso Bimo
ndjaluk widodari, diparingake jen biso mbungkarake anggone topo djoko tumendil,
botjah loro budal kepetuk djoko tumendil dilorot, prang botjah loro
disempal-sempal mati sigeg.
Pertapan tlogo madjeti Bgw. Tjandolo, tjantrik. Gandrung
Dw. Sinto lan landep, ing gawoselorengko budal. Setrat sinto lan landep ketekan
Bgw. Tjandolo nggandrung sinto lan landep ora gelem mlaju kesasar tekan giling
wesi sigeg.
Negoro Gilingwesi,
adji serat takis awal patih bolo. Ketekan sinto lan landep ndjaluk tulung,
ketekan Bgw. Tjandolo pasulajan
dadi prang Adji serat kalah utusan patih golek djago budal. Ing
dalan kepetuk djoko Tumendil di djaluki tulung, gelem nulung jen diparingi
ler-leran sego sak pal pesagi disanggupi budal madju prang. Btr. Tumendil dibuwang tibo ing seganan leren mangan
kuwaregen, gumlundung madju prang maneh Bgw. Tjandolo kalah. Setrat Adji serat
killing arep weruh anggone tanding Btr, Tumendil, pasang gendero penantang lan
sangsong pajangagung, Btr. Tumendil kesamaran Adji serat dilorot dipateni Btr.
Tumendil mlebu kraton salinbusono ganti wajang Dosomuko, ketemu Sinto lan
landep terus pek bodjo, tumetep dadi ratu, djejuluk Pr. Watugunung, bandjar
podo mandjing ing kaputren, Watugunung ndjaluk petan sinto lan landep weruh jen
sirahe getek. Pr. Watugunung ndjejarahno opo anane. Sinto
lan landep kelingan jen putrane ndjur podo nangis sak djrone batin, sinto
landep wis garbini, sak kolo mbabarake putro 27 idji ganepe 30 romo ibune 9
dadi tetepe sasi 30 dino, jen 29 dini djupuk sri widajat sigeg.
Setrat guru dewo pepak guru nimbali batoro wisnu diutus
mateni Pr. Watugunung kepetuk wisnu prang wisnu kalah nglanang sukmo. Pr.
Watugunung ditakoni bodjo neng nganti digdojo iku opo sing marahi, watugunung
kondo jen biso njempal baune kiwotengen iku pengapesane, Wisnu bali nusup prang
maneh Pr. Watugunung disempal baune mati. Kajangan
- Tantjep Kajon -
LAKON AMONG TANI
Sendanggumuling sangjang manon bowo sangjang sidik Pt.
kolomuko Rm. Podo dijo dinijo ditari rabi ora gelem. Srimmanon bowo gelem rabi
jen entok panunggule widodari. Dewi sri, patih diutus budal ing kajangan ketemu
poro dewo.
Poro dewo pepak ketekan Pt: kolomuko
gg: Pt. kalah.
Medang kamolan Wisnu S.G.P Rm. Arep
tetanen ing kamolan.
Lumbung loro denok Dw: Sri. Sri
medang, Sri sedono. Dw: sri ngutus adi-adine ngirim Btr: Wisnu digawani kendi
pretolo ing medang kamolan budal.
Setrat sri sidik arep munggah
kajangan, weruh ono putri loro ditakoni matur jen sri medang lan sri sadono
sidik ora sido munggah kajangan seneng karo putri loro mau, ananging ora gelem,
prang sidik diantemi kendi pratolo petjah dadi wit djambu dresono, diburu sri
medang ilang dadi wit aren. Sri sidik genti mburu sri sedono ilang dadi
djagung, gandeng wis podo ilang bandjur nerusake ing kajangan sigeg.
Kajang Narodo mimb Sri upas dewo
odjo nganti podo ngreti budal sigeg.
Guru ndawuhi Sri upas supojo ngrusak
tandurane Btr. Wisnu ing medang kamolan budal tekane sri mamanon bowo lan sri
sidik djaluk rabi widodari Dw. Sri diutus marani dewe ing lumbung loro denok
budal.
Lumbung loro denok Dw. Sri arep-arep
apdine loro kesaru tekane manonbowo lan sidik, arep dipek bodjo Dw: Sri ora
gelem prang Dw: Sri kalah mlaju duburu sigeg.
Guwo malojo Nogososro rerasan
anggone topo kuwi wis lawas banget awit kepengin weruh Dw: Sri lan seneng duwe
bodjo sri dewi, kotjapo Dw: Sri plajune kesasar tekan kono, bareng ditakoni
kondo jen dewi Sri, bandjor arep dipek bodjo, Dw: Sri etok gelem, dikon madep
ngetan ngulon Dw: sri mlaju sigeg. Srat Sri upas arep ngrusak tandurane Btr.
Wisnu trus tjintjing sanaliko ono udan angina, nganakno bambang sundep mentek
lan lijo-lijane sigeg. Semar sak anake tilik tandurane podo rusak bali matur
Wisnu.
Btr Wisnu lagi lungguh kesaru tekane
S.G.P.B. matur jen tandurane dirusak Bambang sundep terus wisnu matek adji
sapdo tunggal sak naliko ono satrijo di djenengake Djoko penawaran, diutus
niliki tandurane budal kepetuk Sri upas, Sri upas arep dipek bodjo ora gelem
dadi prang gumbel di saud mendung ngetan karo ngulon, Djoko penawaran dadi
lintang djokotowo lan lintang dongol. Sigeg.
Setrat Dw: Sri ketemu S.G.P. dawuh
diutus ngaturi wisnu supojo dikirim sego liwed djangan menir sambel kepeng.
Semar budal, ketemu wisnu semar matur purwowasono, wisnu terus nggowo sego
liwed djangan menir sambel kepeng ing gubug budal, ketemu Dw. Sri ditakoni,
nganti nusul awit diburu manonbowo lan sidik lan nogososro, ora suwe tekane
bowo lan sidik prang karo wisnu dipanah bowo dadi waloh sidik dadi pari alas,
ketekan nogososro ugo djaluk Dw: Sri prang didjemparing wisnu dadi ulo
tjilik-tjilik tajung kumpul ing medang kamolan.
- Tantjep Kajon -
LAKON ADJI SERAT PING TELU
Ngalengko dosomuko tribisono bolo bukane takon marang
togog pandjing surupe Dw: Sri kaping telu ono ngendi, togog matur jen ono tanah
sabrang negoro srawonggo Dw: Setijowati garwane garwane adji sera ting
brawaskandi. Doso terus utusan kologemuko lan gemukolo budal.
Laladan brawaskandi djojoprawiro,
prawiro sentiko djambu mangkli tjeblok djambuwono ketekan utusan dosomuko, arep
ketemu ratu gustine ora diparengake mlebu prang ngalengko kalah kolo gemuko
gemuko kolo dibondo nedyo diaturake gustine budal.
Brawaskandi adji serat S.G.P lan Pt.
kolo pardono Pt. Batkolomidjan ketungko sowane djambu mangkli ngaturake bandane
kologemuko gemukokolo utusane dosomuko. Buto loro diutus bali digawani emping
sak tjontong karo wedus dombo budal.
Ngalengko dosomuko Pt. Prahasto
tribisono ketungko sowan kologemuko gemukolo nggowo emping sak tjontong karo
wedus dombo, buto loro ngalem adji serat, doso nesu buto loro dilimpung pedod
gulune, ono sworo jen ono lakon romo aku males emping disebar dadi ketek
pirang-pirang ewu ngrojok Pr. Dosomuko dosomuko matek adji mandang sworo ketek
ilang, wedus dilimpung mati ono sworo jen ono ketek kapi mendo males doso:
nedyo nglurug ing brawaskandi budal sigeg,
Brawaskandi adji serat lan garwo
setijowati semar, gareng, petruk adji serat njuwun pamit arep topo mekas kang
garwo jen ono gondo pedes wangi iku aku adji serat budal sigeg. Setrat dosomuko
maleh dadi adji serat nedyo arep mlebu ing kaputren brawas budal setrat taman
brawaskandi setijowati emban ketekan adji serat palsu, gandrung setijowati
gandeng setijowati kelingan wekase kang garwo, molo jo ora gelem jen kuwat
nampani kerise gelem ngladeni, disaduk keris maleh doso: setijowati mlaju,
kepetuk pt. kolopardono matur jen ono maling kolopardono budal pardono matek
adji panjerotan doso: keserat, doso etok-etok teluk dikon ngetokno bareng
ditokno kolopardono dilimpung mati njuworo jen ono ketek anoman males.
Setijowati mlaju kepetuk batkolomidjan didawuhi njekel maling, ketemu doso
batkolomidjan dilimpung mati jen ono sugriwo males. Setijowati mlaju kepetuk
djambumangkli djambuwono prang dilimpung mati sigeg. Setijowati nedyo arep
nusul anggone topo kang garwo budal sigeg. Setrat adji serat topo ditunggoni
punokawan telu ketekan setijowati semar diutus nggugah gustine digugah katjabut
wulu tjumbane tangi ketemu garwane diaturi jen ono maling ngrusak negoro
brawaskandi, lan poro prajuritte wis podo mati. Adji serat budal.
Setrat brawaskandi dosomuko togog
ketekan adji serat pasulajan prang adji serat kalah pasang djunkas djolorante
doso keno djolorante dilebokno tong kadjegorno sagoro. Doso entok-entok teluk
dilawari dijak mlaku-mlaku klimpe adji serat di dupak, dadi prang rame
surolojo gondjing sigeg. Kajangan guru
dawuh narodo supojo mudun misah anggone pontjokoro prabu dosomuko lan adji
serat lan odjo nganti dosomuko dipateni, lan adji serat diutus njowanake ing
kajangan kanggo sulam dewo narodo budal. Doso prang adji serat dipisah digowo
ing kajangan doso diutus bali, setyowati martjo, nanging mbesuk jen ing negoro
manduro ono putri subodro jo iku pandjilmane setyowati. Nagoro brawaskandi
suwung, mbesuk jen wis ono pandowo lagi katon jo kuwi dadi nagoro ngamarto
kumpul ing ngalengko.
- Tantjep Kajon -
LAKON SRI PENGUKUH MBOJONGE BALE PRAPATAN
Ngatasangin kolo barat medjo putro
bambang asmorontoko patih bolo. Rm; arep mbojong sri pengukuh ing kajang manik
dumilah budal.
Kajangan poro dewo pepak bukane arep
mbojong kaju kastu bolojo budal kepetuk pradjurit sabrang prang dewo kalah
sigeg.
Wisnu putro bamban srigati punokawan
wisnu dawuh kang putro supojo mbojong sri pengukuh di dekek ing medang kamolan,
srigati budal kembang.
Kajangan hargo dumilah dw. Sri
pengukuh kesowanan srigati matur jen arep mbojong sri pengukuh dawuh gelem
dibojong ing medang kamolan jen biso nggawekno bale prapatan, srigati sanggup
budal.
Pulo madjeti djim mukadar lan djim
mukadir djogo kaju kastubomuljo sopo sing arep ndjupuk ora diparengake. Kesaru
tekane srigati kaju kastubo disuwun ora diparengake, prang djim loro kalah kaju
di pasrahno lan diterno dewe ing medangkamolan budal.
Setrat atasangin barat mego bambang
asmorontoko kesaru tekane pt. matur jen sri wis dibojong srigati ing
medangkamolan bam; asmorontoko budal pribadi sigeg.
S; Medangkamolan btr; wisnu
kesowanan kang putro ngaturake sri lan ono djim loro, matur purwo wasono. Djim
loro di dawuhi nggawe bale prapatan, lan djim loro di adwuh ndjogo sri ing
sadjore bale prapatan budal, sigeg setrat djim loro, podo djogo bale isi sri
pengukuh. Ketekan bam asmorontoko, sri di suwun ora di parengake dadi prang
suwe-suwe djim loro kalah maleh dadi lawang lan gebjog asmorontoko mekso ora
biso ndjupuk awit kadangan gebjog bam; asmorontoko maleh dadi bubukbang, djim
loro dipasotno dadi gebjog selawase, djim loro podo nangis ketekan btr; wisnu
ditakoni matur purwo wasono, genti wisnu masotno bam; asmorontoko ora biso dadi
manungso maneh tetep dadi bubuk-bubuk asmorontoko bali nedyo matur lan romo
budal.
Ngloko bawono bgw; djogorekso lan
kang putro bam; kissowo bakane kang putro beko njuwun supojo didaupno karo sri
pengukuh, kang romo ora sanggup lan dudu djodone djempol drijine ramane digubel
ramane ngandiko ora ndjarag dianggep kojo ulo sanaliko dadi ulo, kang romo
dawuh diutus nggoleki pretapan medangkamolan di djenengake ulo sowo budal
sigeg. Setrat angina barat mego bolo, kasaru tekane bm; asmorontoko wudjut
bubukbang matur purwo wasono kang romoduko jajah sinipi nedyo nglurug ing
medangkamolan budal di iring poro wadyo balane numpak barad gede budal, nedyo
ngrusak tandurane wisnu sigeg. Setrat srigati lan punokawan weruh tandurane
dirusak barat lan kekajon gede podo rongkat, semar dawuh supojo njuwun tulung
nini tunggak lan kaki tunggak ndengagak lesus ilang ono wudjude buto, soroh
amuk prang njuwun sri pengukuh, wisnu kalah, kesaru tekane ulo sowo ndjaluk
panggonan diwenehi jen biso njirnakno buto kang soroh amuk disanggupi budal.
Deksoko prang lan bolo baratmego kabeh podo asor baratmego mati. Ulo ndjaluk
panggonan didawuh supojo manggon sak ngisore bale lumbung panggonane sri
pengukuh budal kumpul ing medangkamolan.
- Tantjep Kajon -
LAKON ROMO GANDRUNG
Ngalengko pra; dosomuko pepak bukane
arep nglangkan ing sanjo pring budal numpak wilmono, ing sonjopringgo tapel
wates ngalengko doso; weruh ono ketek topo nggandul kojojo kalong mudun sigeg.
Ngastino jo sonjo pringgo. Subali
noto topo ngalong anggagas kang raji anggone ketjepit wit kamal naliko lakon
patine lembu suro lan maeso suro nganti seprene sugriwo during biso uwal soko
wit kamal kesaru tekane dosomuko, bage binage dadi prang doso kalah goro-goro
di duni narodo doso supojo meguru marang subali, doso njembah subali kondur
doso; nerusake lakune.
Madyo poro legowo lan kang raji
murdoko sak punokawan kesowanan sang noto soko mantilidirdjo pr; basuroto
bukane arep mintang srojo sing sopo biso manah talpitu botol bareng bakal
didaupake putrane dw. Sinto, satrijo loro podo sanggup budal sang prabu disik.
Setrat murdoko lan punokawan ing dalan kepetuk ulo, prang ulo disuwek dadi
djemparing sosro dewo di aturake kang roko legowo bandjar podo budal sigeg.
Setrat ing taman mantili ono wudjude tal djejer pitu di panah legowo ora biso
batal murdoko weruh jen tal mau ono lambarane ulo-ulo disuwek dadi djemparing
di djengke guwo widjojo-widjojo di anggo manah tal pitu ilang wudjude tal ono
gendogo kentjono isi dw; sinto bandjur di aturake kang roko di aturake ing
mantili dirdjo budal.
Mantili dirdjo pr; basuroto sinto
amenge manuk djentaju ketekan legowo lan murdoko lan poro punokawan legowo di
daupno sinto legowo sak kadang garwo njuwun pamit bali ing madyopuro kaparingan
kreto budal sang prabu dawuh ngutus ameng ugo djentaju ngawat await lakune
gustine budal. Setrat legowo sak balane tekan madyane alas sinto kroso gerah
ujong, podo mudun soko kreto, nganjak golek banjo garwane, weruh ono telogo
banjune butek lan bening, sing bening iku padusane ketek, sing butek padusane
widodari. Murdoko ngaturi waningo kang roko jen siram kudu sing banju butek
kang roko ora nggugu sigro loro-lorone rasak busono nggebyur ing banju bening
sanaliko dadi ketek sigro munggah ing kaju kurdo arep tjarembono ngamek godong
ploso komokorut semar sigro ngamek godong kaju kadap kanggo ngadahi komane legowo
di bitingi anting-antinge dw; sinto, dibuang ing tlogo madirdo pasutapane
handjani. Ketek loro podo mudun njuwun apuro murdoko ndjur dikon adus ing banju
butek ados dadi manuso maneh ndjur bali ing kreto maneh sigeg.
Setrat dosomuko ing awing-awang weruh
ono penganten arso di tjidro doso; maleh dadi kidang kentjono, sinto weruh
beko, njuwun supojo di tjelake kidang legowo lan punokawan podo mburu kidang
murdokokari. Sinto ndakwo jen murdoko duwe seneng karo dekne murdoko njuwun
pamit kreto disiker budal, kidang maleh kaki-kaki adol kembang tjedak marang
sinto, towo kembang bareng sinto medun soko kreto kaki-kaki maleh doso; sinto
disaut dirgantoro bablas setrat djentaju ora samar penangise sinto, djur
karebut, djentaju kalimpung keno swiwine djentaju modjar jen ono lakon romo
tanding aku males karo kowe ragane tibo ono ing kali modjar maneh njowo-njowo
odjo petjat-petjat jen durung ketemu ratu gustiku setjo legowo sigeg.
Setrat legowo lan murdoko punokawan
podo ngelak golak banju kanggo nggunjuk nurut kali ono sete diturut wasono
djentaju ndjrebabah isih njuworo matur ingkang gusti, sinti katjidro pr; doso
ratu ngaleng terus mati. Romo banget anggone gandrung-gandrung sigeg.
Setrat ono satrijo aran romo
bargowo, arep ndjalok bojone legowo budal, ing dalan kepetuk legowo ditakoni
nedyo arep djaluk sinto, dadi prang bargowo mandjing sak jiwo teros ditambah
jeneng romo bargowo. Nanging tansah enget ingkang garwo, podo leren ngaso
ingisore wit kamal di pidjeti murdoko, kotjapo ketiban lohe sugriwo kang ketjepit
ing wit kamal, romo legowo kaged ndakwo kang raji jen duwe roso seneng ipene,
lesmono sumpah topo wadat planangane diketok, romo dikon ndengak ono ketek
ketjepit ing wit kamal sambat-sambat sing biso nulung dikawulani selawase terus
dipanah tibo, sugriwo ditakoni Pr; doso ratu ngaleng iku sopo sugriwo
nerang-nerangake. Sugriwo mbebano njuwun tulung supojo biso mateni musuhe kang
aran subali jen biso bakal rewang golek prodjo ngalengko. Romo sangguh prang
romo kalah, sugriwo diutus madju, gandeng rupane podo sugriwo diutus nganggo
kalong djanurka, ning prang gumbel romo mentang djemparing guwowijojo
dilepasake keno subali, romo ditakoni subali opo salahe romo ora biso djawab,
lan romo rumongso luput subali ndjaluk idjol swargane romo romo masrahno, romo
trimo ora duweni swargo-swargo dipasrahake diutus ndjudjug ing sanggar
waringin. Subali budal sigeg. Romo lesmono podo babat alas pontjo wait, bareng
rampung ono wedus ngamuk, wedus dipudjo dadi ketek, didjengno kapimendo. Negoro
didjengno negoro Pontjowati hijo negoro Ngajugjopolo podo kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON HARDJUNO SOSRO BAU
Ngalengko Pr; doso, Pt; Prahasto,
Tribisono, Kumbokarno, Sarpokenoko, pamane djalmo mantra, Rm; bab dewi
tjitrowati tundjungpuro, gelem kapundud garwo jen biso nekani sirah adjar sewu
tjatahe getih sak tong. Doso; mimbali kologemuko gemukokolo kinen ngupojo sirah
adjar satus lan getih sak tong budal.
Pertapan antang sekar ending srinadi
lan bam kartonadi poro tjantrik, ketekan gemukokolo lan kologemuko bukane golek
tukon sirah adjar, dadi prang akeh adjar kang podo mati di ketoki gulune.
Srimandi lan raji kartonadi angger kang roko dilamar kang raji ora pareng jen
ora biso ngasorake deweke kang roko kalebokno kantjing gelung sigroma pagak
kologemuko lan gemukokolo prang buto loro asor diburu mlebu alas sigeg.
Mas ardjuno widjojo lan punokawan
gandrung gambar olehe nemu budal, ing alas ketemu buto loro podo djaluk tulung
awit diburu mungsuhe, ardjuno widjojo gelem nulung jen di tuduhno gambar sing
tak asto iki gemukokolo, nuduhake, jen wujude gambar iku putri tundjung puro
dw; tjitrowati ingkang bade kalamar Pr. Dosomuko bandjur kolo gemuko diparingi
tjatji sak timange sidji ora tekane kartonadi takon burone ardjuno, ora ngakoni
dadi prang podo sudibjane kartonadi gawe udan geni ardjuno gawe udan banjo lan
lijo-lijone. Bondan wangi ardjuno namakno pusoko djolorante kartonadi
sambat-sambat teluk karo ardjuno widjojo sarto mbakyune di pasrahake pisan lan
terus dingengeri ardjuno gelem nompo suwitane jen biso mbojongake taman sriwedari
tekan maespati disanggupi budal nedyo njuwun tulung kadang sukosrono.
Setrat sukosrono nedyo golek
pangenggeran kesaru rekane bam kartonadi dawuh jen wis entuk pengengeran.
Sukosrono matur jen arep nderek biso ditompo jen biso mbojong taman maerokotjo
tekan maespati. Sukosrono sanggup jen entuk melu ngengerdi sanggupi kartonadi.
Sukosrono budal nedyo mbojong taman sriwedari, sukosrono wis klakon biso
mbojong taman maerokotjo arep nderek suwito ora diparengake mekso melu diadjar
dadi lan patine ono sworo mbesuk aku males karo kowe, aku kang bakal mandjing
ing dosomuko. Kartonadi nerusake lakone sowan Hardjonowidjojo diadjak ndjudjug
ing taman maerokotjo kadangan tembok biso ditjendekno kartonadi sigeg.
Taman tundjung puro Dw; Tjitrowati
emban podo mudjoredjo redjunowidjojo digandrung ora suwe tekane redjunowidjojo
retjo dibuwang gati retjane dewekne kartonadi dadi komabng terate semar dadi
bulus gareng dadi tekek petruk dadi wot tekane tjitrowati kaged ono kakanan
mangkono iku suwe-suwe dadi manungso bage binage, bandjur ajak sowan ing arsane
kang romo budal.
Tundjungpuro Pr; tjitrodarmo
kesowanan kang putro sakantjane bagen binagen bandjur tjitrowati di daupake
karo redjunowidjojo sawise daup njuwun pamit bali ing maespati diparengake
budal numpak ameng-ameng manuk brinoto.
Setrat poro pradjurit ngalengko podo
djogo weruh ono nganteng ing awang-awang manuk brinoto liwat nembelek metu
gadjah pirang-pirang atus nibani pradjurit ngalengko akeh sing podo mati. Togog
lapar dosomuko budal. Setrat dosomuko tribisono ketekan kologemuko gemukokolo
nggunggun redjonowidjojo dilimpung pedodo gulune mati njuworo jen ono lakon
adji serat aku amles sigeg. Tekane togog matur jen paseban ngalengko rubuh
pradjurit podo mati. Doso nimbali kolomaritjo kadange wilmukoko utus njatakake
budal ing awang-awang weruh ono nganten numpak manuk silem awor mego arep
didjemparing kedisikan djemparing kartonadi keno gulune kolomaritjo kewer-kewer
muni ojo mati-mati jen during tutuk arsane ratu gustiku njowo sigeg.
Ngalengko doso pepak ora kojo tibane
kolomaritjo pedod gulune kewer-kewer kaget Pr; Doso ditakoni matur jen ono ratu
saking negeri Brawas…Pr; Redjuno W…terus mati.
- Tantjep Kajon -
LAKON REDJUNO WIDJOJO PATINE SUWONDO
Pr; Doso, Pt; Presto, Kumbokarno,
Tribisono, Rm; arep ngurus patine kolo maritjo, nimbali pamane djalmomantri
nerangno jen negoro brawas iku negoro brawaskandi kang djumeneng noto djejuluk
Redjunowidjojo, jo sosrobau ndjur diutus njatakno budal.
Maespati Pr; Sosrobau Pt; suwondo
bolo Rm; anggone supeno ketekan pradjurit ngalengko prang ngalengko kalah sigeg
bali.
Semar sakanake arep sowan ing
ngarsane Redjunowidjojo budal sigeg.
Ngalengko doso; nimbali Pt; Prahasto
diutus nglurug ing maespati budal, setrat Pt; suwondo ketemu Pt; Prahasto
pasulajan rembug dadi prang prahasto kalah sigeg.
Taman Maespati Redjunowidjojo garwo
Tjitrowati punokawan garwo njidan kepingin weruh iwak betik mangan manggar
redjuno nimbali pt; suwondo dipasrahi djogo negoro redjuno pamit lungo topo
ngrambang sigeg budal.
Ngalengko Pr; Rahwono sak dulure
ngenti Pt; Prahasto tekane prahasto matur jen kasoran doso budal pribadi
nimbali ameng amenge wilmono budal ing gagono weruh Pt; Suwondo prang Rahwono
meh kasoran sigeg. Setrat Redjunowidjojo topo ngrambang banjune amber, ngelepi
negoro ngalengko, awit dadi buto wisnumurti, sukmo tilik ing taman maespati
budal, ora koyo perange Rahwono lan Suwondo, Pt; Suwondo sumbar-sumbar jen deke
kuwi ratu maespati. Sukmo Redjuno krungu suwondo dipasotake mugo-mugo disuwek
lesanmu sigeg. Pt; Suwondo nerusno prange Rahwono kasoring judo, matek adji
mandang sworo, lor kidul wetan kulon ono Rahwono suwondo gugup eling-eling
sukmo sukosrono mandjing rahwono, suwondo ketjekel disuwek lesane mati, ono
sworo mbesuk jen nduwe anak lanang kowe ngambang plangaku rahwono nerusake
bakal ngajunake Dw; Tjitrowati budal.
Taman maespati dw; tjitrowati embank
lagi rerasan kang garwo, ketekan rahwono Tjitrowati arep dipundut garwo ora
gelem mlaju nusul ing pasutapane kang garwo ing bengawan siluganggo. Setrat
bengawan kolowisnu marti disusul garwane diburu rahwono prang wisnu murti
lukar, dadi redjunowidjojo disaud narodo digendong diutus sumbar entenono jen
ono lakon adji serat brawaskandi jo iku aku sigeg. Sewu negoro nglurug ing
ngalengko prang sewu negoro kalah.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE HARDJUNO
Prodjo ngastino, Pr; Pandu, Rs;
Bismo Jomowiduro, Rm; anggone wawrat Dw; kunti wis meh babaran. Pandu dawuh
jomowiduro, ngaturi abijoso supojo rawuh ing ngastino ora suwe ketekan rawuhe
basudewo, prelu tilik keslametane pandu pandu, lan matur nuwun pandu nulangi
kari betane prodjo manduro. Sarampunge nuli podo kundur ngedaton jomo: budal
sigeg.
Srawanti puro Anggastino, Pr;
Hardowaliko, Emban Jaksorini, Pt; Jaksosuro, Rm; arep nagih pati ing ngastino,
awit ijange Pr; Gadjaksosuro, dipateni Pr; Dipokisworo , polosoro, embank
Jaksorini ngaturi prikso kudu di tliti luwih disik bener kang dumunung ing
ngastino iku bener turune polosoro, opo ora, mulo sang Pr; dawuh poro wodyo
balane mbudalake sigeg. Ing margo kepetuk pradjurit ngastino dadi prang sigeg.
Bumi Rahtawu abijoso kasowanan
jomowiduro, ponokawan, prelu ngaturi Bgw; Abijoso supojo rawuh ing ngastino
nunggu balane djabang baji jomo, diutus budal disik.
Madeg kajangan salendro bawono guru
diadep poro dewo narodo, bromo, pepak, Rm; goro-goro narodo matur jen iki
prebawane bakal tumurune sari-sarine Btr; Wisnu, kang bakal nitis putro
panengahe pandu lan sutapane Dw; Sri anggone kaontjatan garwane. Guru dawuh
nimbali Dw; Sri kadawuhan nitis ing artjopodo, supojo timbang panitise karo
kang roko. Sri ugo kaperang dadi loro, panitise, upomo kembang sarine. Kembange
nitiso putrane djembawan, sarine nitis putrane basudewo, patutan Dw; bodroini Dw; Sri nuli kapudjo dadi djambu
dresonoko swargan disigar dadi loro, narodo lan indro diutus nggowo mudun, ing
ngartjopodo, supojo diparingno tridjoto lan bodroini narodo indro budal.
Gunung tunon, gondo madono
djembawan, lan tridjoto, Rm; anggone djedjodohan during diparingi momongan ora
suwe rawuhe narodo indro maringi sigaran djambu kadahar sakolo bobod tridjoto
banget bungahe dewo loro budal. Setrat prodjo ngastino.
Pandudwo kahadep Basudewo, Rs; Bismo
Kunti, prelu nunggu anggone bobod kunti wis kroso mbateg ora suwe ketekan
abijoso lan jomowiduro. Abijoso semedi kerawuhan narodo lan indro. Kunti
kasundang abijoso djabang baji babar mijos kakung, sumorot tjahjane luwih bagus
abijoso paring asmo pamande, Rd; premadi: tegese penengah. Pandu paring asmo
Parto, jo Pandu tanojo, kumbal wali, Rd; Djanoko, narodo paring nomo Margono,
baji dipundut putro Btr; Indro kanamakno Indro Tanojo, Hardjuno, Rd; Widjojo
sarto kaparing adji pameling katijasane biso nekakno poro dewo kotjap Pr;
Basudewo banget kasengsem ningali baguse djabang baji kawetjo marang pandu. Sak
pungkure Pr; Dosomuko baji babar putri baji dikalungi kupat sinto diwadahi
gendogo kentjono tribisono njipto mendung jikmane suwondo bijen diawe tibo
mandjing dadi baji lanang di djenengake Bigonondo jo Megonondo, tekane Pr;
dosomuko duko jajah sinipi baji diadjar malah sojo gede sigeg.
Kajangan kaendran Btr; Endro putro
Endrowati mbabar mijos kakung di djenengno
Indrajit awit wekase Pr; Doso didus, gede tako ramane dituduhno Pr:
Doso, Rt: Ngalengko budal. Setrat Doso lagi prang karo Megonondo ketekan
Indrajit, golek ramane Pr: Doso, Doso gelem ngakoni jen biso mateni megonondo
sanggup prang megonondo mandjing sak djiwo baro Indrajit, Doso lagi gelem
ndaku.
- Tantjep Kajon -
LAKON RAHWONO KROMO
Ngalengko Pr: Rahwono, Pt: Prahasto,
Kumbokarno, Tribisono, Rm: arep sowan ing kajangan njuwun rabi Btr: guru budal.
Prepat kepanasan, poro dewo pepak
ketekan dosomuko sak balane pasulane rembug dadi prang dewo kalah sigeg.
Kajangan guru lan garwane Bandondari
Narodo kesaru tekane Rahwono njuwun daup ibune Bandondari-bandondari banget
sungkowo, mlebu ing taman mudjo pretjil dadi Bandondari kembar, bandjur
bandondari pudjan digawakno bali ing ngalengko. Setrat Dw: Sri arep nggoleki
Btr: Wisnu budal, ing dalan kepetuk Rahwono arep dipek bodjo ora gelem, diburu
ing kajangan.
Kajangan kaendran Btr: Endro lan
putro Endrowati, lagi podo gunem Dw: Sri teko njurup ing Endrowati ketekan
Rahwono djaluk Endrowati mbobod Doso mekas jen babar lanang djenengno Indrajit.
Doso budal nerusno buru sri budal. Setrat Dw: Sri ditutno Doso, nggebjur segoro
ditututi sigeg.
Telenge samudro Bgw: Rekoto tomo
putro piting poto suro Rekoto suro lan dewi Rekotowati sri nusup ing
Rekotowati, Doso teko Rekotowati di djaluk prang kabeh kalah diparingake,
Rekotowati di tjarem, sri kabar meteng Doso mekas jen babar lanang djenengno
Gonggosuro. Doso mburu sri maneh setrat sajang Baruni sri weruh nusup. Doso
weruh iwak kepingin soko endahe sisik komokorut di untal iwak meteng sri
ontjot, mbesuk nglairno Gonggominangsuro Doso terus mburu sri sigeg.
Krendontolo Muluntani lan putro
ponakane Pramuwati disurupi Dw: Sri ketekan Doso Pramuwati di suwun, prang
muluntari kalah, putrane diwulungno, garbini jen babar kakung djenengno Bantolo
manjam sri mlaju diburu Doso munggah ing duwur gunung.
Gunung Wodjo Endang loro upas lan
raji kembar sumo lawawan lan sumolani tekane Doso, mbajune di djaluk prang
sumolono, sumolani kalah mbakjune dipasrahake ending loro upas di tjorem, Doso
mati nanging urip loro upas meteng, jen babar lanang djenengno Bukbis, sri
mlaju Doso mburu sigeg. Sri bingung penggalihe bandjur mlaju ing ngalengko,
mandjing garwane Doso. Rahwono bali ing ngalengko arso tjarem kang garwo, Sri
wis tetep ing Bandondari wis nggarbini. Doso: nimbali raji Tribisono arep topo
ing sonjo pringgo, mekas Tribisono jen mbakjumu mbabarno, jen metu lanang dadi
musuhe jen babar wadon dadi bodjoku Dosomuko budal. Menowo duwe putro putri
supojo dipundut mantu, Narodo krungu gumuju latah lan paring dawuh marang
Basudewo jen djabang baji pantjen wis pasti dadi djodone putramu kang lagi arep
lair. Narodo nuli maringake sigaran djambu marang Basudewo supojo kadahar
marang Bodroini iku pinongko lantaran kasembadane sedyo, Dewo loro nuli
makajangan. Basudewo ugo njuwun pamit bali budal.
Setrat Srawantipuro, Pr:
Hardowaliko, ketekan Pt: Jaksosuro, matur jen sing ndedegi prodjo Ngastino
bener turune polosoro. Hardowati ngetapake poro wodyo balane, nglurug ing
ngastino budal sigeg.
Setrat Ngastino, Pandu Abijoso,
Bismo. Nunggu Kunti mangku djabang baji, baji didus baju gege, dadi gede,
kesaru sowane Pt: Djojo prajikno, atur waningo, jen kadjogan musuh soko
Srawantipuro, bandjur poro pradjurit dibudalake ing pabaratan, mapakgake musuh,
prang rame, wekasan Hardowaliko mati soko astane Hardjuno, ninggal wekas jen
prang Baratajudo males Pt: Jaksosuro mati soko tangane Seno, kabeh podo mati
tajungan, Pandu Abijoso, garwo putro kumpul ing Ngastino.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE ANOMAN
Prodjo Garu selo, Pr: Marusuto, Pt:
Wikanto, Rm: arep mbedah ing kajangan suro lojo budal sigeg.
Mrepatpasan dewo pepak tekane utusan
Marusuto Pt: Garuselo arep munggah kajangan prang Garu selo kalah bali.
Tengah alas, raden Lesmono punokawan
bukane topo wadad arep sak paran paran budal kembang.
Setrat Pr: Marusuto arep-arep
utusane suwe ora ono bali tekane Pt: Garuselo matur jen di undurake poro dewo
sang prabu budal nedyo nggebag kajangan sigeg. Setrat poro dewo tekane prabu
Marusuto soroh amuk poro dewo kalah.
Tlogo madirdo Andjani topo oleh
dahar jen ono tibo ing ngarepe, naliko ono tumtuman wis didahar wis sangangsasi
sepuluh dino mbabarno Wanoroseto di djenengno Maruti di dus banju gege dadi
gede, saben esuk takon sarapane ing wantji srengenge mletek bambang maruti
takon sarapan kang ibu nuduhno jen ono abang-abang metengteng kojo lateng iku
sarapanmu, ono srengenge ditubruk, kegiles rodo srengenge. Handjani ora
nrimakno dene putrane kegiles rodo srengenge prang marang Btr: surjo, podo
ndjaluk pengadilan Btr: Guru ing kajangan surolojo budal sigeg.
Kajangan guru lan Narodo lagi podo
lungguh kesaru tekane Andjani lan Surjo Andjani ora narimakno dene putrone
digiles rodo srengenge. Narodo nggoleki balunge, dibubur ing kawah tjondromuko,
wis dadi maneh Andjani njuwun supojo di uripake kojo wingi wuni, Narodo ndjupuk
sukmane suwondogeni di surupno podo sakolo urip. Andjani isih njuwun supojo
putrane patine bareng djagad, di djenengake raden Anoman, mbandjur nedyo arep
di du karo prabu Marusuto budal sigeg.
Setrat prabu Marusuto prang karo
Anoman rame praprange prabu Marusuto murtjo mandjing sak jiwo karo Anoman
ditambah djeneng Probontjonosuto jo Rd Budig ninir jo raden Anoman di utus bali
ing Garuselo mbesuk jen takon ramane jen ono lakon Anoman Duto utowo Romo
telik.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE DJEMBAWAN
Ngendrobumi, Pr: Kemarungkolo Pt: Kolo Ambrosuro, Rm: arep njuwun Dw: Resi
wulan adine Resi gutomo ing nglugastino budal sigeg.
Selogringging Pr: Purwokondo jo Djenawi Pt: Parangmuko Tm: Danumuko, demang
panggul judo, bukane arep mbedah surolojo budal kepetuk pradjurit Ngendrobumi
pasulajane rembug dadi prang, Ngendrobumi kalah sigeg.
Gutomo lan punokawan arep killing Nglugastino budal
Kajangan guru Narodo dewo pepak kesaru prabu Kolokuwotjo jo Djenawi soko
Selogringging njuwun widodari dewo ora maringake, prang rame wekasan dewo
kalah, guru nedyo are ping mertjopodo golek djago budal sigeg.
Pertapan Setjodjalmo pandito resi lksowo guru lksari nglairake, wudjud
antigo, sang pendito bingung penggalihe ketekan Narodo putrane kang wudjud
endog digowo ing kajangan budal. Setrat guru budal ketekan narodo ngaturake
antigo antigo digarut empukunir ujah lanang babar djabang baji kakung, baji di
du prang kurang kuwat, di djupuk maneh baji di bubur di adoni wesi polosani,
wis wudjud manuso dipandjingi sukmo, urip di djenengno Djembawan prang maneh
sigeg.
Setrat pandito lksowo garwo lksari arep nusul putrane ing kajangan budal.
Tekan kajangan weruh ono prangan, pen: lksowo melu ngrebut prang Pr:
Nitikuwotjo ditjekeli baune sing lanang lan sing wadon disempal mati, adjine
Pontjosono pontjosuni mlaju nedyo nggoleki Subali ing Nglugastino arep
dipandjingi budal. Narodo guru masrahake Djembawan marang romo ibune ditompo
budal.
Nglugastino Gutomo Dw: Drati kang putro telu, Andjani, Subali, isih tjilik.
Sugriwo Resiwulan, ketekan Pr: Kemarungkolo njuwun Resiwulan, ora entuk prang
bolo Nglugastino asor. Resi Gutomo nedyo djaluk tulung lan golek djago sigeg.
Setrat gunung Setjodjalmo Djembawan lan kang romo ibune, ketekan Resi Gutomo
djaluk tulung marang Djembawan jen biso ngasorake musuhe digandjar putrane.
Djembawan budal ing Nglugastino sigeg. Pr: Kemarungkolo mati, Djembawan sowan
ing Nglugastino di daupke karo Resiwulan kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE NAKULO SADEWO
Prodjo Manduro Pr: Basudewo, Pr: Rukomoroto, Pr: Hugroseno, Rm: kang raji
sekaloran arep diangkat djumeneng noto, Rukmo: kadawuhan mbabad alas Kumbino,
Hugroseno kadawuhan babad ing pabaratan lesanpuro raji sekaloran sendiko budal,
karawuhan Jomowiduro, kautus rokonoto Pr: Pandu, ngaturi wuning Dw: Madrim
anggone nggarbani wis wantji babaran Basudewo saguh arep rawuh ing Ngastino,
Jomowiduro budal, Basudewo ugo budal.
Nusokantjono Tunggulmolojo Setro, Pr: Dewosrani, Durgobetari bolo pepak,
Rm: negoro manduro wis katon redjo, malah-malah alas kumbino lan lesanpuro
dibabat, didadekno negoro jen diterusake poro lelembut akeh kang podo susah
Durgo nimbali badjo barad diutus ngalang-ngalangi poro satrijo kang podo babad
budal poro wadyo lelembud ing dalan kepetuk pradjurit Manduro prang simpangan
sigeg.
Made ing bumi Rahtawu Abijoso kahadep Premadi, Punokawan prelu ngaturi
Abijoso supojo rawuh ing Ngastino nunggu anggone mbabarake Dw: Madrim, Abijoso
dawuh, supojo Premadi disik Premadi budal disik sigeg.
Kajangan guru kahadep poro dewo Narodo, Bromo Indro kembar, Rm: bab
goro-goro artjopodo, Narodo matur jen Dewi Madrim anggone nggarbani wis wantji
nglairake djabang baji. Guru nuli nimbali Btr: Aswo lan Btr: Aswi, kadawuhan
nitis ing putrane Dw: Madrim kang mijos kembar. Narodo diutus mudun ing
artjopodo lan poro widodoro widodari, kapurih paring nanggroho keseten
rupo-rupo lan tetanen pelintange warno warno. Sarto kanggo bengkas rerebet ing
prodjo Manduro budal.
Setrat alas tapel wates kumbino lan lesanpuro, Pr: Rukmo lan Pr: Hugroseno
podo babad lan ngroto kotjap durgo sak balane weruh katredjang durgo matek adji
kemajan. Satrijo loro entek baju anggone pepes kakrojok poro lelembut. Pt:
Jodowongso bareng weruh kahanan mangkono mlaju nedyo lapur ratu gustine iki
lagi ing Ngastino budal sigeg.
Prodjo Ngastino, Pr: Pandu kahadep Rs: Bimo. Pr: Basudewo, Jomowiduro,
Puntodewo, Seno, Punokawan, Premadi matur, dawuhe ingkang jang ora suwe tekane
parekan matur jen Dw: Madrim wis kroso mbatek. Bandjur podo ing kenjopuri.
Setrat Kenjopuri Dw: Madrim wis kroso mbateg ditunggoni kunti lan parekan,
karawuhan pandu lan Basudewo, kabeh podo ngeningake tjipto sawetoro, ora suwe
ketekan tumurune Btr: Narodo kairing widodari, arso tetulung kari betane Dw:
Madrim bandjur kasundang Btr: Narodo direwangi widodari, nuwuhake goro-goro
Btr: Aswo lan Btr: Aswi sumurup ing anggone Dw: Madrim, ora suwe djabang baji babar
kembar kakung, didus baju gege inggal gede, wantji djedjoko, dinamakake Binten
Tansen ijo Nakulo Sohodewo. Ora suwe sowane Pt: Jodowongso matur purwowasono
narodo dawuh, ora lijo botjah loro iki kang biso ngentasi gawe. Awit botjah
kembar iki kapandjingan Panukswane Btr: Aswo lan Btr: Aswi. Basudewo matur
pandu, njuwun bebantu marang botjah loro iki pandu ngeparengno budal, ngiring
Basudewo lan poro wadyobolo, narodo kundur marang kajangan sigeg.
Setrat alas Kumbino lan lesanpuro satrijo loro podo pateng glereng, awit
karubut poro lelembut ora suwe tekane Pt: Jodowongso lan binten tansen, podo
tandang poro lelembut keno prebawane kembar, podo mlaju, poro rodjo diajak.
Satrijo loro rukmo lan Hugroseno di adjak bali ing Manduro dene poro wadyo
nerusake babad sigeg.
Setrat prodjo tunggal malojo Betoro durgo kahadep Pr: dewo Srani Rm: arep
nerusake ngalang alangi anggone babad alas poro satrijo ketekan togog, matur
sekabehe kahanan poro lelembut podo kasore judo. Durgo lan Pr: Dewo Srani budal
nedyo nglurug ing Manduro.
Madeg ing prodjo Manduro, Pr: Basudewo kahadep Pr: Rukmo, Pr: Hugroseno,
lan Seno, Punto Premadi, Nakulo, Sadewo, podo suko-suko awit wis biso kali sing
sambikolo, lan wis biso nerusake babad gawe negoro, ora suwe sowane Pt:
Jodowongso matur jen ing alun-alun kantjikan pradjurit lelembud, ngrusak
wewanganan prodjo Manduro, bandjur poro satrijo Pandowo podo budal migake ing
pabaratan prang rame pradjurit lelembud keno pangribawane Nakulo Sadewo, podo
kendang katot angina, poro setan-setan podo bali, tajangan kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON ROMO TAMBAK
Ngajogjopolo Pr: Romo, Pt: Tribisono, Sugriwo Anggodo Anilo, Rm: arep
nambak segoro, Tribisono matur biso keno dibendung biso ngasorake Pr:
Sumowidgjo ing pulo Palembang. Anggodo diutus jen biso ngasorake Sumowidigjo,
buntute dipontang mas kembar kojo buntute Anoman budal sigeg.
Pulo Palembang Pr: Sumowidigjo Pt: Bolo mampang bolo tekane Anggodo ndjaluk
kaju djati kanggo trutjuk nambak segoro, ora entok prang poro pradjurit
Palembang kalah kabeh genti retune Anggodo kalah, Anggodo ngadjak prang ing
segoro bareng prang Sumowidigjo diganduli planangane teluk, Sumowidigjo di
sowanake ing Pontjowati budal.
Putjanggadingan lesmono lan Ponokawan arep tilik kang roko budal ing
Pontjowati sigeg.
Pontjowati Romo Lesmono
Tribisono Anoman tekane Anggodo lan Sumowidigjo. Anggodo bandjur mbuntute
kapontang mas podo karo mbuntute Anoman, margo biso nelukno Sumowidigjo
Tribisono matur supojo namakno Saranggeni ing samodro romo budal namakno
Saranggeni ing samodro, podo sakolo, iwak tjilik-tjilik podo ngampas saking
panase banjo. Kotjapo sehbaruno ngandas prelu njuwun tulung karo romo.
Sehbaruno ketemu romo njuwun tulung gelem nulung jen dituduhno djero tjeteke
samudro baruno sanggup budal, Romo ngutus poro riwondo golek gunung
tjilik-tjilik kanggo bendung budal sigeg. Anoman djrone batin loro batine karo
Anggodo arep golek gunung sing gede-gede supojo Anggodo ora kuwat nompo,
kotjape Anggodo di grudug gunung Anoman, kewalahen nompo semapud, ditjedaki
Anoman, duko jajah Sinipi, podo welih-welihan dadi prang dipisah Sugriwo.
Kotjapo ono ketek tjilik-tjilik loro tjotjak rawun abdine Anggodo, kapi mendo
abdine Anoman podo nggowo gunung tjilik-tjilik podo udur-uduran bendarane,
sidji lan sidjine, ora ono bener, dadi prang dipisah njambut gawe maneh bendung
Ing sak tengahing samodro
Rekototomo lan putrane wajah Gonggosuro. Krungu jen piting Potosuro wis mati
Gonggosuro nglurug ing Pontjowati budal ditutno ijange tekan Pontjowati
Gonggosuro soroh amuk poro wanoro kalah Tribisono dawuh Anoman supojo madju
prang karo Anoman Gonggosuro mati ijange ora narimakno prang karo Anoman mati
pisan, kumpul ing Ngajugjo.
-
Tantjep Kajon -
LAKON
DJEMBAWAN KROMO, TRIBISONO
Ngajugjopolo pontjowati
dendo Pr: Romo Pt: Tribisono wanoro pepak. Rm: Tribisono kawini sudodaratu ing
Ngalengko, lan negoro dipasrahake Tribisono budal ditutno poro wadyo balane
kabeh sigeg.
Sumur upas Resikolo lan
putrane Bukbis, aran sworo bronto swari branti Rm: arep sjaluk warisan negoro
Ngalengko utusan pradjurit lan togog budal sigeg, ing dalan kepetuk poro
riwondo pasulajan rembug prang sabrang kalah sigeg.
Putjanggadingan Lesmono
Ponokawan, Rm: arep tilik Romo. Bd. Setrat Anoman mbojong Trijoto soko
Ngalengko, awake diblongsong mori supojo odjo nggepok kulite Tridjoto, nanging
djore batin wentise Tridjoto katon komokorut tibo ing segoro dapulo Mondo,
ndjur Tridjoto gandrung Anoman nanging Anoman ora kerso, nerusake lakune sigeg.
Gunung tunon kapi djembawan
idjen tansah ngepi-ngepi Tridjoto, kapan biso kaleksanan, semedi maleh lesmono
are ing tamane Tridjoto budal.
Taman Singgelo Tridjoto
embank, djrone batin rumongso isin naliko kabojong Anoman, deke entuk lesmono
dadi sak duwure Anoman, suwe-suwe sojo nglamun, katjarito tekane lesmono palsu
seneng karo Tridjoto, diladeni emban mlaju nedyo lapur Pr: Romo.
Pontjowati romo lesmono
ponokawan tekane emban matur jen lesmono seneng Tridjoto kang roko duko jajah
sinipi, jen lesmono ora biso njekel maling lesmono dipateni. Lesmono budal. Setrat
Tridjoto lagi podo roman karo lesmono palsu ketekan lesmono, prang lesmono
badar dadi Djembawan, Tridjoto lan Djembawan disowanake Pr: Romo budal. Setrat
Pr: Romo ketekan Lesmono ngaturake Djembawan lan Tridjoto sak iki Tridjoto kudu
daup karo karo Djembawan diutus bali ing gunung tunon budal sigeg. Setrat
Tribisono djrone batin arep nggebag Ngajogjo awit putrane, dipitenah, budal
nedyo ndjujug gunung sijem njambati Pr: Doso, kang
- Tantjep Kajon -
LAKON ROMO NILIK ANOMAN DUTO
Ngajugjo Pr: Romo Pt: Sugriwo, Lesmono, bukane romo dawuh supojo Sugriwo
golek ketek putih, sugriwo matur, ora ono, semar sowan matur, jen ono ketek
putih golek pamane romo dawuh supojo madju. Anoman matur jen arep
suwito, ditompo nanging supojo golek negoro Ngalengko Anoman budal di iring
poro riwondo.
Tirto kandasan Pt: Djojo
singo lan sing mardjojo djogo ing tapel wates hudjung ing kolokopolo awit
gustine Sumowidigjo tompo lajang soko Ngalengko, jen ono duto sok Ngajugjo,
supojo dipateni. Kotjap pradjurit riwondo nradjang pesanggrahan, prang rame
sabrang kalah, kotjap Anoman lakune mlembang-mlembang ing wit gede-gede akeh
pang kang podo sempal. Anoman kedjegur ing tlogo madirdo Nirmolo, weruh ono
mentjorongdi djupuk, Anoman ora sido ing Ngalengko bali ing Nglugastino budal
sigeg.
Nglugastino Anjani kesowanan
kang putro matur jen entuk tjupu, ibu dawuh jen iku aran tjupu manik astrogino
keno kanggo rupo-rupo ndjur kang putro diparingi ageman. Tjunduk djarote asem
sumping pudak sinumpet gelang tjondrokirono, lan diutus bali, sowan kang romo
lan gelemo diutus jen pendakune tenanan, njuwuno dahar tunggal sak adjang lan
kudu djaluk dikudang, jen are ping Ngalengko njuwun antjik-antjik dridji amnise
romo jongger, lan iki tjunduk agemane sinto tampanono, ditampani nuli njuwun
pamit budal ing Ngajugjo.
Ngajugjo romo Lesmono
Ponokawan kesowanan Anoman matur purwowasono nuli diaku putro, di adjak mangan
tunggal adjang, adjange godong gedang digaris, Anoman diparingi kalpiko diutus
budal ing Ngalengko digawani saksi Ponokawan-Ponokawan diwadahi tjupu. Anoman djaluk antjik-antjik driji manise romo nuli
mantjolot ing gunung Kendal sodo sigeg.
Pretapan Kendal sodo Bgw: Kapiworo Ponokawane Kolopardono luwih wicaksono
gagsan arep nagih pati Doso: naliko adji serat ora kojo tibane Anoman ditakoni
arep golek Pr: Ngalengko, Bgw: dawuh rup-rupo lan ora biso Pr: Ngalengko jen
ora nganggo lantaran tekanku iki awit negarane diemut nogo, bandjur Anoman
diwisik ilmu adjidjiteng biso maleh rupo-rupo Bgw namakno teken bandjur
mandjing sak djiwo karo Anoman, bandjur peparap kapiworo. Anoman nerusno lakune
neburi teken sigeg. Teken mlebu ing lak-lak ane Nogo Anoman maleh dadi
klantjeng putih, tekan djero nogo di pontjonoko mati lagi weruh nagoro
Ngalengko, malih kaki-kaki adol wi gembili ketemu emban dilebokno ing taman
manik pringgi kentjono, podo maleh bijaso.
Taman manik pringgi Dw: Sinto idjen, kesowanan Anoman lan ponokawan,
didangu jen diutus Pr romo njatakno prodjo Ngalengko. Sarto mbojong Dw. Sinto
dawuh gelem dibojong, jen romo biso nambak segoro, sarto mateni klilip ing
Ngalengko. Sinto tekan tjunduke Anoman, asal usule soko
andi. Anoman matur Purwowasono, nuli diaku anake karo sinto, ndjur diparingi
pelem gaer bang turonggo djiwo, didahar kurangen. Anoman takon tunggale,
dituduhake ing mburi kedaton didjogo poro rasekso 140 Anoman golek pelem budal.
Setrat poro buto podo djogo pelem disirepi Anoman podo turu pelem dientekno
Anoman kari tunggake dibedol, disabet-sabetno sing podo djogo, mati kabeh iseh
sidji mlaju matur ratu gustine.
Ngalengko Doso putro Indrajit ketekan denowo matur, ono malinh Indrajit
kautus budal njekel. Anoman prang Indrajit lan anoman podo digdajane, suwe-suwe
Anoman nutud dibondo Doso dawuh supojo diukum pitjis, sarwo di blendrong ing
alun-alun Anoman utjul ngrusak bekakas pawon entek. Anoman dibondo maneh,
Anoman kondo ora biso mati jen ora di obong kaju dirumpuk ngungkuli ringin
kurung, inggal dirumpuki diobong ora urip, Anoman matur, jen ora nganggo
genine, Sinto lan di urubi single Doso
ora bakal urip. Indrajit sowan sinto njuwun geni sinto masus dridji manise metu
genine, sarto katawarno preluno odjo nganti nedasi Anoman geni diparingno
Indrajit, Indrajit pamit, enggal di obong murub Anoman matek adji djiteng sak
gunung anakan mumbul sak duwure negoro Ngalengko dahono dikirigake Ngalengko
kobong entek gusis, buntute Anoman isih kantilan geni di useg ora mati, ambjur
segoro ora mati, sowan sinto budal. Setrat taman sinto ponokawan tekane anoman
matur purwowasono, geni kang isih kantil ing buntute anoman ora gelem mati
diusapi sinto mati. Anoman njuwun pamit sinto kirim entjeh gedah kentjono isi
lohe sinto lan ali-aline sinto di tjemplongno sak djrone entjeh, terus
ponokawan diwadah tjupu ndjur budal. Kotjapo Anoman ing ontorikso krungu
panangise manungso diduni, djebul ono manungso, kang ketjepit watu kemloso,
sambat-sambat sing biso nulungi bakal dikawulani selawase urip, biso ditulung
Anoman ditetesi banju pulih kojo wingi wuni bage binage Anoman di adjak mampir
ing singgelo budal sigeg.
Singgelo Dw: Reknwati asal putro dewo rekno lan putro tridjoto, podo tawan
tangis awit kengetan kang garwo Tribisono ora suwe tekane Tribisono lan Anoman,
dawuh akeh-akeh kang garwo kadawuhan toto-toto arep kabojong ing Ngajugjo,
Tribisono sak garwo putro diwadahi tjupu nuli budal ing Ngajugjopolo sigeg.
Ngajugjo romo lesmono kesaru tekane Anoman entjeh lan gedah kentjono,
ali-ali enggal katampo, sarto ngaturake Tribisono, nuli diangkat dadi djuru
nujume, Tridjoto dipundut dadi sratine sinto, Anoman diutus ngeterno ing
Ngalengko budal. Rehne Anoman topo wadad badan sak udjur di blongsong mori sap
pitu, ing dirgantoro kasilire samirono Tridjoto sare kuto rekanne katon doger
anoman montah komokorut tibo ing segoro soko kuwate anggone ngipat-ngipatno
ali-ali dogor katut diuntal iwak onggowati putrane jang Baruno mbesuk jen wis
lair djenakno Tugonggo, disuwitakno ing negoro Pulo kentjono njuwito bantolo
marijam, sigeg. Setrat sinto ketekan anoman ngaturno Tridjoto sawise anoman
pamit sigeg. Setrat Pr: Doso krungu jen Tribisono ing Ngajugjo, doso nedyo ing
taman ketemu sinto, sinto kahadep Tridjoto, Tridjoto diutus nemoni kang garwo
diutus matur, gelem kagarwo jen biso ngetok djanggane romo lan lesmono.
Tridjoto matur, Doso kelingan duwe ponakan aran prawiro sekti Prawiro sentiko
iku podo karo romo lesmono putrane kang roko Wisrowono kang lagi topo ing tegal
kepanasan budal kotjap botjah loro lagi podo topo kurang sedino sewengi
diparani Dosomuko diketok gulune sirah digowo, ono sworo Doso mbesuk jen ono
lakon romo tanding aku males karo kowe, sirah digowo ing taman ditompo Tridjoto
diaturno sinto nangis Tridjoto matur jen iku dudu sirahe romo lesmono iku
sirahe ponakane tjatjate prawiro sektitohe ing pilingan Prawiro sentiko ing
wang, sirah kon gowo bali Doso keweleh Pr: Doso ngunus limpung tridjoto arep
dipateni, sinto arep suduk sariro Pr: Doso ora sido mundur lunekan masotno
Tridjoto, ora pati-pati paju rabi jen ora entuk ketek tuwo kumpul ing
Ngalengko.
- Tantjep Kajon -
LAKON BADJONGGO LOWO KAROMO TIDJOMOJO
Krendotolo Pr: Muluntondo Pt: Krendomuko Togog Rm: arep nagih potang pati
maran Pt: Romo widjojo utusan Pt: budal.
Ing paseban Hudjung kantjologiri poro riwondo pepak ketekan utusan sako
sabrang prang sabrang kalah mundur.
Ing tengah alas Rd: Budjanggolowo Ponokawan, entuk potrek Budjonggolowo
gandrung potrek semar matur supojo kondur ngarsane romo ing Ngajugjo budal
sigeg.
Ngajugjo Pr: Romo Lesmono garwo, Sinto Tribisono ketekan kang putro Rd:
Budjonggolowo, didangu matur, terus diaku putrane, terus diaku putrane, ditari
kromo, gelem jen entuk potrek sing di asto mau ndjur poto diutus ndeleng
Tribisono matur jen iku putrane Indrajit suwargi ing Tundjumojo, kang putro
dipenging ora ngandel terus nimbali Anoman diutus ing tindjomojo budal.
Tindjomojo Endranarum lan putro Arumwati, kang putro takon kang romo,
kesaru praptane Anoman prelu arep nglamar Indranarum, kang ibu dawuh entuk
dilamar jen biso nemokno waline Indrajit kang wus swargi. Anoman bali arep
matur kang romo budal sigeg. Setrat romo sak balane ketekan Anoman matur opo
anane. Romo nglenang sukmo nedyo arep njuwun Indrajit ing kajangan sigeg.
Setrat tjingkoroblo bolo uputo, tekane sukmane romo, diadangi prang buto loro
kalah nerusake lakune.
Kajangan guru Narodo dewo pepak lan Indrajit, guru dawuh Btr: Bromo supojo
Indrajit diaturno daudnjowo kadjegurke geni naroko budal sigeg, ketekan romo
njuwun Indrajit arep dianggo wali. Guru dawuh jen wis kadung didjegurno naroko
romo njuwun pamit arep ditututi budal. Setrat daudnjowo ketekan Bromo ngaturno
Indrajit diutus djegurno naroko Bromo bali , Daudnjowo gowo Indrajit lagi arep
di untjalake disaud romo, Daudnjowo ora narimakno prang Daudnjowo kalah.
Indrajit didawuhi romo supojo dadi wali margo arep di adjak besan lan supojo
manggon ing sanggar waringin budal romo bali ing Ngajugjo sigeg.
Ngajugjo Sinto kahadep poro punggowo lan poro putro nunggu Btr: romo
anggone mesudbudi let sedelo romo wis rawuh, paring dawuh, supojo toto ngarak
ngante ing Tindjumojo, Anoman ngawat-ngawati ing Ontorikso budal. Kotjap Pr:
Muluntondo duko jajah sinipi budal nglurug ing Ngajugjo, ing dalan kepetuk
pradjurit wanoro prang Muluntondo mati. Tidjumojo ketekan nganten Indrajit sak
putrane dibojong ing prodjo Ngajugjo popo daup.
- Tantjep Kajon -
LAKON BUTDJONGGO LOWO KROMO ENTUK PUTRID MANDURO
Prodjo Ngrengko bumi, Pr: Kolo Tirto bawono Pt: Djojo Lengkoro, arep
ngleboni sajemboro ing Manduro budal.
Purwotjarito Bauwodjo bolo are ping Manduro budal ing dalan ketemu
pradjurit Ngrengko bumi prang simpangan.
Pontjowati Butdjonggo lowo ponokawan arep ngleboni patembojo ing prodjo
Manduro budal.
Manduro Pr. Selogongso Pt. Purwonegoro bukane sang prabu dawuh Pt. supojo
Mundyowarakno ing alun-alun sing sopo biso manah tal pitu botol kabeh di daupke
marang putrane, budal kepetuk rodjo sewu negoro ngleboni giri patembojo ora
biso podo mundur sigeg. Setrat Budjonggolowo lan ponokawan kepetuk Pt.
Purwonegoro ditakoni matur jen arep ngleboni patembojo, mentang gandowo Astro
dewo, tal pitu biso rantas bareng terus di adjak sowan ing prodjo Manduro budal
bareng-bareng sigeg. Setrat prodjo Manduro Pr. Selogongso lan kang putro dewi
Selowati, ketekan Pt. Purwonegoro lan Rd. Budjonggolowo lan
ponokawan, Pt. matur purwowasono. Budjonggolowo di daupake putane, sakwise
daup, ketekan rodjo sabrang kinen njuwun dewi Selowati, dadi prang rame wekasan
Rodjo sewu negoro biso diundurake Budjonggolowo sigeg. Selowati diadep kang
garwo
- Tantjep Kajon -
LAKON SEDANE PANDU-PANDU POPO
Prodjo Ngastino Pr. Pandu Rs. Bismo Pr. Widyopepak, Rm. Sang prabu anggone
paring dawuh mbebedo sarto pasang grogol ing kikis kuto Ngastino madjupati
sarto kanggo ameng-ameng lan ngenggar-ngenggar poro putrid, lan anggone gawe
petamanan sak djrone puro Ngastino, winangunan kadi rarasing patamanan Ngendro
bawono lan di isi sato kewan warno-warno. Rs. Bismo nuli
ndongeng poro leluhur anggone laku sutji. Ora suwe karawuhan Abijoso paring
wedjangan bab wajibe ratu kudu netepi hastobroto. Pandu ngestokno dawuhe kang
romo
Madeg wukir keloso. Rs.
Jakso Suhotro Putut Suharmo, poro tjantrik. Sedjatine dewo ngedjowantah putrane
Jomodipati, katarimo sutapane, biso mantjolo putro mantjolo putri sak wenane
rupo wektu iku kasemaran roro ragu, putrane Empu Dworo deso Drukilo, kotjape
lamarane ditulak margo rupo Jakso, temahan matek adji panggendaman, sak naliko
roro ragu teko ing arepe, bandjur katari nedyo karabi ora gelem, roro ragu
kamalehno kidang wadon, Rs. Suhotro maleh kidang branggah, netrokumolo kidang
loro podo mlaju ing tengah alas, ora ono sing molosiko, kotjap ktjarito tindake
pandu garwo lan wadyo bolo, wis tutuk panggrogolan, bandjur podo tumandang
nenumpu satowono akeh sing podo entuk kidang banteng lan lijo-lijo bandjur podo
seneng sigeg.
Goro-goro punokawan arep
nusul ing alas nenumpu sato budal.
Kajangan guru Narodo di adep
poro dewo pepak guru Rm. Goro-goro artjopodo narodo matur, iku soko pokale
pandu, nganggo karepe dewe, ora marsudi kawulane. Guru nimbali Jomodipati,
didawuhi njendal majang pandu, djegurake Tjondromuko, Jomo budal sigeg.
Setrat ing sak tengahe alas
pandu lan punokawan mbebedag banget senenge, nganti keplantrang plantrang,
katilap wadyo balane nganti ora weruh, pandu nutugake lakune, kotjap katjarito,
kidang branggah lan kidang kentjono podo pepasihan, weruh pandu kalepasi
djemparing tumantjep ing djajane satemah pedjah kapisanan, kawandane babar Rs.
Suhotro lan roro Ragu, Jikmane bablas reruntungan ing swargo ono sworo, pandu
mbesuk males, sedane bakal kojo lelakone kidang podo pepasihan. Pandu kedawang
rumoso yumindak luput nedyo laku Brahmotjari tegese topo wadad ora kumpul
putri. Pandi bandjur bali
prodjo sak punokawan. Katjarito tutug ing prodjo pandu nandang gerah madal
salwiring djampi sigeg.
Setrat ing tlatah wukir kiloso Rs. Sukarmo ketamuhan
Empu Dworo, wigatine nakokake putrane, roro Ragu. Rs. Sukarmo nuli matur
lelahone bareng krungu atur mangko norso naliko podo budal nedyo nggoleki
putrane, kotjape ing tengah alas weruh kunarpane putrane podo rangkulan
katjundukan sendjatane pandu, lajon kabesmi, sak wise ora trimo nedyo nglurug
ing Ngastino budal.
Madeg prodjo Ngastino Pr.
Pandu lan poro garwo kahadep Bismo Jomowiduro Destoroto, prelu nunggoni anggone
gerah pandu, Bismo mrajogani, Jomo kautus murugi Abijoso ora suwe teko Abijoso
bareng weruh kahanan mangkono mau, Abijoso wis weruh sasmitotjipto, mulo tasah
ngimur-ngimurlaku kabeh kang podo nunggoni lan singsungkowo. Abijoso ugo tansah
mesubudi njuwun parimarmane dewo. Kotjap Jomodipati tumurun kekedjer, nanging
Abijoso tansah weruh nanging
Kajangan guru Narodo pepak
poro dewo ketekan Jomodipati ngaturno sukmo Pandu lan Madri, arep
katjemplungake naroko, ketekan sukmone Abijoso, matur jen pandu lan Madri, odjo
nganti di djegorno naroko bab kesalahane pandu, aku sanggup nebos kanti laku
topo broto. Guru bandjur mapanake ing kasuwargan. Abijoso pamit bali.
Setrat Ngastino podo kumpul,
Abijoso bali urip dawuh sing di djumenengake Ratu Destrorastro ora suwe ketekan
musuh keluwargane Rs. Suhotro
lan Ragu, prang rame Rs. Sukarmo lan empu Dworo kalah, kumpul ing Ngastino.
- Tantjep Kajon -
LAKON MBANDJELE KUMBOKARNO MATI
Pontjowati Pr. Romo pepak lan Sempati. Tribisono jen
Ngajugjo arep dilurug Pt. Prahasto utusan songko Ngalengko, romo dawuh Sugriwo
sak balane budal.
Sanggrahan Suwelogiri Wil
Kampono. Wil Pradjonggo Wil Prakempo ngiring lakune Pt. Prahasto ngglurug ing
Ngajugjo budal, kepetuk pradjurit Ngajugjo prang pradjurit denowo mundur.
Putjanggadingan lesmono lan
ponokawan arep tilik ingkang roko ing Ngajugjo budal sigeg.
Setrat Suwelogiri Prahasto
lan Wil djambumangkli arep nglurug prang ing Ngajugjo budal.
Laladan Pontjowati jo Hadjudjung hantjologiri. Tribisono lan poro wanoro
pepak podo sedijo gegaman budal, kepetuk Pt. Prahasto sak balane, prang
pradjurit wanoro kalah, sigeg. Pawiro Sempati, Danurwendo, Kesari, Danurdoro, Kapimendo,
Tjotjakrawun, keplajune Anggodo dibantu ketek tjilik Anoman, ugo kalah. Sugriwo
kelingan naliko lakon patine Maesosuro Lembusuro ibune dadi tugu kae. Sugriwo
gawe djojo Anilo kon madju prang, Prahasto prang karo Anilo, Anilo mlaju diburu
nganti tekan tengah alas ing tapel wates Ngalengko, weruh ono tugu kabedol
prahasto keno diantem tugu tekeng sirno. Tugu badar dadi Indrati, sigeg.
Ngalengko Pr. Doso Togog lagi rerasan ketekan wil pradjonggo, matur jen Pt.
Prahasto mati. Doso susah Togog diutus nimbali kumbokarno
ing pangleburgongso, budal.
Setrat Ngleburgongso
kumbokarno topo nendro, ditekani togog kadjabud wulu tjumbune tangi diaturi jen
Pt. Prahasto mati djenengan
diaturi sowan kang roko Pr. Doso budal. Setrat Ngalengko Pr. Doso ngarep-ngarep
Kumbokarno, tekane kang raji Kumbokarno, bandjur diaturi dahar, tumpeng sewu
panggan ajam sewu Kumbokarno bungah penggalihe, bareng wis didawuhi prang
nglurug ing Ngajogjo. Kumbokarno ora kerso Pr. Doso nesu di olok-olok dikon
mbalekno anggone mangan entuke mangan diutahno, Doso njandak limpung Kumbokarno
mlaju nangis, ditutke togog tekan dalan dibombong togog sangjo suropati teluk
kalijan praduko, lan lijo-lijo nanging ora pasha togog bali, sowan Pr. Doso
supojo ngadjokno putrane Kumbokarno Doso budal pribati sigeg. Pangleburgongso ditdyaning Kumbo lan Iswaning Kumbo
putrane Kumbokarno ketekan Pr. Doso kan pulunan di budjuk disuwuni tulung
nglurug ing Ngajogjo, botjah loro kerso budal nglurug, soroh amuk nagoro
Ngajugjo, angger mati biso urip genti-genti pradjurit Ngajugjo podo kalah kabeh
Tribisono dawuh marang Anoman supojo sirahe di du, terus die du sirahe petjah
botjah loro mati bareng. Setrat Kumbokarno lagi lungguh togog teko diaturi jen
putrane mati ing paprangan. Kumbokarno kaget sojo sungkowo sambat-sambat duko
jajah sinipi, nedyo mateni Pr. Romo lan nemoni Tribisono budal. Kumbo dipapak
Tribisono di elingake malah sojo mempeng dukane Tribisono disentak mlaju, ing
batin tresno karo kang roko Ombokarno, Ombokarno namakno gaman disaut Anoman di
tjoklek-tjoklek gamane, poro dewo ngeploki prange Kumbo. Prange gemblundung
akeh poro riwondo kang podo tiwas. Sugriwo madju diantem gudung klenger di
tjandak di kudang-kudang kasiliran samirono trengginas Sugriwo kuping irunge
Kumbokarno disaut, pedod irung gruwung. Romo namakno djemparing Guwowidjojo
keno gulune Kumbo pedod, kari gembung isih ngamuk Tribisono dawuh poro wanoro
supojo gawi blumbange di gasangi blumbang ombokarno mlebu blumbang dibrug poro
wanoro kumpul Ngajugjopolo.
- Tantjep Kajon -
LAKON ANGGODO BALIK
Pontjowati, Pr. Romo Tribisono bolo pepak, romo dawuh supojo ndjogo prodjo
menowo isih ono pradjurit Ngalengko kliwatan sowane Dosowilokromo, arep suwito
ditompo awit disetudjoni Tribisono, bandjur didadekno pimpinane pradjurit, lan
dikuwasakno, sak wise podo di utus djogo-djogo budal kabeh sigeg.
Setrat Dosowilokromo di adep togog, Dosowilokromo dawuh Togog, tiwas
kabenaran pasuwitane ditompo malah di dadekno pimpinane prdjurit, iki nedyo
gunakno kekuwasane lan males ukum poro pradjurit, budal. Setrat pradjurit
wanoro ketekan Dosowilokromo, gawe sak wenang-wenang pradjurit wanoro gregeten
dadi prang dipisah Tribisono.
Putjanggadingan Lesmono
Ponokawan arep tilik rakane.
Ngajugjo Pr. Romo Tribisono,
Pr. Romo dawuh arep sare supojo poro pradjurit podo djogo budal. Setrat poro
riwondo, podo ngrasani Dosowilokromo, sak wenang-wenang tekane Dosowilokromo
mbagi gawe djogo, Anggodo dibagei djogo sak tjedake peturone Pr. Romo budal
sigeg. Dosowilokromo togog pasang sirep, kang podo djogo podo turu Dosowilokromo
mlebu nedyo arep motong djanggane Pr. Romo sigeg. Anggodo kroso sumuk busanane
dirutjati, ora betah mripate di tjengkal dom DSW. Teko ngerti jen Anggodo sare
pusakane di djupuk DSW. Nedyo arep kanggo mateni Pr. Romo budal, kotjap
Tribisono weruh prebuwatane DSW. Bingung penggalihe. Kotjap DSW. Tekan peturone
Pr. Romo DSW. Lagi ngetongi pusoko Tribisono alok maling-maling DSW enggal
mlaju melu alok maling-maling Anggodo di tjekel dibondo di dakwo maling,
diaturno Pr. Romo sigeg.
Setrat romo Lesmono Tribisono,
sowane DSW ngaturno Anggodo dibondo matur jen arep mateni Pr. Romo, Romo dawuh
supojo Anggodo dipentang ing setrogondo lumaju lan diselang budal akeh sing
podo nangis. Anoman sing sadjak getting Anggodo.
Setrat Setrogondo lumaju
Durgo lan Pr. Djoko, kroso sumuk killing ing alas budal Pr. Djoko weruh Anggodo
dipentang ndjur diluwari Pr. Djoko di malehno dadi buto di djenengno Anggodo
balik dikon males ing Ngajugjo budal, kepetuk pradjurit wanoro, prang wanoro
kalah kabeh, DSW ditjekel di suwek-suwek mati Tribisono ngundang Anoman prang
disuwek agemane maleh Anggodo di sowanake Ngajugjo, prang gagale soko gunung
sijem DSW Suwito sak wise prang kembang lagi sowan lan leren njekar ing gunung
sijem karo togog.
-
Tantjep Kajon -
LAKON
ROMO TANDING
Ngalengko, Pr. Rahwono
pamane Pt. Djalmomantri pepak arep nglurug ing Ngajugjo Djalmomantri budal lan
togog.
Ngajugjo, Pr. Romo Tribisono
bolo pepak Pt. Romo dawuh supojo pradjurit supojo djogo prodjo Ngajugjo budal
sigeg. Pradjurit wanoro ketekan Pt. Djalmomantri prang wekasan Pt. Djalmomantri mati togog bali ing Ngalengko
lapur sigeg.
Lesmono ponokawan arep sowan
ing ngarsane kang roko budal.
Ngalengko Pr. Doso ketekan togog matur jen Pt. Djalmomantri
- Tantjep Kajon -
LAKON ROMO TANDING PATINE MULUNTANI
Ngalengko Pr. Doso Muluntani Sumolowan Sumalani bukane Pr, Mulunti diutus
prang ora gelem, diumbeni arak mabuk budal disik, di iring poro pradjurit budal
sigeg.
Sanggrahan hantjologiri,
Sugriwo Anggodo Anilo ketekan pradjurit Ngalengko prang Ngalengko kalah mundur
sigeg.
Lesmono ponokawan arep sowan
ing Pontjowati budal kembang.
Krendotolo Pr. Muluntani
togog arep nglurug ing Pontjowati mateni Pr. Romo budal.
Ngajugjo Pontjowati dendo
Pr. Romo lesmono Tribisono Anoman, di sumbari Pr. Muluntanidi toni, Pr. Romo
prang Romo kalah, matek adji Wisnu murti Muluntani kalah mlaju, Wisnu murti
diduni Narodo di utus rutjat, bab patine Muluntani di sanggupi Narodo. Setrat
Pr. Muluntani ketemu Sumolowo lan Sumolani di paido mekso moh prang, pradjurit
loro tanding dewe prang karo Pr. Romo keno djemparing Guwowidjojo mati. Narodo
prentah poro dewo, Widodari, di utus nggodo, ono sing go ukur ono sing gawe
blumbang widodari ngangsu lan lijo tenger, blabag lan sapanunggale. Setrat Pr.
Muluntani weruh wong wadon ngangsu dikon nakoni togog matur jen dianggo ngedusi
Muluntani, ngalor ngidul ngetan ngulon podo wahe Muluntani isin lan keduwung
urip, di alup wong akeh, timbang mati kalap aluwung mati prang, sojo mempeng
nesune Pr. Muluntani budal nedyo ngrabaseng Pr. Romo sak balane budal. Narodo
njirep kutu-kutu walanh togog awit jen kutu-kutu ora di sirep muluntani ora biso
mati. Muluntani mangsuh prang karo Pr. Romo, narodo dawuh supojo ditamani
Gowuwidjojo. Romo namani Guwowidjojo Muluntani keno gulune mati togogmlaju
matur Pr. Doso Sarpokenoko madju Tribisono dawuh supojo Lesmono sing prang,
sarpo kenoko keno djemparing Lesmono mati. Doso nantang Romo di adjak prang
ligan, prang rame Pr. Romo lan Dosomuko wekasan Pr. Dosomuko kalah ontjot karo
njuworo mbesuk aku ora bakal kendad-kendad anggonku memusuhan karo kowe, bakal
golek djago maneh sigeg Pr. Romowidjojo sak balane bali ing Ngajogjopolo podo
kumpul.
-
Tantjep Kajon -
LAKON KUMBOJONO NGEDJOWO
Prodjo Timpuru Pr. Puronggopati, Rd. Krepo Pulunan, Rd. Tjarjo, poro
pradjurit, Rm. Putro sekar kedaton kekasih (Dw. Krepi) Dw. Rupini
kagadang-gadang, arep kedaupake marang pulunane dewe Rd. Tjarjo nanging sang
dewi katjarito supeno ketemu bambang kumbojono, soko negoro (barat modyo)
Ngatasangin sakwungune montah supojo kapurih nggolekno pasupenane Dw. Krepi
mulo sang noto emeng penggalihe, ora suwe tekane parekan matur jen Dw. Krepi
murtjo soko taman sang noto kaged, sungkowo penggalihe dawuh poro wadyo, supojo
nggoleki budal. Kotjap katjarito sak bubare poro wadyo budal, gowo noto Dw.
Djanupadi katarimo pasune tjipto, ketekan Btr. Narodo, kawotjo jen Dw. Krepi
pasti dadi djodone bam: Kumbojono Dw. Djanupadi nuli digowo mesat ngamodene
Narodo sigeg.
Madeg ing nagoro Ngatasangin Baratmadyo, Rs. Baratmedjo, koro mitrane, Bgw.
Maruto kahadep kang putro Bam: Kumbojono katari kadaupake entuk putrane
Brahmono resi, Rodjopandito ing madendo, nanging kumbojono panggah ora kerso,
njuwun daup widodari kaswargan. Sang resi Baratmedjo duko
jajah sinipi, kang putro kumbojono katandung minggad budal sigeg, gagale
kumbojono di adjar sak lebare.
Madeg ing sak tengahe alas Kandowo Dw. Kunti, lungguh ing wiwarane gubug,
dikepung poro putro Pandowo lan Punokawan, Rm. Sak sedane pandu tansah prihatin
nalongso ing batin pandowo isih tjilik-tjilik ing semu ora diaku kadang waris,
marang Pr. Drestorastro ora suwe tekane Pt. Sangkuni matur jen diutus Pr.
Drestorastro, kunti sak putrane diaturi kondur, awit sak tindake kunti lan poro
putro tansah gawe rengkane prodjo. Kunti matur sandiko Sangkuni
kadawuhan disik, bandjur podo budal. Sangkuni duwe gagasan jen Kunti arep
dibedo Sangkuni gandrung Kunti mlaju modjar karo Sengkuni. Ora kerso nganggo
kotang jen ora kulite sangkuni naliko di gandrung kunti ora gelem kotange di
ganduli suwek, sigege.
Setrat Bambang Kumbojono
tutug kisike samudro ing pangdjap arep golek mitrane tunggal guru, satrijo ing
Pantjoloradyo, kekasih Rd. Sutjitro wektu iki ing Nagoro Ngastino, nanging
banget ing kaweken margo kadangan samudro soko adrenge manah kawetjo, sopo-sopo
sing biso nabrangake aku jen wadon dadi djodoku, ora suwe ono djaran sembrani
wadon, medak-medak ing arepe Kumbojono kojo djaluk dititihi. Kumbojono tanggap
djaran ditumpaki njungklang sak duwure samudro. Kotjap katjarito ing sak
nduwuring samudro, mandeg tumolih ing semu sasmito nagih djanji, semunu ugo
Kumbojono weruh indahe djaran wadon, kasembuh kaprebawan sunare tjandik aju,
satemah kamane korut, kasahud djaran wadon, bandjur nggarbini, bareng wis tutug
pinggire kisik mudun, ora suwe kapal mbabarake putro kakung, pambengoke kojo
pambengoke djaran, mulo di djenengke Aswotomo. Kotjap Kumbojono ing batin roso
wirang atase satrijo duwe bodjo djaran-djaran kadjojoh tjundrik, babar widodari
wilutomo, mangku djabang baji di sesepi, ngadep kumbojono matur, sedjatine deke
kuwi widodari kajangan kekasih Wilutomo, nompo dawuhe Btr. Guru, prelu njobo
marang Kumbojono, sepiro gedene tekadmu, djebul siro gampang keno panggodo, iku
keno di arani tjabar anggonmu duwe kekarepan daup widodari mulo sak iki
sanadyon mumpuni kawrahmu patimu mbesuk ora biso entuk kamuljan djat, bandjur
Wilutomo bali, baji katinggalno. Kumbojono banget sungkowo, mangku baji
ngetukake waspo ora suwe ketekan Rd. Krepo njuwun tulung, awit diburu nogo-nogo
di tjundrik babar krepi, matur jen ngipi ing tengah alas djaluk tulung adine,
malah mlaju gandeng di tulung Kumbojono, nedyo di kawulani, Narodo mudun lan
Dw. Djonopadi paring dawuh Kumbojono jen iku wis pati djodomu, bandjur
kadaupno, lan Aswotomo wis marem kasesepi Dw. Krepi, Narodo bali, Dw. Djanopadi bali kaderekno
Kumbojono lan kang putro.
Madeg ing prodjo Tampuru Kumbojono lan Dw. Krepi mangku baji disesepi, sak
wise pepisahan bandjur mandjing ing pagulingan, ora suwe Kombojono tangi
ngeduroso, durung marem jen durung ketemu mitrane Rd. Sutjitro
Kumbojono ontjat soko pagulingan. Dw. Krepi matur kang romo arep digoleki awit
nate rasan-rasan arep golek mitrane ing tanah djowo, kang romo dawuh supojo
ditutno adine Rd. Krepo, budal sigeg karo ngemban putrane.
Setrat prodjo Pontjoloradyo
Pr. Drupodo Rd. Gondomono Pt. Drestoketu, ketekan Kumbojono rehne rumongso dadi
sedulure, mulo ninggal toto kromo, ndjangkar marang sang prabu Durpodo ing semo
ora
-
Tantjep Kajon -
LAKON ROMO NITIS
Dorowati, Kresno, Bolodewo
Sombo Setijahi Udowo Kresno matur Bolodewo jen panukswane Btr. Bakal golek
panitisan, sopo sing ketitisan Pr. Romo biso kuwat ngasto pusarane tanah djowo,
nanging jen biso menang pandadarane, lagi imbal pngandiko kesaru Anggodo
ngaturno lajang penantang, Bolodewo arep nesu ora pareng kang raji, sawise
ditompo bali, Kresno budal sak balane sigeg.
Ngajugjo Pr. Romo Lesmono
Rm. Arep golek panitisan sing sutji, lan dawuh bab gawane Rd. Broto ora gelem
rukun sabal supeno ketemu lesmono, bandjur paring dawuh poro riwondo supojo
djogo prodjo budal romo Lesmono nedyo mung kajangan, sigeg. Pradjurit riwondo
kepetuk pradjurit Dorowati pasulajane rembug dadi prang simpangan sigeg.
Ngamarto, Puntodewo, Seno,
Nakulo, Sadewo, Punokawan podo nunggoni Djanoko lagi gerah, poro pandowo podo
bingung awit madal salwiring djampi. Seno omong-omong dewekan jen ono wong aran
Rd. Broto, duwe bodjo djenenge loro wangen, iku elik, margo jare loro wangen
iku ngipi ketemu Lesmono lan lesmono iku rupane memper Djanoko, kotjap
katjarito Djanoko krungu anggone omong kang roko walujo temahan djati, lungo
tanpo pamit ing sedyo bakal nggoleki loro wangen budal.
Taman Pontjowati Dw. Loro
wangen gandrung-gandrung Lesmono nedyo bakal di goleki budal. Setrat Djanoko
Punokawan ora kojo Dw. Loro wangen samar disengguh Lesmono Djanoko di gapjuk
bareng di dengak Djanoko loro wangen mlaju diburu djanoko, dipoto-poto ora
gelem di atungi pusoko di tubruk loro wangen mati njuwo mbesuk bakal njurup ing
Pontjoloradyo, srikandi.
Kajangan guru Narodo kesowanan romo lan Lesmono njuwun panitisan. Guru
dawuh romo nitis ing Kresno Lesmono Djanoko Anggodo Setijahi Anoman ora biso
nitis di utus tunggu ing Kendalisodo budal, golek pandowo Setrat kresno lan
Pandowo kepetuk romo sak balane podo prang, mandjing dewe-dewe bandjur podo
bali ing Ngamarto tajung kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE DOSOMUKO
Sewu negoro arep nlamar sukesi ing selogringging budal.
Selogringgring Mangliawan ngondangno sopo sing biso njempal baune Dw.
Sukesi, budal ing alun-alun poro wadyo sewu negoro wis pepak podo ngleboni giri
patembojo, prang sewu negoro kalah.
Bisowano Punokawan arep
sowan ing ngarsane kang romo Bgw. Wisrowono budal sigeg, setrat ing Ngalengko
Bgw. Wisrowono tekane Bisowarno Rm. Kang putro Bisowarno njuwun garwo Dw,
Sukesi, Bgw. Wisrowono sanggup nglamarno, nanging ing batin, Bgw. Wisrowono
seneng dewe, mulo Bisowarno di utus siram djamas golek banju manik astrogino,
Bisowarno budal, Bgw. Wisrowono ugo budal ing batin Bisowarno ora bakal bali
jen during biso entuk tirto manik astrogino Bgw. Budal Setrat Bgw. Tjitrobojo
jo Wisrowono kepetuk Pt. Ronggo ditakoni jen arep nglamarake putrane ing
selogringging djur disowanake.
Selogringging mangliawan lan
Dw. Sukesi tekane Pt. Ronggo ngaturno Bgw. Wisrowono arep ngleboni giri
patembojo, bandjur di adjak metu ing blabar kawawat, prang wekasan, prange Bgw.
Tjitrobojo lan Mangliawan rame, Mangliawan are namakno pusoko setan kober
kedisikan gaman tjise Bgw. Wisrowono Mangliawan mati Bgw. Wisrowono di daup
nanging elik sigeg. Kapekso
Sukesi di bojong ing Ngalengko. Kajangan guru lan Narodo Rm. Guru
duwe tresno marang Sukesi, nanging
Sendang setaman Rd.
Bisowarno lan ponokawan bingung penggalihe awit ora ono tirto manik astrogino,
ketekan narodo dawuh supojo numpak kreto ing tengah alas budal sigeg. Setrat
Bgw. Wisrowono lan sukesi Rahwono Ombokarno arep dolan ing tengah alas, budal
Ombokarno nusul. Kotjap Rahwono weruh ono kreto nututi, Ombokarno ugo nututi
arep melu numpak, kegiles rodo petjah sirahe di warasno Ombokarno. Rahwono trus
mlaju arep matur kang romo, Bgw. Tekane Rahwono matur Purwowasono bandjur
diwenehi limpung di utus mundud ing sanggar pamudjan, bareng limpung arep di
djupuk, limpung mlaju dewe di buru Rahwono, tekan alas limpung ketemu Bisowarno
di saut Rahwono teko limpung di djaluk ora entuk, prang Rahwono kalah mlaju
matur kang romo Purwowasono, kang romo di aturi rumongso kuwijak wadine ontjot
soko prodjo, djrone pangandiko ora bakal bali jen ora duwe anak lanang sing
bagus, budal sak parak-parak. Wisrowono mudjo semedi mudjo mendung dadi djabang
baji
- Tantjep Kajon -
LAKON BANTOLO MARIJAM MALING
Ngalengko Pr. Rahwono. Bantolo marijan bolo pepak di boboti malingi sirahe Pr.
Romo lan Lesmono budal.
Pontjowati Sugriwo pepak ketekan bolo sabrang pasulajane rembug dadi prang,
balane Bantolo marijan kalah sigeg.
Lesmono Ponokawan arep sowan
ing Pontjowati budal setrat Btl. Marijan togog budal are malingi Pr. Romo
budal.
Pontjowati Pr. Romo Lesmono
Tribisono pepak, Rm. Kale pradjurit di utus djogo. Romo mapan dendro budal.
Tribisono dawuh poro pradjurit awit kahanan sepi poro riwondo keno sirepe
Bantolo marijan, podo turu kabeh, Btl. Marijam, senadjan Anoman melek nanging ngerti jen mripate di tjengkal dom,
kepekso mlebu tekan ranjam peturone Pr. Romo lan Lesmono.
Randjam di gowo di lebokno tekan wonge Btl. Marijam metu Petruk mbengok poro
pradjurit podo mburu, nanging ora biso nututi. Tribisono ngundang Anoman, jen
sing maling iku Btl. Marijam, Anoman supojo ndjudjug ing Ngendroprasto, dalane
jen tekan ringin kurung Ngalengko jo iku dalane. Anoman weruh ringin maleh dadi
semut pudak, tekan Ngendroprasto maleh dadi ketek tjilik minongko njamar sigeg.
Ngendroprasto Tugonggo ketekan btl. Marijam, marijam dawuh marang
Tugonggosupojo prentah landjar prawan supojo ngangsu, kanggo ngedusi Pr. Romo
lan Lesmono djalaran arep di ketok gulune, sirahe di aturno Pr. Doso kanggo
keset Dw. Sinto. Tugonggo budal dawuh poro landjar prawan ngangsu, nanging
banjune nganggo tak timbang, endi sing luwih timbangane tak ketok gulumu, sing
kurang opo dene, landjar prawan budal ngangsu lan podo susah, Kotjap Anoman
njedaki landjar prawan podso ngangsu, di takoni arep kanggo opo, landjar prawan
mangsuli, jen arep di anggo ngedusi Pr. Romo lan Lesmono, djalaran arep di
ketok gulune kanggo keset Dw. Sinto sirahe, sing ngedus putrane Btl. Marijam
aran Tugonggo. Anoman dipojoki jen ketek olo bandjur maleh Anoman trus mlebu
djun, banjo ditimbang watangan djepati dadane tugonggo, nggeblak semaput
landjar prawan di tjekel sambat-sambat Anoman metu Tugonggo di adjar Anoman
sumbar-sumbar jo aku Anoman jo Probontjosuto jo blabag pengantola jo senggono
putro Btr. Romo di duni Narodo dipisah lan di terang-terangake jen Tugonggo iku
putramu dewe naliko mbojong Tridjoto bijen, komokorut ing samudro iling opo ora
bandjur Anoman ngrakut Tugonggo Narodo bali Tugonggo djupuk Pr. Romo lan Lesmono bali Tugonggo njegad Btl. Marijam sak
tekane sigeg.
Ngalengko Pr. Rahwono ketekan Btl. Marijam di takoni entuk gawe opo ora,
Btl. Marijam matur Purwowasono Pr. Rahwono nesu Pr. Rahwono
nesu Btl. Marijam di tjandakno limpung Btl. Marijam mlaju, kepetuk Tugonggo
diwelihno prang Tugonggo mlaju, Btl. Marijam gagasan bali mati, terus jo mati bandjur terus mburu ing Pontjowati
budal sigeg.
Pontjowati romo lan Lesmono ketekan Tugonggo di takoni matur opo anane.
Tugonggo djur di daku wajahe di takoni nganti mlaju-mlaju ono opo matur jen di
buru Btl. Marijam. Romo dawuh poro pradjurit supojo di petukno, Btl. Marijam
ketemu poro pradjurit prang rame, wekasan Btl. Marijam mati ketaman
djemparing Guwo Widjojo kumpul ing Pontjowati.
-
Tantjep Kajon -
LAKON
MURWATKOLO RUWATAN
Setrogondo lumaju Btr. Kolo Durgobetari bolo pepak Rm. Betorokolo ndajuk pangan
ibune di utus njuwun ing kajangan, margo Btr. Guru iku ramamu. Kolo budal lan di iring poro lelembut sigeg.
Kajangan dewo pepak ketungko Btr. Kolo sak balane prang dewo kalah mundur
sigeg.
Kajangan guru Narodo Rm. Goro-goro ketungko tekane Btr. Kolo lan ibune arep
djaluk pangan terus diparingi pangan surjo munggah hargo Betorokolo arep di
mongso, di takoni sing kok mongso, Btr. Surjo, opo Surjo. Btr. Kolo di takoni biso djawab, terus bali takon marang
guru. Setrat guru lan Narodo tekane Btr. Kolo emoh dahar surjo margo panas. Guru
djur maringi memangsan, botjah otang anting kedono kedini, ondal andil lan
lijo-lijone Betari, wong ngrubuhno dandang wong meteng lunguh ing ngarep lawang
lan lijo-lijane. Btr. Kolo di tambah wong mlaku tengah awan Btr. Kolo budal
golek memangsan, sigeg. Kotjap Btr. Guru mlaku bedug-bedug kepetuk Btr. Kolo
nesu, dipasang adji kemajang. Btr. Kolo sumpjuh kojo di lolosi, baju anggone,
sijunge di ketok loro, wangkingan pasopati lan kolonadah, rambute diketok dadi
setan di utus nderek kolo lan kolo di paringi pedang lan wilah, jen arep di
mongso kudu di sisani pedang lan wilah kolo sendiko dawuh budal. Guru lan Narodo
nedyo arep golek Btr. Wisnu di utus ngruwat botjah sukerto kang kalebu aratane
Btr. Kolo budal.
Kajangan loko sonjo Btr.
Sukmomurbo lan garwo Sukmorini putro Umar lono. Rm. Bab wong sing kalebu dadi
mangsane Btr. Kolo putrane ngrungakno ing sak ngisore medyo, utowo diutus siram
djamas, ugo keno. Gandeng rumongso botjah sukerto klebu aradan, mlaju kepetuk
Btr. Kolo di adjak ndelik ing pipisan ing ngisor waloh ing pawon lan
lijo-lijone akir wong lingih ngarep lawang meteng di leboni Btr. Kolo ora mentolo ngundang ibune, dikon
ndjupukno, budal. Wong meteng linggih ing arep lawang ditekani Durgo bajine di
rogoh embokne mati bajine di gowo budal. Singlanan ki ageng darmolono nangis di duni Narodo, di utus golek dalang
sedjati budal sigeg. Setrat ki ageng Maling keke pamit sing wadon jen arep
lungo maling budal sigeg.
Kali aren ki ageng kali aren ki ageng loh landjar lan bodjone, podo Rm.
Ngelmu, ngreti jen arep ono maling. Ki ageng maling keke mlebu, weruh pupune
sing duwe omah wadon, arep di demek bengok-bengok maling di ojak wong telu
sigeg.
Medang kamolan Btr. Wisnu tekane guru lan Narodo Wisnu di utus dadi dalang
sedjtati, pangisape Btr. Kolo. Gong sekar delimo,
pandjak dewo natak songo di utus ngrebut pedang welat. Wisnu di wedjang
penetepan lan radjah kolo tjokro, supojo ngruwat botjah sukerto budal.
Wonge Murwokolo, bapak ibu
anak. Wisnu di tanggap, tekane Durgo gowo botjah baji sampir, kolo teko senden
ing wit kalopo dojong ing arep omah, di antup kolo djengking, di ipat-ipati di
tinggali setan 144, ndjur kolo ndelok takon iku lakon opo, Wisnu mangsuli iku
lakon dek djaman purwo. Btr. Kolo seneng bandjur Wisnu di tanggap Btr. Kolo,
nanging noh di opahi duwet njuwun di opahi pedang lan wilah ndjur di wulungake,
tekane Durgo nggowo baji sampir kolo weruh arep di djaluk di mongso ora entok
Wisnu awit pedang wilah wis ora ono kolo nesu di antem adji kemajan lumpuh kolo
anut panggalihe Wisnu kolo di idjoli sadjen bareng wis di mongso di utus bali
di kon nurut lawe wenang ndjur bali ing tegal panasan.
- Tantjep Kajon -
Tambahan sak
durunge Btr. Kolo teko, maling kang di ojak ki gede kali aren lan loh langdjar
mau mlebu ing kalangane pandjake dalang. Ki ageng takon karo dalang, jen ono
maling mlebu ing pandjakan, dalange mbelo, di utus ngetung jen pandjake genep
songo. Ki ageng di utus bali maling keke rumongso matur nuwun karo ki dalang,
lan ipat-ipat odjo nganti malingi omahe dalang lan pandjak, jen malingi omahe
dalang lan pandjak apes selawase urip budal lagi tekane Btr. Kolo.
LAKON PATINE MAESO SURO LEMBU SURO
Guwo Kiskendro Maeso suro Lembu suro, arep munggah kajangan njuwun Widodari
Dw. Utoro ngutus Lembu suro Djoto suro ing kajangan budal sigeg.
Prepat panasan Bromo lan poro dewo pepak tekane Lembu suro bolo-bolo
pasulajane rembug dadi prang dewo kalah kabeh di apusi Narodo, dikon bali
sigeg.
Nglugastino Subali, Sugriwo, Ponokawan, arep sowan ngarsane kang romo Bgw. Gutomo
ing nglugastino budal.
Nglugastino Resi Gutomo Dw. Indrati putro Andjani tekane kang putro, Subali
Sugriwo Punokawan, weruh mbakjune Dw. Andjani duwe dolanan.
Tjupu manik astrogino di merekno kadange loro Resi Gutomo takon, jen entuke
maringi ibune, ibune di takoni ora semaur. Kotjap naliko semo Dw. Indrati datan
biso mangsuli pitakone kang garwo awit naliko semono Tjupu manik astrogino iku
sedjatine paringane Btr. Surjo. Sojo dukane Resi Gutomo pitakon kang garwo
datan kawangsulan, dipasoto kojo tugu sak kolo dadi tugu. Tugu di buwang dadi
tapel wates Ngalengko lan Ngajugjo, ora badar jen ora ono lakon patine Prahasto
putrane telu di aturi, Tjupu bakal dibuwang sopo sing biso njekel ndisik iku
kang bakal duwe, Tjupu di buang tjemplorot, sigeg. Botjah telu podo nututi, ora
kojo tjemplorote tjupu ndjegur ing tlogo madirdo, botjah podo nggebjur sakolo
maleh wanoro, rehne samar, podo prang karo dulure, bareng sumbar sinumbar, lagi
ngerti jen sedulure, rehne Andjani kari disirati raine ugo dadi ketek, ndjur
botjah telu podo ipat-ipat ora kepati pati bali ing Nglugastino jen during dadi
manungso maneh. Sedyane arep topo Subali topo ngalong Sugriwo topo ngidang,
dene Andjani topo ing gompenge Tlogo madirdo, ora keno dahar jen ora ono barang
sing ono ngarepe, mulo jen ono angina soko wetan madepo ngetan lan sak
panunggalane, iku dawuhe kang romo, dadi sak wise dadi ketek podo sowan kang
romo disik lagi bali topo ndjur ipat-ipat.
Kajangan guru lan Narodo matur jen kadjokan musuh dewo podo asor. Guru
dawuh, jen musuhe Subali lan Sugriwo. Narodo di utus nggoleki budal. Setrat
Subali topo ngalong ditekani Narodo, diwungoni di suwuni tulung, Subali kerso
jen biso dadi manuso maneh dewo sanggup, di usap dadi manuso maneh. Subali
golek Sugriwo budal, ketemu Sugriwo di usap ugo dadi manuso maneh, di dawuhi
Narodo, jen biso mateni Maeso suro lan Lembu suro bakal di gandjar Dw. Utoro,
narodo dawuh sak durunge ketemu Sugriwo, dadi Sugriwo ora ngerti sing malehno
Sugriwo iku Subali. Subali ketemu Sugriwo, di adjak mateni Maeso suro lan Lembu
suro, awit saranane dadi manuso kudu biso mateni yakso ing guwo Kiskendro, kojo
ngono pangandikane Subali marang kadange, budal. Tekan ndjabane guwo Kiskendro
Sugriwo di utus ing djobo, Subali sing mlebu, mekas marang kang raji Sugriwo,
jen ono getih abang musuh mati, jen ono getih abang lan putih pertondo aku mati
bareng musuh sak wise mekas budal.
Guwo Kiskendro, Pr. Maesosuro, tekane Lembu suro, matur jen ora entuk gawe
Maeso: duko, ketekan Subali pasulajane rembug dadi prang podo digdane, Subali
entok dawuh ing dewo jen ora die du sirahe ora bakal mati, buto loro, di du
sirahe petjah utake mili campur getih, Kotjap Sugriwo eling kaweling kang roko,
nganggep jen kang roko mati, lawang ditutup, ing pngadjab nedyo munggah
kajangan njuwun Dw. Utoro budal. Kotjapo Subali ora biso
metu, lawang guwo di pantjal adjur nedyo arep nututi Sugriwo budal sigeg.
Setrat guru Narodo ketekan Sugriwo ponokawan, matur jen Subali
- Tantjep Kajon -
LAKON GETAH BANDJARAN
Giling wesi Pr. Getah bandjaran. Pt. Kolodrekso pepak. Ngutus Pt. njuwun
widodari Sekarwati ing kajangan budal sawadyo balane.
Mprepat kepanasan dewo pepak ketekan utusane Getah bandjaran pasulajane
rembug dadi prang dewo kalah sigeg di apusi Narodo.
Nglugastino Resi Gutomo Ponokawan lan Subali, Subali pamit golek ilmu
sedjatine urip budal dililani kang romo.
Kajangan guru dawuh Narodo supojo nggoleki Subali, kanggo nandingi Getah
bandjaran mbesuk di gandjar adji Pontjosono Pontjosuni lan di gandjar Dw.
Sekarwati Narodo budal sigeg. Setrat Subali lan Ponokawan ketekan Narodo Subali
di dawuh nderek ing kajangan budal, guru ketekan Narodo lan Subali poro
Ponokawan. Guru dawuh marang Subali, jen biso mateni Pr. Getah bandjaran di
gandjar adji Pontjosono Pontjosuni lan diparingi Dw. Sekarwati.
Subali budal, sak
durunge budal di wedjang ilmu lijo-lijo.
Giling wesi, Pr. Getah bandjaran ketekan Pt. Kolodrekso matur jen
biso katompo, nanging daupe jen wisono sasi Djumadi lawas. Sang prabu duko
jajah sinipi nedyo nglurug ing kajangan di iring wadyo balane budal, tekan
kajangan kepetuk poro dewo prang dewo podo mundur genti R. Subali prang wekasan
Getah bandjaran mati, ono swuro dumeling jojo Subali jen ono Maeso suro ing
guwo Kiskendro aku males karo kowe. R. Subali mangsuli mbesuk wani sak iki wani ndjur Subali sowan ing kajangan
budal. Kajangan Guru Narodo pepak poro dewo kesowanan R. Subali, gandjaran Dw.
Sekarwati di paringake lan guru dawuh supojo Subali bali ing Nglugastino,
Subali budal. Nglugastino Resi Gutomo kesowan kang putro lan garwo widodari
dewi Sekarwati lan poro Ponokawan.
- Tantjep Kajon -
LAKON REBUTAN MENJAK DJAENG KATONG
Prodjo Ngastino, Pr.
Sujudono, Pt. Sangkuni, poro Kurowo. Rm. Bab anggone roso kuwati marang poro
Pandowo, awit iku sedjatine musuh bebujudan, lan luwih matirake. Sangkuni matur
lagi iki Abijoso maringake pusoko tinggalane pandu swargi, marang poro Pandowo,
antarane puso-puso djamas asal paringan Dw. Rukmawati dateng Polosoro. Sak iki
aran pusoko kalimasodo, kalih pusoko lengotolo, asal kadadehan soko manuk
Garodo lan Gadjah gadjindro kang di agem pandu, sak iki nomo Djaeng katong.
Pusoko loro iku duwe kasijatan dojo prebowo linuwih, sarto kang kedunungan
posoko loro mau kuwad djumeneng noto bima. Sengkuni mrajogani pusoko loro mau
direbut. Sujudo nimbali Arjo Durso sonoprelu ngombjongi poro kurowo, prelu
mundud pusoko pandowo ing kasatrijan ndjur budal.
Madeg ing kasatrijan Ngastino poro pandowo Kunti lan poro Pandowo, Rm.
Premadi anggone kautus ing bumi Rahtawu, lan Seno anggone golek kebutuhane,
kasatrijan, ora suwe tekane Sangkuni, kautus kang roko Drestonagoro ngampil
pusoko Djamas lan Lengotolo. Kunti ora duwe toho-toho pusoko nuli di ulangake,
Sangkuni bali. Sak baline Sangkuni, tekane Seno di aturi ibune, Seno banget
sumelang, nedyo ngetutake Sangkuni Sangkuni lakune ketututan di takoni jen
pusoko arep di djaluk jen wis rampung mulo Seno arep melu. Poro Kurowo ora
entuk prang, pusoko biso di rebud Seno loro-lorone. Nanging Seno di krojok
Kurowo, pusoko sidji kang di wadahi tjupu Mandeworo kabuwang tjumlorotn djegur
ing sumur djolotundo. Seno bali nggowo pusoko djamas. Kurowo nerusake mburu
tjupu Mandeworo arep di djupuk, nanging kapekso tjabar kuro: bali matur ratu
gustine budal sigeg.
Rahtawu Abijoso di adep kang wajah Premadi lan Punokawan matur jen Pandowo
wis biso manggon. Abijoso dawuh jen pusoko Tjupu mandeworo iki karebut wong
kurowo, nanging iki ndjegur ing sumur Djolotundo, ora ono kang biso djupuk jen
ora Rs. Kumbojonoawit ono sarat sarono darno duwe pusoko Suro sengkali, mulo
poro kadangmu, kudu geguri lan mituhu pangandikane Darno, supojo pusoko biso
bali ing pandowo. Premadi nuli budal kalilan sigeg.
Setrat kasatjitran Pandowo Kunti nompo sowane Premadi lan Punokawan, matur
opo pengandikane ingkang jang, ora suwe tekane Seno bandjur matur, jen Tjupu
mandeworo kasawatake, kiro-kiro tibo ing Sumurdjolotundo, sak tengahe alas
(Setrogondo lumaju) djati roto dene pusoko
Djamas, keno tak rebut, bandjur di aturno kunti, ndjur Kunti paring dawuh poro
Pandowo mundud lengotolo ing Sumur djolo tundo, budal sigeg.
Setrat poro kadang Kurowo Sujudono Kurowo pepak, kabeh podo arep budal ing
alas Djatiroto arep djupuk Lengotolo budal sigeg.
Madeg ing Pandepokan Sokolimo, Pdt. Durno, Bujud
Purotomo, Bam: Aswotomo, Rm. Bab peparinge dewo rupo pusoko, aran Suro Sengkali, ora suwe Pdt. Durno
weruh tjuplorote tjupu madeworo, kakiro tibo ing sak tengahe alas Djatiroto. Bandjur
diparani nggowo Suro sengkali budal.
Setrat Sumur djolotundo,
ketekan poro kadang kurowo, podo tandang djupuk lengotolo nanging kapekso
djabar, ora entuk gawe, podo mundur ketekan poro pandowo ugo tandang ndjupuk
nanging ugo ora biso, mundur ora suwe tekane pdt. Durno, nglepasake Suro
sengkali, lepas tutug dasare sumur, biso nggowo tjupu mandeworo di aturno Pdt.
Durno. Bandjur Kurowo lan Pandowo podo njedaki Durno, njuwun lengotolo. Durno
banget kaweken, mulo dawuh supojo di timbang, endi kang abot, kurowo lan
Pandowo. Durno njipto patulotradju, gumadul ing wit djambu, wohe montjowarno.
Kurowo lan Pandowo di utus munggah ing tradju. Kaelokan dewo senadyo Kurowo
luwih akeh, mekso abod pandowo. Kurowo ora narimakno, Durno gawe patembodjo
maneh, sing sopo biso ngunduh djambu kang wohe montjowarno jo kuwi seng duwe,
Kurowo ora biso Pandowo kang biso. Kurowo mekso ora trimo. Durno gawe sajembara
sepisan maneh sing sopo biso gawe kali sing banjune bening keno kanggo sesutji
iku kang duwe Lengotolo. Kurow
podo tandang gawe kali nganti suwe, tur ora metu banjune lan ora dadi. Kotjap
Broto Seno lan ranji Premadi banget kawekan ing manah, sawuwane Durno luwih
elok. Broto Seno matek adji Bandung Bandowoso, Premadi matek adji pameling,
biso nekakake poro dewo, podo rewang gawe kali, biso dadi lan biso mili.
Premadi namakno pusoko Pasopati, kojo di duduk terus andjog ing samodro. Seno
anut lakune sandjoto, metune riwe dadi banju wening, mili turut dudukan, temah
dadi kali mili tur banter banjune wening. Durno di aturi Pandowo, bandjur weruh
banjo wening di anggo adus, di tutno poro pandowo, kali di djenengake kali
seraju kang mili ngalor di arani kali gelis. Tjupu di paringke pandowo kurowo
ora narimakno ing semu, durno njipto Lengotolo kanggo malsu Kurowo, Tjupu isi
lengo di buang endi sing gelis iku sing duwe. Tjupu di buwang petjah Sangkuni
gulung-gulung ados Lengotolo roto badan sekudjur, mung djubure sing ora. Mulo
Sangkuni iku kulite ora tedas gegaman, mulo mbesuk prang Barotojudo patine di
lulangi soko djubur, bareng wis rampung ados lengotolo, podo soroh amuk Pandowo,
prang kurowo mundur, tajung Pandowo kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON BANDJARAN DJALI
Giling wesi. Pr. Bandjaran djali. Pt. Dandang putih pepak poro wadyo, dawuh
jen arep nagih potang pati ing Nglugastino, R. Subali budal.
Nglugastino Resi Gutomo. Pt. Djembawan putro, Subali lan Sugriwo, ketekan
pradjurit Giling wesi nedyo ndjaluk patine Pr. Resi gutomo sak putrane, dadi
prang pradjurit Giling wesi wekasane kalah mundur sigeg.
Semar, Gareng, Petruk, Bagong. Rembugan arep sowan ing Nglugastino budal
sigeg.
Giling wesi Pr. Bandjaran djali ngarep-ngarep Pt. Dandang putih, ora suwe
Pt. Dandang putih teko matur jen asor judane, Pr. Bandjaran djali djekar metu
awing-awang budal di iring poro wadyo balane sigeg. Setrat
Nglugastino podo petjak baris, kedjogan musuh soko Giling wesi prang rame bolo
di balangi soko awang-awang akeh sing podo tiwas, wekasan pradjurit Nglugastino
kalah margo di balang soko awing-awang sigeg.
Kajangan guru lan Narodo
podo nggagas anane goro-goro guru dawuh narodo supojo mudun ing Ngartjopodo
ngaturi wuningo marang resi gutomo, sing ngasorake Pr. Bandjaran djali iku Pt.
Djembawan Narodo budal sigeg.
Setrat resi Gutomo ketekan
Narodo paring dawuh jen kowe duwe pradjurit kang topo wadat, ora kerso rabi jen
ora entuk prawaniku utus prang. Iku kang bakal biso ngasorake Pr. Bandjaran
djali Narodo bali resi gutomo nimbali Djembawan supojo mbalekno musuh.
Djembawan budal ing pabaratan metuki musuh prang Djembawan di balangi soko
awing-awang ora di roso. Pr.
Bandjaran djali di pandeng Djembawan kantoko prang karo Djembawan wekasan Pr.
Bandjaran djali di pateni Djembawan, ono sworo dumeling eling mbesuk jen ono
ratu Garutjopo Pr. Banontjopo Sloko kang rusak suro lojo, aku males kowe
Djembawan. Setrat Nglugastino sowane Djembawan Subali Sugriwo Resi Gutomo
paring dawuh jen Subali kawini sudo dadi ratu nggenteni pelungguhane resi
gutomo Djembawan tetep matih Sugriwo kang dadi tetimbangane kang roko. di
pahargjo.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE POLO SORO
Sewu negoro Pr. Prowolosekto pepak, ngutus patehe supojo nglamar ing giling
wesi dewi sukeli budal.
Giling wesi Pr. Sukolo ngutus metukake pradjurit sewune goro budal, kepetuk
pradjurit sabrang prang sewang-sewangan, sigeg.
Gadjah mungkur, Bgw. Sekutrem lan putrane Bm. Sakri
lan Ponokawan. Sakri pamit kang romo arep kiter djagad terus di wedjang sapdo
tunggal, sabubare di wisik budal sigeg.
Setrat Giling wesi Pr.
Sukolo lan putro Dw. Sukeli Pt. kolo drembo, ketekan poro rodjo njuwun daup Dw.
Sukeli Pr. Sukolo paring dawuh sing biso malujakake anggone nandang gerah bisu,
Dw. Sukeli iku kang dadi djatuk ramane. Kabeh podo ora biso mundur. Pr. Sakolo
dawuh patihe supo mundyo warakake, ing alun-alun budal. Setrat sakri kepetuk
Pt. ditakoni, matur Purwowasono. Sakri njaguhi budal di sowanake sigeg. Setrat
Giling wesi lan sukeli, tekane Pt. lan Sakri, bandjur di utus djampi, Sakri
matek adji Sapdo tunggal, Sukeli biso walujo temah djati ndjur ngandiko terus
sakri di daupno marang Sukeli, Sakri di paringi negoro seapro sak wetane pasar,
terus gawe negoro matek sapdo tunggal njuwun isen-isene prodjo, sakolo dewo
maringi negoro dadi sarwo endah podo karo kajangan. Sakolo takon sopo sing gawe
negoro kok biso sanaliko dadi, sakri mangsuli jen paringane dewo, awit soko
dajane sapdo tunggal. Sing
maringi sopo, kanjeng romo sekutrem. Sakolo tanpo pamit ing pangodjap bakal
meguru karo sekutrem budal sigeg.
Gadjah Mungkur Bgw. Sekutrem, ketekan sukolo matur jen dadi besane, lan
nganti sowan prelu arep meguru adji sapdo tunggal, si semajani nggudjeg terus. Sukolo
di pasotake dadi buto. Bgw. Sekutrem di saut mengkrat ilang sukolo bali
sungkowo ing batin sigeg.
Kumbino Bgw. Kumboro putro
Kumbinowati di dawuhi ing mburi, tekane sukolo, njuwun tulung supojo dadi
manuso maneh Bgw. Kumboro
ora saguh Bgw. Kumboro di pateni. Sukolo bali sigeg. Setrat Rd. Suprodjo putro
Bgw. Widuro pajunan, nedyo ngajunake Kumbiwatiing Kumbino budal. Setrat
Kumbiwati ketekan Rd. Suprodjo arep di pundut garwo ora kerso, di gudjeg
Suprodjo di pasotno dadi ulo Kubwt: diburu mlaju sigeg.
Giling wesi Sakri lan garwo
Sukeli Ponokawan. Sakri nedyo arep nusul Sukolo lan garwo ora kerso di tinggal,
dilimpe sakri budal, Sukeli tangi nedyo bakal nusol kang garwo budal sigeg. Setrat Rd. Sakri kepetuk Sukolo di takoni matur jen
disotno Bgw. Sekutrem, bandjur Sekutrem tak pateni. Sakri ora narimakno prang sakri kalah matek sapdo tunggal
sakri dadi loro, sing sidji terus prang sakri palsu mati. Sing tenan arep bali
ing Gadjah mungkur. Setrat Semar sak anake ketemu Sukeli ngadjak golek garwane
bareng weruh jen garwane sedo Sukeli mbengok pambengoke Sukeli mbarengi laire
baji sing di kandut getih blabar-blabar. Sukeli tumekeng pati semar sak anake
podo nawani getih weruh ono baji di duni Narodo lan Widodari Gagar majang arep
ngedus baji. Bareng baji didus katon gede di djenengake Polosoro soko tembung
di rumat (di polosoro) katone baji di tawu getehe, di djeneng pertapan Rahtawu
Narodo budal lajone Sukeli di gowo ing kajangan budal. Polosoro lan Ponokawan
nerusno lakune ing dalan kepetuk Sukolo Semar di takoni jen putro Sukeli lan
Sakri. Sukolo dawuh jen Sakri di pateni. Polosoro ora trimo prang Polosoro
kepandjingan sukmane Kumboro, Polosoro njandak djemparing keno djanggane Sukolo
mati. Sigeg ora kojo plajune Kumbiwati di buru Suprodjo njuwun tulung Polosoro,
tekane Suprodjo, di malehno manuso maneh ndjur di jodokno bandjur di adjak bali
ing Kumbino.
- Tantjep Kajon -
LAKON BABAT WONO MARTO
Ngastino. Sujudono. Durno Kurowo pepak. Rm. Pendowo
during entuk panggonan, mesti njuwun negoro Ngastino. Durno matur jen bab
Pandowo gampang Seno kudu mati, jen
Alas Samarto Rodjo Gandarwo
pepak poro wadyo, di utus njatakno awit alas di babat manuso budal, budal
ketemu Seno prang bolo Gandarwo kalah sigeg.
Rahtawu Abijoso Premadi
Ponokawan, kang ijang dawuh supojo nusul Seno ing wonomarto budal, ilmu gaib di
wedjangno dajane biso weruh lelembut budal. Setrat gandarwo tekane poro setan
matur jen kasoring judo gandarwo tindak dewe, kotjapo Seno nerusno angone babat
di tekani gandarwo prang Seno di bondo di krojok poro seluman sigeg, Setrat
Djim Suparto lan garwane Djim Suparti arep tilik ing tengah alas ketemu Premadi
Suparto di takoni matur jen arep mateni Seno kang babat satengah alas, prang
djim Suparto kalah ndjur mandjing ing sumpinge, Suparti lelo madjing ing
sumping kiwo jen ono gawe pari gawe biso di undang lan biso mbantu sigeg.
Premadi nerusno lakune, ngrung wong sambat-sambat Premadi matek ilmu gaib weruh
jen Brotoseno dadi bandan lan weruh poro seluman, Seno di utjuli poro seluman
di undurake lan gandarwo biso martjo mbesuk males jen ono lakon Seno panggang
sigeg.
Pringgodani Pr. Kolo Harimbo
di adep putrane Arimbi lan Probokiso kolokatung lan Brodjodento lan
sapanunggalane krungu jen alasedi babati manuso Pr. Kolo Harimbo utusan, supojo
di pateni wong sing babat alasmu, Arimbi budal, ketemu seno prang poro
pradjurit rasekso kalah, Arimbi madju bareng weruh seno gandrung seno balik
mlaju sigeg Pr. Gading pawukir (buto) nedyo are njegad lakune Seno, kepetuk
prang gading pawukir kalah mandjing sak djiwo karo Seno mulo Seno katambah asmo
Gading pawukir. Setrat
Arimbi nututi Seno banget anggone karungrum, sungkowo penggalihe katampik
marang Seno. Kotjapo praptane Umo betari manggihi Harimbi, ngendiko ngger kowe
ora bakal diarepi Seno margo siro isih wudjud buto (Raseksi) siro tak dandani
supojo dadi putri kang luwih endah mengko Seno mesti kerso mundud garwomarang
siro, awit Seno kuwi pasti dadi garwamu awit wis djinongko kersane dewo, Btri.
Arimbi biso maleh aju, di utus ketemu poro Pandowo, luwih-luwih ketemuo marang
Dw. Kunti di pasang pengasihan, Dw. Arimbi budal. Setrat Dw. Kunti di temoni Arimbi,
Arimbi nalongso marang kunti, ndjur Arimbi di utus mire disik ketekan Seno di
takoni ibune, matur jen arep di eloki Raseksi aran Dw. Arimbi,
aku di utus dadi bodjone, aku moh diburu. Kunti tansah ngaripih marang seno
supojo kerso, nanging Seno panggah, bareng di tuduhno Arimbi bandjur gelemm
dadi bodjone (ono keterangan sitik) jen isih ono wetune biso di perangake karo
sedulure Arimbi nanging kadange teluk jen ora biso di tinggal.
Ngendroprasto poro rodjo
djim pendowo Djim Puntodewo Djim. Seno Djim. Djanoko Nakulo Sahadewo. Rm. Arep
golek suwargo nunggal sadjiwo karo manuso, iki kebeneran, ono manuso kang podo
karo djenengku Pandowo, ajo podo goleki budal sigeg. Setrat Kunti lan Pandowo
ing wewangunane alas kang wis di babad poro pandowo katon ono kraton luwih
endah di djenengno kraton Ngamarto (Wonomarto) ora suwe tekane Djim pandowo
soko Ngendroprasto nedyo ngusir poro pandowo, prang rame wekasan Djim Pandowo
podo madjing ing Pandowo limo, terus katon ono kedaton, di tambah kedaton
Ngendroprasto. Podo kumpul Durgandono di adep poro wajah.
-
Tantjep Kajon -
LAKON PURU SODO KROMO
Negoro Rekno kondo. Pr. Puru
sodo Pt. kolokandasn lan wadyo balane ngutus nglamar Ambajun lan Aboliko,
putrane pendito Puspotjitro kang dumunug ing pretapan Gunung
Pertapan Gunung
Wiroto Bgw. Polosoro lan
garwo Dw. Amiswati Ponokawan Rm. Arep napakno putrane Abijoso budal.
Setrat Raden Sentanu momong
putrane kang aran dewo broto kepetuk polosoro lan garwane, sentanu nembung
supojo putrane disusoni marang Amiswati, Polosoro ora entuk prang, dipisah
Sakri sing
Ngastino Tjitro seno lan Pt.
Tjitro gondo, Rm. Ramane sentanu golek duduh susu, tekane sentanu lan poro
putro, ketekan Ambajun Ambiko njuwun tulung awit di buru Puru sodo Tjitro gondo
Tjitro seno sanggup prang botjah loro mati kabeh. Setrat Djojo Sentiko rerasan
naliko Gondowidjo ngratu ing Ngastino dewekne patihe, ketungko putri loro
njuwun tulung ketekan Puru sodo prang di getak mletik, putri loro mlaju bali
Puru sodo bingung ora weruh parane leren mesanggrah ing alas Ngastino sigeg.
Setrat negoro Ngastino, Sentanu Polosoro Amiswati Dewo Broto Abijoso,
Ponokawan, ora kojo tibane Djojo sentono ditakoni matur purwowasono, bandjur di
tetepno dadi patih Ngastino maneh, Sentanu dawuh jen wis ora duwe kuwoso ing
prodjo Ngastino, awit wis di idjolno duduh susu tekane putri loro njuwun
tulung, terus dikon ndelik, tekane suprolosoko ploso djenar nitipno prelu
nitipno putrane loro Gendoro lan Gendari, di tompo jen biso mateni Puru sodo
prang suprolo mati di Bantu kustowo puru sodo mati Kustowo sowan ing Ngastino
nempokno putune ing tembe bakal dadi patih ing Ngastino kumpul.
-
Tantjep Kajon -
LAKON WAHJU SUSILO BAWONO
Ngastino Pr. Sujudono
kahadep Durno, Saljo, Kresno. P.S, Bolodewo, Sangkuni. Rm. Wurung prang
Barotojudo, lan Pandowo kudu rukun. Nagoro Ngastino di poro, supojo Pandowo ora
ngudi prodjo Ngastino. Karno ora setuju bab wurunge Baratojudo awit
Ngawonggo Surtikanti, ketekan karno, ora suwe ketekan Ontoredjo matur
wigatine pisowanan. Karno dawuh, supojo mapakgake kurowo, budal kepetuk Kurowo
prang Kurowo mundur, Onto di dawuhi karno nunggu karno nedyo arep malingi
prodjo Ngastino, golek poro Pandowo, budal sigeg.
Setrat tibano poro Ponokawan, Gareng Petruk Bagong. Rm. Anggone di usir
Pandowo, awit keno pambudjuke Kurowo, bandjur arep dadi begal, angger ono wong
liwat di begal kanggo kebutuhan, budal sigeg.
Dumuk amun-amun Sakjang wenang, di adep Wisanggeni, di utus ngudunake wahju
Susilo bawono di walungake Ongkowidjojo budal sigeg. Setrat Kresno rerasan arep
sowan ing arsane Sahjangwenang arep njuwun wahju di pandjingno putrane, ketekan
Wisanggeni Kresno di umpah-umpah ora suwe tekane Semar podo rembugan, jen wahju
ora biso di tompo sopo wae, kudu di tompo ongko da aturno Semar di kon ngaturno
guru sak iki Guru ora ono, nanging mengko bakal ketemu dewe. Semar lan Kresno
di malehno Bolodewo. Semar Kresno budal.
Setrat Ponokawan ing alas ketekan Bolodewo lan Kresno arep di begal ketekan
Wisanggeni. Gareng Petruk di malehno Djanoko, di kongkon ing taman kadilengeng
nemoni Banowati budal.
Setrat Kresno lan Bolodewo, ketekan Bolodewo lan Kresno membo, podo prang
rame, wekasan badar dadi guru lan semar, Kresno Bolodewo di duni Wisanggeni
guru di utus nuruno wahju Susilo Bawono supojo di paringake Ongko, budal.
Setrat taman Kadilengeng Banowati nunggoni Djanoko semapud, ketekan Djanoko
telu podo ngeneng-ngeneng Banowati. Djanoko telu di du badar Ponokawan, Djanoko
di djupuk Karno budal ing pakudjaran Pandowo di tekani Karno di gowo di luwari
budal sigeg. Setrat Ongko: ketekan Btr. Guru maringi wahju Susilo Bawono, sak
wise Guru bali sigeg. Poro Kurowo ngrebud wahju di undorno Pandowo tajung.
- Tantjep Kajon -
LAKON BEDAHE NGLOKOPOLO
Ngalengko Pr. Dosomuko Pt. Prahasto, di utus mbedah negoro Nglokopolo
Prahasto arep moh wedi ndjur budal sigeg.
Nglokopolo Pt. Djojokisworo bolo, ketekan Pt. Prahasto nedyo ndjarah prodjo
Nglokopolo prang Pt. Djojo kalah sigeg.
Alas Rd. Subali Ponokawan, bukane nedyo arep topo supojo tetulung adjine
pontjosono lan Pontjosuni ono sing njuwun budal ing pangadjap arep topo ing
tapel wates lokopolo lan Ngalengko sigeg. Setrat Pr. Rahwono nedyo arep nglug
ing Nglokopolo budal sigeg.
Nglokopolo Rd. Bisowarno Pt. Djojokisworo bolo, tekane
Pr. Rahwono Bisowarno di tjekel di kon teluk ora gelem prang Rahwono di panah
keno pilingane mati. Setrat Prahasto lan Togog Rm. Seneng atine margo rahwono
mati arep matur ibune Sukesi. Setrat Dw. Sukesi ketekan Prahasto matur jen
Rahwono mati, terus Sukesi nedyo munggah kajangan budal.
Poro dewo podo djogo tekane
Sukesi njuwun dalan, dewo ora nglilani prang dewo kalah sukesi nerusno lakune
sigeg. Setrat kajangan, Guru
lan narodo kerawuhan Sukesi matur jen putrane Pr. Rahwono mati di kon nguripno
Guru ora gelem guru di welehno naliko lakon laire Dosomuko sing mandjing ing
kolo sinten, bandjur Narodo di utus mudun ing artjo podo gowo banju pengurip,
ketemu lajone Rahwono katetesan banju pengurip getihe bali kabeh Rahwono
(Dosomuko) biso urip mulo di arani Rahwono, awit getih mblabar ngebegi alas,
ibune di kon bali Ngalengko Doso: bali prang maneh budal, kepetuk Rd. Bisowarno
prang Rd. Bisowarno di tjakup dewo di dadekno genepane dewo. Negoro di pasrahno
Pt. Djojo Kisworo. Doso nedyo bali ing alas kepetuk Subali bage binage, dadi
prang, Subali di limpung tjatjah-tjatjah di sumbari Pr. Dosomuko biso urip,
Subali biso mati urip maneh. Suwe-suwe Dosomuko meguru Subali sak bubare di
wedjang Subali di pisuhi di isin-isin karo mlaju balik.
- Tantjep Kajon -
Keterangan, buku
iki salah sitik, jen di pentas sake, odjo nganggo djeneng Rahwono, jen durung
dosomuko mati. Sak wise Dosomuko di uripake narodo lagi duwe djeneng Rahwono,
semene keterangane.
LAKON GONDO WIDJOJO NGASTINO
Sukodono Pr. Noto prodjo
Djojo Lengkoro pepak, Rm. Arep ngleboni giri patembojo putro Ngastino di
tjolong bojo jen biso nemokno di djodokno, budale numpak kapal ambles segoro
budal.
Sepokal Pr. Pakuwodjo bolo, ketekan pradjurit sukodono prang, ora kalah ora
menang simpangan sigeg.
Gadjah Mungkur sakutrem Ponokawan pamit kang romo arep golek ilmu sedjati
budal sigeg.
Ngastino prabu Gondowidjojo
Pt. Djojo Sento Bgw. Dewo mangklang, paring dawuh sopo sing biso nemokno
putrane bakal di djodokno, lan diparingi negoro sigar semongko, ketekan rodjo
sewu negoro, ora pretjojo jen ilang dadi prang ora ono sing asor, sigeg. Setrat
dewo mangklang dawuh Gondowidjojo supojo njuwun tulung Rd. Sakri putrane
sekutrem ing gadjah mungkur budal sigeg utusan.
Gadjah mungkur Bgw. Sekutrem
Sakri Ponokawan ketungko Pt. Ngastino, matur marang Sakri jen biso nemokno
putro Ngastino kang di tjolong bojo lan ngondorno rodjo sewu negoro bakal di
djodokno lan di paring negoro Ngastino sigar semongko budal. Setrat
Gondowidjojo lan dewo mangklang tekane Pt. lan Sakri, di dawuh nggoleki
Gondowati kang ilang budal, ketemu rodjo sewu negoro prang, kotjapo bojo kang
manggon ing Bengawan podo maleh manuso, tjampur lan pradjurit sewu negoro melu
merangi, sewu disaut di djegorno bengawan, di panah rodjo bojo maleh Gondowati,
njaut maneh di panah maleh kaki, poro rodjo sewu negoro mesanggrah sigeg.
Setrat Sakri, S.G.P weruh jen rodjo sewu negoro di djegurake bengawan, bandjur
njegur ing bengawan sak Ponokawan nedyo golek retune Bojo sigeg. Setrat ratu
Bojo, Djalu sosro Djalu mampang Djalu warno, ketekan Rd. sakri prang, wekasan
ratu Bojo nungkul kabeh Gondowati di ulungno malah Sakri di wedjang Adji
Tjiptoroso kasijate biso ngambah sak duwure banju Sakri budal. Ngastino
Gondowidjojo dewo mangklang rawuhe Sakri gowo putrane Gondowati terus di
daupno, ketekan rodjo sewu negoro njuwun Gondowati prang sabrang mundur.
Gondowidjojo dawuh supojo Sakri dadi ratu ing Ngastino, nanging Sakri ora kerso
njuwun pamit bali ing Gadjah mungkur, budal ing Gadjah mungkur karo garwane
sigeg.
Gadjah mungkur Bgw. Sekutrem ketekan Sakri lan garwane, di dangu matur jen
di pasrahi Dw. Gondowati bandjur di utus nentremake sariro sigeg. Setrat dewo
mangklang gagasan jen duwe seneng karo Gondowati, arep ngapusi Gondowidjojo
keben soroh amuk ing Gadjah mungkur. Gondowati keben di ulihake budal. Setrat
Gondowidjojo Pt. ketekan Bgw. Dewo mangklang mbudjuk jen putrane Gondo di
pitnah Sakri Gondowidjojo muring nedyo nglurug ing Gadjah mungkur, karo nglogo
pusoko, nedyo mateni Sakri budal sigeg. Setrat Bgw. Sakutrem dawuh Sakri supojo
metu awit ono sworo anggegirisi, Sakri weruh jen morotuwane di tjedaki Sakri di
suduk mati, Sekutrem weruh putrane sedo Gondowidjojo di sedakno dadi buto
sigeg. Kotjapo Dw. Gondowati inh pertapan ijen ketekan dewo mangklang arep di
pek bodjo, ora gelem mlaju sigeg. Setrat Pt. Djojo sentono arep nusul gustine
budal, ing dalan kepetuk Gondowidjojo wis wudjud buto, di dangu matur jen arep
golek ratu gustine ndjur di paringi dawuh purwowasono, ora kojo plajune
Gondowati di takoni jen di buru dewo mangklang ketekan Bgw. Dewo mangklang
prang dewo mangklang di pateni Gondowidjojo paring dawuh putrane purwowasono
putrane nangis, di sareh sawise sareh di dawuh bali ing negoro Ngastino ,besuk
goleko pertapan Argodjati jen arep weruh aku kang peparap Bgw. Bagaspati
Gondowidjojo, awit aku arep nebus doso, margo ake mateni wong kang tanpo doso,
Gondowati bali ing Ngastino Gondowidjojo nerusno lakune, Ngastino Gondowati Pt.
Djojo Sentono.
- Tantjep Kajon -
Tambahan ono sing
kurang sak bubare sakri di pateni Gondowidjojo ono sworo. Jojo Gondowidjojo
kowe mateni aku nanging lali-lali den eling-eling mbesuk jen ono lakon Norosomo
tundung aku males mateni kowe, awit kowe mateni anak mantu kowe bakal di pateni
mantumu.
LAKON POBOSORO NAMBANGO SENTANU MOMONGI
Reknokondo Pt. Kolo kandasan, utusan nglamar Dw. Abajun
lan Ambiko, putrane Bgw. Puspotjitro
kang dumunung ing Gunung
Laladan Wiroto, Pt. Kustowo bolo kang podo djogo ketekan Pt. Kolo kandasan
kesasar tekan laladan Wiroto sulajane rembug dadi prang simpangan sigeg.
Wiroto Sentanu Dw. Gagar majang garwane sentanu lan Polosoro Rm. Garwane anggone
anggarbini wis meh wantji babaran. Polosoro odjo nganti tindak-tindak nanging
Polosoro kepekso njuwun pamit nurut djangkahe samparan budal. Kotjapo sak
tindake Polosoro Dw. Gagar majang babarake kakung sang dewi sedo makajangan.
Sentanu kapekso momong putrane separan paran sigeg.
Djung biradji Pr. Kolo sugotro, kasemaran Dw. Sentoniwati adine Sentanu ing
nagoro Ngastino, nedyo arep di tjidro budal sigeg.
Setrat Ngastino Dw. Sentaniwati emban Rm. Kadange Sentanu momong putrane
keturon di tjolonh Kl: sugoto budal.
Setrat Purusodo ketekan Pt. matur jen ora entok gawe malah kesasar, ndjur
Purusodo tindak dewe nggoleki Ambajun lan Amboliko budal.
Pertapan Gn. Padang Bgw. Puspotjitro putrane Ambajun Amboliko lagi
rembugan, ketekan Purusodo njuwun putrane loro Bgw. Ora pareng dadi prang Bgw.
Mati putrane di ojak-ojak putrid loro podo mlaju kesasar sasar tekan prodjo
Wiroto, ketemu Kustowo. Putri loro njuwun tulung, ketekan Purusodo ditakoni,
dadi prang Kustowo di rimah-rimah adjur balunge kulite ora ono sing dedel di
sebul tibo ing alas Ploso, Purusodo nerusake mburu kelangan ambet budal.
Setrat Polosoro lan Ponokawan, Polo topo nganti sirahe di susohi manuk
emprit lanang wadon endoge petjah ndlewer ing raine. Polo nesu manuk diburu
arep di pateni, lakune kesasar tekan alas Ploso, ketemu Kustowo di takoni, kok
nganti nandang rogo, Kustowo matur Purwowasono, bandjur di usadani waras, di
utus topo ono ing alas Ploso. Polo nerusno mburu manuk sigeg.
Wiroto Pr. Sempati Pt. Djojonegoro lan putrane Dw. Amis Rm. Bab putrane
nandang gerah amis, entuk sasmitane dewo, biso walujo jen di larang ing rowo
sedu budal sigeg.
Setrat Kustowo anggone nuhoni dawuhe Polo di utus topo, ora kojo tibane Kl.
Sugot lagi mentas njidro Dw. Sentoniwati soko prodjo Ngastino. Kustowo nendro
anggone topo, ditakoni ngaku. Sentaniwati di suwun dadi garwane Kustowo, di
adjak bali ing Ngastino sowan Polosoro budal sigeg.
Setrat Pr. Sempati ngarung putrane Dw. Amiswati ing Rowo sedu di tumpakno
djukung. Kotjap Polosoro mburu manuk kadangan rowo ngundang wong numpak
djukung, supojo di tambangno, Dw. Amiswayi gelem nambangno jen biso nambani
anggone nandang gerah, Polosoro saguh, ndjur di pususno suruh lan empu kunir,
di paremake, biso walujo temah djati. Suruh di buang sing kanggo ngilangno
gondo, dadi manuso, di djenengno Gondomono mbesuk matih ing prodo Mandoro. Empu
kunir kanggo ngilangake molo di buwang dadi buto di djenengke Rodjomolo.
Bandjur Polo di tambangno, ono sak djrone djukung kontjane Ambarwati jo
Amiswati nglingkap kamane Pol: korut di buwang di saut iwak babar kintjokorupo
Rupokintjoko. Wis tekan wetan rowo semar misuh-misuh nusul njabrang. Manuk di
djemparing babar dadi Guru lan Narodo, dawuh marang Polo supojo ndaup marang
Amiswati. Putro putrane sing kedadejan soko tambane Ambarwati mau jen ono
kebutuhan bakal biso mbantu. Katjarito Dw. Amiswati nggarbini mejo skakung, di
djenengno Abijoso bandjur di adjak bali, kotjapo Sentanu ngetutno putrane
Dewobroto bareng weruh pajudarane Amiswati sakolo disesep, Polo ora narimakno
prang marang Sentanu, di pisah dewo, lan Sentanu sanggup ngidjoli duduh susu negoro Ngastino di
idjolno duduh susu, di sekseni poro dewo. Botjah loro disedulurno, podo di
adjak bali ing Ngastino, botjah loro wis podo gede Sentanu masrahno negoro
Ngastino Sentanu trimo ngempeng sak djrone urip. Katjarito lagi podo rerembugan
kesaru plajune Ambajun Ambiko djaluk tulung, bandjur di tulungi, putri loro di
daup botjah loro. Ambajun entuk Abijoso Ambiko Dewo Broto. Dewobroto pamit
prang kang garwo arep nderek ora di parengno, mekso di giri-giri di tong-tongi
gaman di tubruk tenan Dw. Ambiko tekeng sirno, ono sworo mbesuk jen ono lakon
Baratojudo patine Seto aku bakal mandjing Srikandi putri Tjempolo aku males,
mulo dewo Broto topo wadad, awit keduwung. Purusodo soroh amuk mati di kintil
Kintjoko rupo Bes males jen ono lakon djagal abilowo pradjurite podo soroh amuk
biso di undurno pradjurit Ngastino kumpul ing Ngastino.
-
Tantjep Kajon –
LAKON DALI WERNO
Samodrolojo Pr. Daliwerno
Pt. Palwo samodro. Pt. diutus njuwun Dw. Selowati garwane Budjonggolowo ing
Pontjowati, Pt. budal.
Pontjowati Budjonggolowo
Sugriwo Anggodo Anilo, di utus djogo prodjo, budal. Kepetuk utusane Diliwerno,
prang Pontjowati kalah, sigeg.
Kasatrijan Manduro, Rd.
Kunti bodjo lan Ponokawan arep tilik kang romo ing Pontjowati budal sigeg.
Pontjowati Budjonggolowo wes di adep kang putro Rd. Kunti bodjo, ketekan Pt.
Sugriwo matur jen ketekan utusan soko Samudrolojo, njuwun kang garwo Dw.
Selowati, lan pradjane pisan, Budjonggolowo budal kairing wadyo balane, prang
maneh, poro Wanoro pekso kalah sigeg.
Setrat Samudrolojo lan
pamane Mino Minangkung tekane Pt. Daliwerno budal, kepetuk pradjurit Pontjowati
prang Budjonggolowo Budjonggolowo kalah mlaju nedyo njuwun tulung kang romo ing
Tjokro mlaten budal sigeg.
Tjokromlaten romo lan
Lesmono, Tribisono. Ketekan Budjonggolowo, matur ing prodjo Pontjowati klebon
musuh soko Samudrolojo. Romo Lesmono budal kepetuk Daliwerno prang Romo Lesmono
kalah, bandjur nimbali Wibisono, Wibisono matur jen musuhe iku Andjrani. Romo budal.
Setrat Nglugastino Dw.
Andjani, Emban, ketekan Pr. Romo arep njuwun tulung awit negarane di rusak.
Andjani matur gelem nulung jen di kawin Pr. Romo, di saguhi Andjani budal
kepetuk Daliwerno prang Daliwerno di gelut babar Anoman, Penjuwune Andjani di luwari
kumpul ing Pontjowati.
- Tantjep Kajon -
LAKON ONTO SENO KOMO
Sabrang Pr. Sosrowono Pt. Sungsang bawono bolo arep ngajunange siti Sundari
bodjone ongko: elek utusan budal.
Laladan ndorowt: kept: sabrang prang simpangan sigeg.
Goro-goro Ongko punokawan ing tengah alas kembang sigeg.
Wisanggeni Ontoseno Rm. Arep ndaupake Ontoseno lan ono tukone Tirto mojo
mau sandi kang duwe Drestoroto Onto di adjak budal sigeg.
Ongko kepetuk Sosrowono arep djaluk bodjone Ongko ora entuk prang Ongko
kalah mlaju, ketemu Wisang: Ontoseno, Ongko di takoni kondo waleh Sosrowono
mburu Ongko Sosrowono di sabdakno dadi alas, sigeg. Wisanggeni dawuh Ongko di
utus bali, Ponokawan di utus sowan ing Gadjah ojo, supojo njuwun Tirtomojo mau
sandi nanging supojo membo swarane bomo lan Kresno, budal sigeg.
Gadjah ojo Drestoroto kadep Kresno Bomo kurowo pepak Rm. Arep njuwun
Tirtomojo mau sandi kanggo bebono arep daupe Bomo marang Yomowati ing kajangan
Drestoroto dawuh, jen arep nompo Tirtomojo mau sandi kudu siram djamas ing
sumur djolotundo Bomo budal di iring Kurowo sigeg ketekan Gareng Petruk membo
suwarane Bomo lan Kresno prelu njuwun Tirtomojo mau sandi di paringake budal. Dresto:
kesowang Bomo lan Kurowo Tirtomojo jen
Kajangan guru Narodo Yomodipati Rm. Sopo sing biso ngaturno Tirtomojo di
daupno marang Yomowati tekane Wisang lan Onto, ngaturno Tirtimojo, nang di
tulak, awit jen di daup Ontoseno ora sah, margo ora biso boso. Wisanggeni duko
jajah sinipi tjahjo katon mentjorong katong sahjang wenang guru njembah
masrahno Yomowati di daupno Ontoseno, di gowo mudun ngartjopodo sigeg.
Ngamarto Pendowo PP. ketekan Kresno djaluk tulung supojo ngadjar Wisanggeni
njolong Tirtomojo Pendowo budal. Setrat alas malihan Sosrowono di sapdo
Wisanggeni maneh maleh dadi buto, di kon mbalekno Kurowo budal. Kresno Pandowo
petuk Wisanggeni Kresno di umpah-umpah Pendowo mbandjur anut ndjumenengi daupe
Ontoseno Bomo Kurowo brontak di undurno Pandowo Sosrowono balik.
- Tantjep Kajon -
LAKON WISANGGENI KROMO
Sewu negoro, Pr. Prawiro Sentiko, Pt. Djojo santono, bukane arep nglamar
pretapan Tunggul manik Dw. Rosowati putro Pdt: Rosodjati budal.
Tradjutrisno, Bomantoko, Pantjatnjono Antjakogro. Bukane nedyo sowan
ingkang romo Dworowati, njuwun kromo entuk Dw. Rosowati budal ing dalan kepetuk
pradjurit sabrang prang sewang-sewangan sigeg.
Wisanggeni Ponokawan, Rm. Arep sowan kang romo Djanoko, lan poro Pandowo,
njuwun supojo di kramakno entuk Rosowati putro Pdt. Rosodjati, budal kepetuk
pradjurit sabrang prang sabrang kalah sigeg. Setrat Bomantoko arep sowan kang
romo Btr. Kresno budal.
Pretapan Tunggal manik. Bgw. Rosodjati putro Rosowati Rd. Gatutkotjo,
bukane arep nglamarake Rd. Wisanggeni kesaru tekane Sabrang ugo arep nglamar.
Bgw. Nduwe bebono sopo sing biso ngentuke kembang Widjojo kesusu Gamantjokro,
Djamus klimosodo Manik kumara neng banju Bujanggane djagad, ora ketang petak
pedjarakan iku biso tak tompo podo saguh budal.
Ndorowati Kresno di adep poro pradjurit, ketekan Bomo njuwun kromo entuk
Rosowati lan ono bebanane 1. kembang Widjojo muljo, 2. Tjokro, 3. Klimosodo 3
Manik Kumarane banju 4. bajanggane djagad, Kresno njanggupi nedyo nggolekno
tukon, budal ing pangadjab are ping Ngamarto sigeg.
Ngamarto poro Pandowo pepak, ketekan Kresno prelu njuwun Klimosodo, di
paringno budal, ketekan Wisanggeni Gatut. Matur Purwowasono, bandjur Djanoko di
kongkon njuwun balike Klimosodo marang Kresno budal. Setrat Kresno di tututi
Djanoko, Klimosodo di suwun bali Kresno ora entuk prang prang Djanoko kalah
Wisanggeni matur supojo Djanoko bali deke arep tumindak dewe, Djanoko bali
Wisanggeni nimbali Gareng lan Petruk di dandani dadi Bgw. Rosodjati lan
Rosowati sigeg. Setrat Kresno ketemu Bomo bebono di paringake Bomo kabeh, Bomo
budal, di tjegat Bgw. Lan Rosowati kedadehan Gareng Petruk, bebono di pasrahake
ndjur podo maleh Gareng Petruk, Bomo prang karo Wisanggeni Bomo kalah mlaju
wadul Kresno, Kresno ora nrimakno nedyo golek Djanoko kepetuk prang podo dadi
buto, prang di pisah Semar, lan di terang-terangake, bandjur Kresno nrimo,
mbandjur Kresno di adjak ndaupno Wisanggeni, marang Rosowati, bareng wis di
daupno ketekan pradjurit sabrang, prang rame, wekasan, biso di undurno poro
Pandowo, sabrang mundur, Pandowo kumpul poro putro.
- Tantjep Kajon -
LAKON KONGSO ADO DJAGO
Gijantipuro Pr. Kongso dewo
Pt. Ugro seno Surati montro bolo Rm. Utusan supojo nggoleki Kokrosono Norojono
Sombodro su ketemu nedyo dig awe pati, awit mundak maris prodjo Manduro budal,
pradjurit di paro ngalor ngidul sigeg.
Dukuh Widoro kandang Dm.
Segopo nji sagopi Udowo lan botjah telu, Nojorono njuwun pamit are lung dolan,
di pambeng ora gelem, mekso budal sumbodro nderek, Kokrosono di utus neburi,
ketekan Ugroseno takon Nojorono lan poro kadang, di aturi jen lungo dolan,
malah duko segopo di adjar, weruh Kokrosono Ugroseno kepruki Ugroseno mlaju
kokroseno ora weruh plajune sigeg.
Rahtawu Abijoso Premadi
Ponokawan, prelu njuwun pamit, arep ing prodjo Manduro nonton pasar malem
budal.
Setrat Nojorono Sumbodro,
ing pangadjab nedyo golek guru budal, ketemu Bgw. Patmonobo Nojorono lan
Sombodro suwito. Nojorono di wisik adji Wisnumurti lan di paringi gaman tjokro,
tjokro di utus mentang keno langgare Patmonobo kalah njurup ing Nojorono sing
separo dadi pakem kondobuwono. Nojorono lan Sumbodro podo bali sumbodro djaluk
di gendong, di weneh djarik batik Nogososro loro batik nogo bumi buntal,
nanging mekso djaluk gendong budal sigeg. Setrat Premadi Punokawan, Premadi
weruh jen ono wong gendongan, Semar di kon nggendong budal kepetuk Nojorono
nggendong adine, di senggol premadi Nojorono ora trimo prang ruket di duni
Narodo di pisah di rukunake sigeg. Setrat Kokrosono mlaju-mlaju ngelah, weruh
bilik di anggo adus, djarike di saut Bojo utusan kongso, setrat Nojorono lan
Sumb: weruh ono djarik bandjur mandeg belik di tjokro Bojo katut, di takoni
matur, jen golek botjah telu utusane kongso Bojo di tumpaki gigire, Sumbodro
melak djarike, ngising ing gigire bojo dadi gadinge bojo, pajunge kari di arani
doro pajung, rehne bojo papat di arani pulo Seprapat, Kotja wis tekan prodjo
Manduro sigeg.
Gijanti puro Pr. Kongso lan
Ugroseno Rm arep gawe adu-adu ing prodjo manduro di men biso weruh botjah telu,
sing dadi batohe Ugroseno totohan bondo donjo
djagone kongso Suratrimontro, terus molahi adu djago ing alun Manduro
prang rame djagone Ugroseno kalah donjane entek gusis, kelingan isih duwe
ponakan arjo Seno Ugroseno semojo nedyo golek djago budal sigeg.
Rahtawu Kunti Puntodewo Seno
Nakulo Sadiwo ketekan Ugroseno prelu njuwun tulung Seno supojo gelem di du,
Seno gelem jen di opahi sedulure supojo di ingoni kabeh. Ugroseno njaguhi, Seno
budal, Seno di du prang karo Surati montro di Pontjonoko Surati montro mati,
Kongso nabrak Seno Ugroseno misah, bareng weruh botjah telu mentjolot botjah
telu di saut, di disiki di panah Premadi, terus di kepruk kitap Kondo buwono
Kongso mati, Narodo mudun dawuh jen prodjo Manduro sing duwe kudu Kokro Seno
Narodo bali bandjur kumpul ing prodjo Manduro.
- Tantjep Kajon -
LAKON WAHJU SUMPING KENTJONO
Dorowati Btr. Kresno Bolodewo Setijaki Udowo Rm tumurune wahju Sumping
Kentjono supojo mandjing ing Bomo jen biso tumuruning Bomo, sak bubare Barotojudo
biso dadi Ratu ing tanah djowo. Bolodewo njarudjuki kang raji lagi podo
rembukan Gatutkotjo prelu njuwun pangestu, awit Gatut entuk sasmitane dewo, jen
arep kepandjing wahju sumping kentjono, ing sak ngisore gunung djamurdipo.
Bolodewo lan Kresno ora sarudjuk, wahju kudu mandjing Bomo, gatut di utus bali
nanging mekso. Kaserat prabu Bolodewo ing pangadjab Kresno mbantu Bomo supojo
entuk wahju Gatut supojo tumekeng pati. Kresno dawuh poro
wadyo bo, supojo ngiring Bomo ing Djamurdipo. Kresno nderek budal ngasto Tjokro
kanggo mrejojo Gatut. Bolosewo prang Kresno ngetjono Tjokro kotjape Wisanggeni
ngangklang Tjokro di saut, Kresno arep njuwun bantuan Bgw. Tjantuko ing eko
pratolo budal. Gatut ketemu Wisanggeni, supojo di terusno mbudalno poro wadyo
bolo ing gunung Djamurdipo ngiring sak lakumu sigeg.
Pringgondani Probokiso
ketekan gatut dawuh Purwowasono purnaning rembug budal, ketemu pradjurit
Tradjutrisno pasulajane rembug dadi prang simpangan.
Rahtawu Ongko Widjojo
Ponokawan prelu njorowidekno murtjane Gatut Abijoso dawuh jen ora susah di
galih mbesuk bakal ono bebener Ongko: di utus bali, budal ketemu Wisanggeni
ngasto Tjokro-Tjokro di srahno ponokawan lan Ongko kudu nunggu. Wisanggeni arep
nerusno lakune budal sigeg. Setrat Gatut di petuk Wisang: Gatut, supojo enggal
budal ing sak ngisore Djamurdipo awit arep ono opo-opo Wisang: kang arep
djampangi budal. Setrat Kresno nedyo arep gawe patine Gatut, ing pangadjab arep
njuwun bantuan Bgw. Tjantoko budal ing Eko Pretolo.
Eko Pretolo Bgw. Tjantuko
kesowanan Kresno, matur jen njuwun bantuan mateni Gatut budal podo dadi buto
loro resi kolo kolo Brahmono podo njegat tindake gatut, ing margo ketemu Gatut,
di djaluk patine prang Gatut kalah ketemu Wisanggeni, di aturi jen dudu
musuhmu, aku dewe sing madju, buto loro ketemu Wisang di bukak badar dadi
Tjantuko lan Kresno podo mlaju, Wisang dawuh gatut supojo nerusno njegat wahju
budal ing pangadjab Wisang nedyo sowan ing sawo djadjar ketemu marang sadewo
budal sigeg.
Setrat sawo djadjar sadewo
ketekan Wisanggeni, dawuh supojo Sadewo mbantu gatut, sadewo di dadekake Kresno
di utus ing prodjo ndorowati njolowadi ndawuhi sombo jen Kresno rawuh supojo di
taboki, Kresno soko Sadewo budal ing ndorowati ketemu sombo-sombo di dawuhi jen
ono Kresno di kon naboki, Kresno palsu lungo Kresno tenan teko, sombo terus
naboki Kresno Kresno bali nedyo arep njuwun tulung Bomo budal. Kresno palsu
ketemu Wisang dawuh supojo ndisiki ing Tradjutrisno ketemuo Bomo jen ketemu
Bomo kongkon naboki Kresno kresno palsu budal ketemo Bomo di utus naboki Kresno
Kresno palsu budal Kresno teko di taboki Bomo Kresno bali ketemu Kresno palsu
di bedeki, lan takon Kembang Widjojo kesumo Kresno palsu di adjak nemoni Ongko
widjojo budal sigeg. Ongko ketekan Wisang lan Kresno palsu, Tjokro di suwun di
ulungno Kresno kembang di gawekno idu di gawe
ireng Kresno budal, ketemu Kresno, dadi prang Kresno kalah, nedyo njuwun
tulung pendowo budal sigeg.
Ngamarto Punto, Seno Djanoko
Nakulo, ketekan Kresno di buru Kresno prang pandowo kalah kabeh Wisanggeni
ketemu Kresno lan Pandowo Kresno palsu Kresno di uni-uni Kresno
-
Tantjep Kajon -
LAKON NOROSOMO TUNDUNG LUNGO
Mondoko Pr. Mondrodipo Pt.
sudeksono Rm Ontjate Rd. Norosomo utusan Pt. supojo di utus bali poro wadyo
budal nggoleki.
Norosomo ing tengah alas ketungko Pt. di utus bali ora kerso dadi prang
patih kalah bali sigeg.
Pandu Ponokawan are ing
Gadjah ojo sowan Abijoso budal.
Pertapan Argodjati Bgw.
Bagaspati Gondowidjojo lan putra Gondowatjo Setyowati di bekani putrane supojo
di golekno Rd. Norosomo Bagspati budal. Tekan tengah alas Bgw. Njamantoro,
weruh ono satrijo di takoni jen Norosomo di pek mantu ora gelem prang Norosomo
biso kepikut di gowo bali, tekan omah di daupno. Ing
Mondoro Pr. Mondrodipo Pt.
ketekan Norosomo lan garwo Pudjowati, kang romo bareng Norosomo wis duwe garwo
banget suko ing penggalih, bareng mantune di dangu ramane matur Puwowasono,
sang prabu duko, Norosomo di tundung minggat Dw. Madrim nututi ing dalan di
leboko ing kantjing gelung Norosomo ing pangadjab arep ngleboni giri pati
mbodjo ing prodjo Manduro budal sigeg.
Prodjo Manduro Basudewo Pt.
Ugroseno, di utus ngundangake, sing biso ngundurno ratu sewo nagoro di gandjar
putrid. Patih budal, ketemu Norosomo di sanggupi, Norosomo prang, sewu negoro
kalah Norosomo di sowano Basudewo nimbali Kunti Kunti ora gelem sowan mergo wis
nggarbini, Kunti di adjar Narodo mudun ngaturi Pr. Basudewo jen anggone
nggarbini Kunti ora soko manuso, mung soko adji sapdo tunggal paringane Btr.
Sarjo. awit olehe matek karo turon, iku kang dadi sirikane, Narodo dawuh mindut
gagang suruh bawang lanang, Kunti di kileni kupinge djabang baji babar soko
kuping, midjer kakung di djenengake Sukarnojo sarjo putro, baji di titipake ing
preto pralojo narodo bali. Kunti
di walungake Norosomo matur jen putri bakal di sembarakake maneh terus budal
sigeg.
Plosodjenar. Dw. Gendari raji Rd. Gendoro Rm are ping Gadjahojo Gendari di
adjak budal. Ing dalan kepetuk Rd. norosomo takon tinakon, Gendoro sumbar sing
biso ngasorake deweke di paringi mbakjune Norosomo prang Gendoro di dengkek
telak Gendari di pasrahake. Norosomo nerusno lakone
budal sigeg.
Gadjahojo, Abijoso Drestro
lastro Jomowiduro, Pandu Ponokawan. Rm bab sajemboro ing prodjo Manduro. Pandu
matur kang romo jen sajemboro
- Tantjep Kajon -
LAKON SENO PANGGANG
Botowijah Pr. Kolotrembuku Pt. Djumadi, Probokiso Arimbo njuwun abon wong
sedino satus seket Pt. budal golek sigeg.
Tambakganggeng Tambaknagoro Polosidjo. Rm. Bab Kolotrembuku anggone golek
abon wong, suwe-suwe sojo entek wonge, ketekan utusane Kolotrembuku njuwun wong
kanggo abon, dadi prang simpangan sigeg.
Rahtawu Abijoso Premadi Punokawan njuwun pamit are ping Ngamarto budal
kembang sigeg.
Ngamarto, Kunti Pandowo pepak. Rm. Kemlaratane poro kadang, iki ono kabar
jen negoro Botowijah dono weweh pangan. Nakulo Sadewo sing isih tjilik di utus
djaluk pangan budal. Setrat taman Brotowijah Arimbi ketekan Nakulo Sadewo
djaluk mangan, di wenehi di takoni jen Ngamarto, bandjur di utus bali mundak
konangan kang romo botjah loro bali sigeg. Setrat poro Pandowo tekane Nakulo
sadewo matur jen Pr. Trembuku njidam daginge wong gede duwur. Seno nedyo arep
djaluk di mongso budal.
Botowijah Kolotrembuku Arimbo Probokiso Arimbi Rm. Olehe Donodrijah ketekan
Seno ndjaluk di mongso, nanging kudu di entekake lan djaluk di buntel mori lan
di panggang disik, nanging jen ora entek kosok baline di pateni dewe. Seno
terus di buntel mori terus di panggang. Bareng wis di cokot-cokot ora tedas
Kolotrembuku di Pontjonoko mati. Arimbi gandrung Seno Seno moh di pekso. Arimbi
di adjar di sabetake ing pune Seno Arimbi maleh adju mateng, ganti Seno sing katut,
Arimbi di teburi Seno sigeg.
Gendolo Brojosekti Brojolawatan Brojomusti Brojowikalpo, ora narimakno awit
Arimbi di adjar Seno. Ketenu Seno prang Bridjosekti lan poro kadang papat
mandjing ing Seno sigeg. Setrat Premadi goleki Seno budal, kepetuk kolokatung
Arimbo Probokiso ora narimakake bab patine ramane prang tjampur Seno botjah
telu teluk mbakjune di aturake di adjak ing Ngamarto. Setrat Ngamarto Arimbi di
daupno Seno kumpul poro Pandowo ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON BABAD NAGORO NGASTINO
Purwotjarito Pr. Partipo Pt. pepak Rm: bab putrane Sentanu di tari kromo
ora gelem arep minggat. Pt. di utus mbalek ane budal sigeg.
Kesatrijan Sentanu ketekan Pt. di utus bali ora gelem, prang Pt, kalah bali
sigeg. Bgw. Sakri ugo budal.
Madirdjo Bgw. Sakri Pulosoro Ponokawan njuwun pamit kang romo arso tindak
tjangkromo budal sigeg.
Setrat Sakrijo Sakrimbo Sakrimi arep sowan kang romo Bgw. Sakri ketekan
kang romo Bgw. Sakri, prelu nari kromo putrane tetlu. Nanging ora kerso, kerso
kromo jen entuk dulure dewe kanga ran Sakrimi. Botjah telu podo wae. Bgw. Sakri
duwe pinemu, botjah telu di utus mlebu kendi pretolo, bareng wis mlebu kendi,
Sakri ngundang garudo liman, di utus ngengkremi ing wit ingas, odjo bungkar jen
during sangang sasi. Garudo budal angkrem ing wit ingas, sak ngisore ingas mau
ono watune, aran watu Gadjah. Watu ketetesan banju soko kendi mau urip dadi
gadjah Gadjah arep munggah kajangan nedyo njuwun djeneng lan njuwun kromo entuk
widodari budal.
Kajangan guru Narodo ketekan Gadjah njuwun djeneng, di djenengake Gadjah
gadjindro liman, bandjur djaluk rabi widodari terus di utus ing sendang, jen
ono widodari adus jen biso njupuk agemane iku kang dadi bodjomu. Gadjah budal,
Narodo ngutus Widodari budal adus ing sendang widodari budal podo adus, Gadjah
njupuk sandangane sidji, Gagar majang bareng arep budal, sandangane ilang, sopo sing biso
nemokake dadi bodjone. Gadjah ngaturno agemane gagar majang tipek bodjo, gelem
jen biso gawe negoro gadjah saguh, mbabad alas ingas dadi negoro luwih endah,
gagar majang isih duwe penjuwun dammar inten gedene sak waloh gerong gadjah
njaguhi ing pangadjab nedyo ing segoro kidul budal.
Segoro kidul sajang karobo patihe iwak ketekan gadjah njuwun inten di utus
mundud dewe gadjah ngamek dewe bareng entuk bali. Setrat Sentanu bingung krungu
sambate manuso sak djrone kraton, di leboni, gagar majang ketekan Sentanu, bage
binage, purnane rembug gagar majang njuwun tulung dadidyo garwane Sentanu,
Sentanu sarudjuk lagi podo djagong ketekan Gadjag Gadjah nesu prang Sentanu keplaju,
kepetuk Polosoro. Sentanu njuwun tulung budal, kepetuk gadjah prang, saben
gadjah di panah mati, kosot sak ngisore wit ingas urip maneh. Semar matur
marang Polosoro supojo ing wit ingas kae di panah, terus wit ingas di panah
kendi tibo, di utus njimpen djo nganti weruh Sentanu, awit iku kakang di arani
bengotolo. Polosoro bali prang Gadjah di panah mati ing pungkurane prodjo, mulo
nagoro di djenengake Ngastino, awit asal soko alas ingas, utowo Gadjahojo, awit
negoro jasane gadjah Jo gadjah mungkur margo Gadjah mati ing pungkuran, bandjur
podo kumpul ing Ngastino.
- Tantjep Kajon -
LAKON DEWO RUTJI
Ngastino Sujudono Durno Kurowo pepak. Rm. Bab Seno arep meguru nanging arep
di tloropno, karben mati tekane Seno arep meguru ilmu sedjatine urip, Durno
dawuh golek banju herteleng pontjo drijo prawiteng sutji panggonane ing guwo
reksomuko sak ngisore guwo sirung budal. Sengkuni di utus njegat lakune Seno
budal poro Kurowo. Setrat Seno kepetuk Kurowo prang Kurowo kalah Seno nerusake
lakune.
Kembang Rahtawu. Abijoso Djanoko Ponokawan. Djanoko matur jen Seno meguru
ilmu sedjati urip, tukone herteleng pontjodrijo prawiteng sutji, Abijoso ora
entuk Djanoko di utus budal.
Setrat Seno ngotjar ngatjir gunung wreksomuko, ono buto loro Rasekso
Raseksi prang buto loro badar Siwah lan endro ndawuhi jen ora ono banju prawiro
sutji, siro di tloropno Durno, Seno bali.
Setrat Ngastino, Sujudono Durno tekane Seno matur jen ora ono banju prawiro
sutji ing gunung wreksomuko, terus di dawuh golek ing segoro tengahe seno
budal, durno ing pangadjab arep mbedo kunti durno budal ing Ngamarto. Setrat
banju siwi banju nirmolo, kepetuk seno arep golek banju prawiro sutji di
penggak, dadi prang banju siwi banju nirmolo mandjing ing seno, seno budal.
Ngamarto Kunti Puntodewo Djanoko Nakulo Sadewo. Rm. Bab seno arep nggoleki
prawiro sutji supojo sedulur papat odjo nganti entuk. Ketekan seno di ganduli
sedulure papat di kipatno, jen duwe kekarepan isih merduli sedulur ora bakal
keturutan. Seno budal ing kisik kidul seno nggebjor kiro-kiro sebangkekan, di
saut ulo di entasake ulo di suwek ilang badar Dresnolowati seno di penggak ora
gelem, terus di wenehi sumping pudak sinumpet. Seno sojo nengah
kiro-kiro djam sewelas bengi arep bali isin, mongko
- Tantjep Kajon -
LAKON SENO MEGURU ASTOBROTO
Ngastino Sujudono Pdt. Durno
kurowo pepak. Rm. Bab Seno, arep meguru Adji Astobroto, nanging sedijo di
tloropno Durno, tekane Seno, di wedjang nanging kudu topo ngligo lan kudu
munggah kajangan salendro bahwono. Seno budal, kurowo di utus njegat lakune
seno kurowo budal sigeg.
Seno di alang-alangi Kurowo
prang Kurowo kalah bali sigeg.
Rahtawu Abijoso di adep
Djanoko Punokawan, Abijoso dawuh Djanoko supojo kondur ing Ngamarto njegah
anggone arep geguru Seno. Djanoko sak Punokawan budal sigeg.
Ngamarto Kunti di adep poro
Pandowo, tekane Seno, matur jen arep rasuk busono munggah kajangan tekon adji
Astobroto. Sedulure podo menggak nanging seno puguh kapekso budal, nedyo
munggah kajangan. Setrat mrepat kepanasan poro dewo podo djogo ketekan seno, di
alang-alangi poro dewo prang dewo kalah seno terus.
Kajangan guru Narodo ketekan
seno, prelu takon lan kudu di wedjang Adji Astobroto, guru dawuh jen ora ono,
seno ora ngandel, dadi prang, guru kalah mlaju di buru seno, guru ing pangadjab
are ing kajangan ndumuk amun-amun budal.
Kajangan Kumitir
sahjangwenang, ketekan guru, matur jen di buru seno, awit di takoni Adji
Astobroto, ketekan seno takon guru sahjangwenang dawuh seno jen ora ono lan
seno butuh opo. Seno matur purwowasono, wenang dawuh rupo-rupo bandjur seno di
wedjang marang sahjangwenang kojo jen medjang lakon dewi Rutji, pungkasan seno
weruh jen kunti di poto-poto Durno, seno mentjolot sigeg.
Keblate alam. Brodjolawatan
Brodjodento Brodjowikalpo Brodjomusti, podo rembugan arep meguru marang Pdt.
Durno budal. Setrat Ngamarto Kunti, ketekan Durno, kunti di poto-poto Durno,
ora suwe kesaru tekane satrijo papat, wose arep meguru, nanging jen Durno biso
mbatang tjangkrimane, bareng di tjangkrimi durno ora biso mbatang durno di
gebugi wong papat, Durno mlaju, njuwun tulung Kurowo, prang kurowo kalah, Durno
djaluk tulung Kresno pendowo prang Pendowo kalah Kresno ngentangi, jen musuh
Seno. Seno teko satrijo papat
prang karo seno satrijo papat mandjing ing seno, kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON SENO MEDJANG ADJI ASTOBROTO
Ngastino Sujudono Durno
Kurowo pepak. Rm. Bab Seno dadi guru, medjang ilmu Adji Astobroto, akeh wong
dadi murite, Durno ora trimo djalaran ora uman murit, nedyo arep di brantas, Kurowo
budal nedyo mbrantas.
Pretapan Kendali sodo.
Anoman Ontorejo Gadudkotjo arep sowan ing tunggul pawenang, prelu njuwun
wedjangan Seno, budal ing margo, papagan Kurowo prang sewangan Durno nerusake
lakune, di iring poro Kurowo, sigeg.
Rahtawu Abijoso, di adep
Djanoko Punokawan, prelu njuwun pamit meguru kang roko Broto Seno, budal.
Tunggul pawenang, Seno
Djanoko Anoman lan poro putro, podo di wedjang, kesaru tekane Pdt: Durno Kurowo
pepak, prelu arep mbrantas Seno anggone medjang, pasulajane rembug dadi prang
kurowo kalah, Durno mlaju ing pangadjab nedyo munggah kajan takon poro dewo
budal sigeg.
Kajangan guru Narodo, tekane Durno matur supojo nglaran Seno anggone
medjang Adji Astobroto. Guru mudun sigeg. Setrat Seno pepak, podo di wedjang
maneh, ketekan Btr. Guru njegah Seno anggone dadi guru pasulajan dadi prang
guru mlaju nedyo djaluk bantuhan Kresno, budal.
Dorowati Sri Batoro Kresno pepak ketekan guru dawuh Kresno, supojo
mbubarake seno anggone medjang ilmu Adji Astobroto. Kresno budal di iring poro
wadyo balane. Setrat seno pepak ketekan Kresno njegah Seno anggone medajng,
nanging Seno puguh, dadi prang wadyo balane Kresno kalah kabeh Kresno ngentangi
musuhe Kresno dewe, Kresno ngadepi Seno Kresno njembah, sedjatine sahjangwenang
dawuh Kresno, jen ing sedyo njobo marang Durno, Sahjangwenang dawuh akeh-akeh
sak wise bandjur bali makajangan, Seno lumpuh di walujakake Kresno tawur,
Kurowo biso di undurno Seno sak balane Kurowo mundur kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON WAHJU PURBO SEDJATI
Dorowati Kresno Bolodewo pepak. Rm. Kang roko arep di adjak topo ing
pasarehane suwargi kang romo Basudewo, prelu nggoleki wahju purbo sedjati, odjo
nganti di reteni Djanoko, golek titise prabu Romowidjojo lan lesmono mulo kang
putro di utus djogo amane prodjo Kresno Bolodewo djengkar.
Sabrang poro rodjo arep djarah rajah ing Ndorowati budal di papagake bolo
Dorowati prang sabrang kalah sigeg.
Rahtawu Abijoso di adep Djanoko Punokawan Abijoso dawuh, Djanoko supojo
nusul sare ing pesarehane Basudewo budal kembang sigeg. Setrat Kresno Bolodewo
ing pangadjap nedyo mampir ing gunung tunon arep takon marang Djembawan budal.
Gunungtunon Djembawan Tridjoto ketekan Kresno lan Bolodewo, prelu takon,
opo prelune wahju, di tuduhno lan di wedjang, sak wise di wedjang ndjur di utus
budal ing pesarehan. Setrat Anoman nggagas anggone golek pasuwitan, ketekan
Seno ora nganggo takon terus djotosan, bareng podo sumbar-sumbar ngerti jen
tunggal guru, Anoman matur Purwowasono Seno nuduhke pasuwitan ing Dorowati.
Anoman budal.
Kajangan guru Narodo di adep romo lan Lesmono guru dawuh romo kudu mudun
nitis ing Kresno Lesmono wadate kudu ing Bolodewo, uripe ing Djanoko ndjur podo
budal. Setrat Kresno Bolodewo podo mapan sare ing pesarehane kang romo, di
susul Djanoko Ponokawan tekane sukmane romo lan Lesmono, podo njurup Lesmono
wadate njuruping Bolodewo uripe ing Djanoko romo ing Kresno bandjur podo wungu
bali ing pangadjap njujug ing Ngamarto budal.
Gunung sijem Yikmodoso poro wadyo balane, nedyo arep njuwun sumbodro ing
Dorowati budal sigeg. Sombo ketekan sabrang pasulajane rembug dadi prang wadyo
Dorowati kalah, Sombo nedyo njuwun tulung ing Ngamarto budal.
Ngamarto Puntodewo Nakulo Sadewo. Rawuhe Kresno Bolodewo Djanoko, Rm. Bab
anggone tompo wahju. Kesaru sowane Sombo matur Purwowasono, Pendowo budal
kepetuk sabrang prang Pendowo kalah. Setrat Kresno ketekan Seno Anoman matur
jen arep Suwito Kresno dawuh gelem nompo jen biso mbalekno musuh ing Dorowati
Anoman saguh budal. Kepetuk Jikmodoso prang Yikmo: mlaju Anoman di tompo pasuwitane
kumpul ing Dorowati.
- Tantjep Kajon –
LAKON ANOMAN GEGE PATI
Ngastino Sujudono Durno Pdt. Sidik amanat Kurowo pepak. Rm. Bab prodjo
Ngastino odjo nganti di suwun poro Pendowo, Sujudono lan Durno di aturi Bgw.
Sidipramono, jen ora biso mredjojo Semar Pandowo ora biso ringkih. Sujudono
moso bodoh bab patine Semar di srahake marang Bgw. Sidipramono, bandjur namakno
gaman, aran Trimurti iku pengapesane Semar. Kurowo di utus neburi gaman kang di
tamake tekan Lampes Ireng. Kurowo budal sigeg.
Kendalisodo Anoman Tjantrik
Rm. Jen Anoman wis bosen urip ing alam Madyopodo, ing pangadjap arep sowan ing
Lampes Ireng njuwun dalane pati marang Semar, budal ing dalan kepetuk Kurowo
prang Kurowo kalah Anoman nerusake lakune sigeg.
Rahtawu Abijoso dawuh
Djanoko supojo tilik Semar ing Lampes Ireng Djanoko budal kepetuk Kurowo prang
Djanoko ngontjati sigeg.
Lampes Ireng Semar sak
anake. Rm. Semar nedyo njonto Pendowo moh sowan ing Madukoro, ketekan Anoman
bukane njuwun pati kang tanpo loro, awit wis bosen urip ing Madyopodo, Semar
bandjur mejang Anoman Anoman di utus ngagem kembang Purbokajun bareng di agem
Anoman ndjur mati rogo di ontjati sukmo, ilmu Adji Mangundari nututi, asal soko
Btr. Gono, sigeg. Semar bareng Anoman
Ngamarto Punt: Kresno lan Seno poro putro. Rm. Semar ora marak sowan.
Ketekan Gareng Petruk matur Purwowasono, Kresno lan Seno poro putro budal
ketemu Djanoko matur jen di buru Kurowo ketekan Kurowo prang Kurowo kalah
mundur. Kresno sak balane nerusno lakune budal sigeg. Setrat Bgw. Sidik pramono
lan sidik wantjono, nedyo arep mbelo kesengsarane wong Ngastino budal. Setrat
ragane Semar lan ragane Anoman tekane Kresno, Anoman di uripno Kresno urip, di
takoni matur Purwowasono. Semar di tetesi kembang Widjojo kesumo, sak naliko
dadi geni sak gunung anakan, geni di utus nggowo ing alun-alun budal, poro
Pandowo ketemu Bgw. Loro prang, Gatud di utus njekel Bgw. Loro bareng wis
ketjekel di utus ndjegorno geni, bareng di djegorno, Btr. Kolo lan Durgo mlaju.
Tuturdjati nungkul geni sirep Semar walujo, njuwun apuro Kresno bandjur di
adjak kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON KONDANG DJAGAD
Keblat alam Pr. Kondang djagad Pt. bolo pepak Rm. Arep njidro Pr. Kresno
arep di pateni budal sigeg.
Sombo, Setijaki Udowo. Rm. Djogo prodjo Dorowati tekane utusan soko sabrang
prang sombo es kalah. sigeg.
Rahtawu Abijoso, ngutus supojo Djanoko sak Ponakawan inggal bali ing
Ngamarto Djanoko budal sigeg.
Dorowati Kresno sombo pepak. Kresno mapan sare. Sombo di utus djogo. Kotjap
katjarito. Kresno, di tjolong Pt. Trikojo jikmo, di gowo njang keblat alam
budal. Sombo sowan ing Ngamarto njuwun tulung poro Pandowo budal sigeg.
Ngamarto kunti di adep poro putrane lan Ponokawan. Kesaru sowane sombo
matur njuwun bantuhan Kresno murtjo Pendowo budal golek maling e, ing dalan
papagan maling prang Pendowo ditinggal otjat, nanging Djanoko terus mburu tekan
sabrang sigeg. Setrat keblat alam kondang djagad ketekan Pt. gowo Kresno
bandjur di lebokno gedong wodjo, sigeg. Djanoko Ponokawan nunggoni Kresno ing
djero gedong, terus di djupuk di gowo bali ing tanah djowo budal. Kondang
djagad ketekan Togog, matur jen Kresno di djupuk Djanoko. Kondang nututi ing
tanah djowo kepetuk poro Pandowo prang Pandowo kalah Kresno wis ora duwe
prengetan awit Tjokro ilang. Sing during prang Darmokesumo, di utus prang ora
kerso. Petruk matur Kunti, jen di utus nagih duduh susu. Kunti budal papagan
Darmokesumo di tagih duduh susu. Punto lolos. Punto nedyo mesubudi. Sukutunggal
ono sukmo loro, aran sukmo sedjati lan sukmo waseso, ing pangadjab arep munggah
kajangan nedyo ndjaluk tjokro budal sigeg.
Kajangan guru lan Narodo ketekan sukmo loro, ngunek-ngunekno guru prang
guru kalah Tjokro di ulungake, sukmo loro bali. Setrat Kresno papagan sukmo
loro bage binage, bandjur Kresno ndakwo jen Tjokro di tjolong Tjokro di djaluk
ora entuk, di wenehno jen Kresno gelem njembah ping pitu. Kresno jen di
ulungake disik gelem njembah. Bareng di ulungno Kresno mlaju, di buru tekan
endi-endi Kresno suwe-suwe kalah kekuwatan, bandjur njembah ping pitu, ilang
sukmo loro dadi punto, di djak bali kepetuk pradjurit sabrang kondang di Tjokro
dadi Btr. Kolo kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON PENDOWO SONGO
Ngamarto Puntodewo Seno Nakulo Sadewo Gadud Onto Punto: dawuh jen pendowo
ora genep songo, arep keno tjobo, seno takon, sing kanggo genepe sopo, punto
matur, 1. kresno, 2. bolodewo, 3. basukarno, 4. sujudono. Gadud lan Onto: di
utus ngaturi Pr. Bolodewo budal sigeg.
Manduro Pr. Bolodewo Pt. pragoto, sowane botjah loro di utus mbojong
bolodewo bolodewo ora kerso prang bolodewo kalah di gotong botjah loro, di
sowanake ing ngamarto budal.
Rahtawu abijoso dawuh djanoko lan ponokawan supojo inggal bali ing ngamarto
awit arep ono pekewuh budal.
Musokambono Btr. Kolo lan Btri. Durgo Rm. Arep mongso
pandowo, awit pendowo mangsane, durgo menggak kolo ora pretjojo mekso budal.
Ibune maleh widodari gagr majang ngetutno putrane Pr. Btr. Kolo budal sigeg.
Ngamarto kresno pendowo
pepak, sowane gadud lan onto mbopong bolodewo, sak wise toto lenggah, kresno
dawuh, supojo poro pendowo budal ing alas tumpeng budal. Setrat Btr. Kolo
papagan pendowo, kolo di aturi kresno ora preduli, tetep di mongso, prang
pendowo kalah kresno ngundang djanoko, djanoko di wekas odjo nganti kelu paesan
ndonjo. Kolo prang karo djanoko kolo di tamani ali-ali ampal bumi, kolo nibo,
ora kojo durgo kang membo gagar majang, liwat djanoko weruh gagar di buru kolo
tangi mlaju. Gareng petruk podo
arep matur kresno awit djanoko gandrung karo putri budal sigeg. Setrat kresno
sowane Gar. Petr: matur opo anane. Kresno masi Petr: di dadekno djanoko, supojo
gagar majang seneng djanoko palsu di utus budal di tutno gareng. Kepetuk gagar
majang, podo ngungkrum-ngungkruman, terus djanoko di gendong gagar majang, maleh
petruk, gagar maleh durgo, barneg wis podo maleh, durgo ora narimakno, rumongso
di wirangke djanoko, arep lapor marang Btr. Guru budal sigeg.
Kajangan guru narodo sowane durgo matur jen di wirangke djanoko. guru
ngutus narodo supojo ndjupuk djanoko di djegurno geni naroko. Narodo budal
kepetuk djanoko, djanoko nutut budal sigeg. Djanoko di djegorno narodo sigeg.
Madukoro sumbodro lan sri kandi arep-arep djanoko tekane kresno, dawuh
rupo-rupo bandjur sumbodro lan sri kandi di paesi kresno dadi buto loro di
djenengke bodrojakso lan kandi jakso, di utus munggah kajangan njuwun rabi
widodari jen ora entuk kajangan orak arik buto loro budal.
Kajangan guru narodo dewo pepak, ketekan bodrojakso kandi jakso, djaluk
rabi widodari ora oleh prang poro dewo kalah, guru mudun arep djaluk tulung
poro pandowo budal.
Ngamarto punto kresno
ponokawan rm. Djanoko di djegurno naroko, tekane Btr. Guru ndjaluk tulung kresno, awit kajangan di rusak buto
loro. Kresno matur, supojo ngentas djanoko, nanging jen biso mbalekno musuh,
guru budal, kepetuk kolo, dawuh kolo odjo nganti mongso botjah pendowo, awit
wis genep songo, kolo bali. Guru ndjupuk djanoko soko naroko di utus mbalekno
musuh djanoko budal, kepetuk buto loro prang buto loro badar sumbodro lan sri
kandi di adjak bali kumpul ing ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON PENDOWO PITU
Ngastino Sujudono Kurowo pepak. Rm. Arep tilik
keslametane wong Pendowo budal sigeg.
Mego
Rahtawu Abijo dawuh, supojo Djanoko enggal sowan ing Ngamarto, awit ono
pekewuh Djanoko budal lan SGP Punokawan.
Ngamarto Pendowo pepak Punokawan sowane Gondowangi ngaku kadange Pandowo,
nanging Pandowo ora ngakoni dadi pasulajan Pandowo kalah, Seno duwe bebono.
Gelem ngakoni jen biso nemokno pandu, Gondowangi sanggup budal sigeg.
Kajangan guru lan Narodo dewo pepak. Sowane Gondowangi, takon Pandu, di
dawuh ndjupuk dewe, metune ing sak djrone geni naroko Gondowangi budal. Setrat
Pandu lan Dw. Madrim sowane Gondowangi pandu ora ngakoni jen duwe anak Gndw:
prang pandu kalah sigeg. Setrat Gondowaseso, anak rudjune pandu, ndjogo
kaswargane Pandu, arep sowan nemoni Pandu budal, ketemu Pandu ora di akoni
prang Pandu kalah, pandu gelem ngakoni anake jen biso ngasorake musuhe
Gondowangi, budal kepetuk botjah loro podo prang gumbel, ora kalah ora menang,
suwe-suwe podo takon tinakon, jen sedjatine putro Pandu kang tanpo lawan, kang
manggon djagad lor, lan djagad kidul, nanging ora di akoni Pandu terus podo
seduluran rukun, ing pangadjab nedyo golek pandu, jen ora di akoni bakal di
ploro, botjah loro budal. Kepetuk Pandu meso ora di daku prang di ploro, lan di
welehno, pandu kelingan bandjur njuwun ngapuro, botjah loro bandjur arep di
akokno marang sedulure Pandowo budal ngiring Pandu sigeg.
Ngamarto poro Pandowo Ponokawan pepak. Ketekan Pandu lan Gondowangi
Gondowaseso, Pandu dawuh poro Pendowo, supojo botjah loro di daku sedulur, awit
iku sedulur mbarep lan rudju. Pandowo bandjur gelem ndaku Pandu bali botjah
loro ugo bali. Pandowo kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON DJATI PITUTUR
Setrogondo lumaju, Btr. Kolo, Durgo betari bolo pepak Rm. Arep njuwun pangan
marang guru budal sigeg.
Prepat kepanasan, Bromo pepak, ketekan Btr. Kolo arep sowan Btr. Guru, ora
entuk prang dewo kalah sigeg.
Rahtawu Abijoso dawuh supojo Djanoko lan Punokawan enggal sowan ing
Ngamarto awit ono pekewuh Djanoko budal sigeg.
Kajangan guru dewo pepak. Ketekan Btr. Kolo njuwun pangan, di dawuhi ing
martjopodo putrane Djanoko kang mbarep iku djadanganmu Btr. Kolo budal nedyo
nggoleki sigeg.
Setrat Djati pitutur arep sowan ing Ngamarto, budal kepetuk Btr. Kolo.
Djati pitutur di mongso wadage di tinggal, nepsu patang prakoro metu soko
ragane Djatipitutur. Djabangwat Djabingwijat. Mutmainah Supijah. Podo sak
patemon marang sedulure loro djabang lan djabing Supijah lan Mutmainah, ngutus
sedulure loro, supojo nggoleki Btr. Kolo, supojo di ploro djabang lan djabing
budal. Setrat Btr. Kolo lan ibune ketekan buto loro kolo di seret di idak-idak
lan di pentungi Kolo sambat kapok, bisane mongso awit di utus Btr. Guru. Nuto
loro bali. Setrat Mutmainah lan Supijah ketekan buto loro, matur Purwowasono lan
Kolo wis kalah lan wis kapok awit kaprentah guru. Botjah loro munggah kajangan
nedyo arep nglorot guru budal sigeg.
Kajangan guru Narodo ketekan Mutmainah lan Supijah prelu nglorot guru prang
guru mlaju di buru, nedyo ndjaluk tulung Pandowo budal sigeg.
Ngamarto Punto Kresno
Pendowo pepak. Kerawuhan Btr, guru, ndjaluk tulung awit di buru musuh pandowo
budal sigeg. Mutmainah Supijah, nemoni djabang lan djabing di adjak mburu Btr.
Guru ing Ngamarto, botjah papat budal sigeg kepetuk Pendowo prang rame wekasan
pendowo kalah. kresno madju botjah papat bareng ketemu Kresno podo njembal,
bandjur botjah papat di utus mlebu ing ragane maneh lan di akokno marang ramane
di adjak sowan ing Ngamarto budal. Poro Pandowo kesowanan Kresno Mutmainah
Supijah djabang lan djabing, di dakokno karo Djanoko budal.
-
Tantjep Kajon -
LAKON WAHJU PURBANINGKRAT
Ngastino Sujudono Durno
Kurowo pepak Rm. Supojo Pendowo ringkih. Durno, dawuh kebeneran awit iki ono
murit anjar, tekane Purbojakso lan Purbojaksi arep meguru Durno, di tompo jen
biso mateni Puntodewo botjah loro sanggup budal di iring kurowo sigeg.
Djodipati Seno sak putrane
Rm. Murtjane Djanoko arep di upojo budal kepapak kurowo prang kurowo kalah
sigeg.
Madukoro Sumbodro Ponokawan
Rm. Ilange kang roko Djanoko arep di takonake ing Ngamarto budal.
Ngamarto Darmokesumo idjen
kesowanan Sumbodro sak Ponokawan prelu takon ilange Djanoko nanging Punto ora
ngerti. Sumbodro di utus mengguri, awit Punto ngerti jen arep ono tamu kang
arep njuwun patine. Sumbodro ndjur mengguri, tekane Probojakso lan Probojaksi,
njuwun patine Punto, Punto di pateni, botjah loro bali, Sombodro teko
ngrungkepi Punto, Seno teko di aturi Sumbodro. Seno budal golek malinge, Punto ragane dadi, Bambang
Purboningkrat, nedyo golek guru ing kajangan. Sombodro nedyo nggoleki Djanoko
budal sigeg. Setrat Seno kepetuk buto loro kang mateni Punto, prang Buto loro
mandjing baune Seno kiwo tengen, sajekti pantjen Adji Bandung Bondowoso, sigeg.
Setrat Djanoko ing pangadjab arep namur laku, awit ke bruntak poro dewo kotjape,
naliko ngedegake langgar pamudjan. Djanoko mendo Bgw. Aran Darmodewo, nedyo
sumanggrah ing tapel wates Ngastino sigeg. Sumbodro lan Ponokawan krungu jen
ono Bgw. Nedyo arep sowan nakokno murtjane Djanoko Darmodewo ketekan Sumbodro
nakokno Djanoko Bgw. Gelem nuduhno jen Sumbodro gelem nginep Sumbodro njaguhi
bareng Sumbodro sare Bgw. Njedak. Sumbodro etok-etok sare, begawan di gelud
badar dadi Djanoko, Sumbodro matur Purwowasono. Sumbodro di simpen ing kantjing
gelung Djanoko nedyo munggah kajangan budal sigeg.
Kajangan ndumuk amun-amun Sajangwenang kesowanan Semar, matur bab
kerusakane Artjopodo, di rusuhi guru, Wenang lan Semar nedyo nggoleki guru
budal.
Setrat kajangan Salendro bawono guru Narodo, ketekan Purbaningkrat
ngunek-ngunekno ora suwe tekane Djanoko ugo ngunek-ngunekno guru, guru mbandjur
di seret di anggo bal-balan, Wenang lan Semar teko misah botjah loro mau, ugo
ndukaki Btr. Guru, djanoko di pasrahi Wahjune prodjo. purbaningkrat supojo biso
njekel Durno kang gawe katjone negoro, budal. Djanoko Semar Gareng Petruk
budal. Setrat Purbaningkrat kepetuk Kurowo prang Kurowo kalah Durno, mlaju
djaluk tulung Kresno, Kresno kepetuk Durno, Kresno ngasto Kalimosodo di
antemake Purbaningkrat, badar dadi Punto di adjak kumpul Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
NB: dadi naliko
djedjer Sumbodro, ora ono Semar awit lakon iki Semar ugo melu ilang.
LAKON WAHJU TJAKRANINGKRAT
Ngastino Sujudono Kurowo pepak. Durno matur jen dewo arep nguduno wahjune
kraton, supojo Lesmono nglakoni talak broto ing tengah alas Sudono dawuh.
Lesmono budal di iring poro Kurowo sigeg.
Sabrang nedyo ngraman ing tanah djowo budal papagan Kurowo prang sigeg
sabrang kalah.
Rahtawu Abijoso dawuh Abimanju supojo topo broto, arep ono wahjune kraton
kanga rep golek panggonan, ongko: budal di dereke Semar Gareng Petruk.
Dorowati Kresno Sombo Setijaki Udowo. Kresno dawuh marang Sombo, supojo
nggoleki wahjune kraton, sopo kang kepandjinagn wahju, mbesuk kang biso
ngratoni tanah djowo Sombo budal sigeg,
Kajangan Guru Narodo lan wahju Tjakraningkrat lan wahju anggai, di dawuhi
guru, supojo golek panggonan wahju loro mudun, sigeg. Setrat Lesmono topo di
tunggu Kurowo, kesurupan wahju, klenger di godo Anggani, kelu, wahju mabur, di
buru budal. Setrat Sombo Setijaki nunggu. Sombo tarak broto: kesurupan wahju.
Sombo sumbar-sumbar di godo Anggani, wahju mabur, Sombo mburu budal sigeg.
Setrat Ongko: di tunggu Gadud lan Ponokawan. Ongko kepandjingan wahju
Tjakraningkrat, anggone nggodo, nanging Ongko ora mengeng, Anggani di agagi
pusoko Anggani mlaju, njuworo mbesuk jen ono untari aku bakal njurup ing kono,
Ongko budal di iring Gadud lan Ponokawan, kepetuk Sombo ndjaluk wahju di
undurno Gadud. Ongko budal di tjegat Kurowo prang Kurowo di undurake Gadud.
Pendowo kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON SUJUDONO KROMO
Ngastino Sujudono Kurowo pepak. Rm. Supojo Kurowo golek takon Gadjah putih
sing biso totodjalmo kanggo nglamar Banowati budal.
Sabrang arep ngraman negoro Ngastino budal kepetuk Kurowo prang Kurowo
kalah sigeg.
Alas Premadi Ponokawan Rm. Arep mbantu nggoleki Gadjah putih kang biso
ngutjap kanggo tukon anggone kromo Sujudono budal sigeg.
Gadjahojo Destoroto Gendari Rm. Bab anggone kromo putrane, jen ora entuk
gadjah putih sing biso toto djalmo ora bakal ketompo, tekane premadi,
Ponokawan, di dawuh Destoroto, supojo melu nggolekno takon Gadjah, Premadi
budal sigeg. Premadi ing pangadjab arep mbabati garwo kawitan ing kedung
granggang budal.
Kedung granggang, Hardowati ngipi jen Premadi rawuh nanging lesu, tekane
Premadi apdi, prelu njuwun supojo entuk Gadjah putih sing biso toto djalmo,
Hardowati matur, jen sing duwe iku ratu Malowopati Pr. Daenggulingsong, laratu
mau ngamek pesugihan, mulo luwih sugih, Premadi di paringi galihe Klopo djenggi
karo Hardowati, kasijate di seblakno gunung djugrug segoro asat. Premadi budal.
Malowopati Pr. Daling Gulingsong, Pr. Djajeng mataos. Daeng makotjo. Podo
nunggoni putrane nandang gerah, sambat-sambat djoged nangis gandang lan
lija-lijane. Sang prabu dawuh, supojo golek tombo, Pt. di utus, sopo kang biso
malujakake di gandjar, opo kang di suwun. Pt. budal sigeg. Setrat Premadi
ketekan utusan Malowo matur Purwowasono, Premadi sanggup di sowanake budal
sigeg. Setrat Malowopati, Pr. Gulingsong ketekan Pt. lan Premadi sanggup
ngusadani. Premadi nglenang sukmo, nedyo djudjug ing setrogondo lumaju.
Setrogondo Lumaju Djatibang Djatimalang lan poro setan, podo ngepong
Masripah di tajupake. Masripah sambat-sambat sukmane Premadi teko poro setan di
sirepi, Masripah di djupuk. Premadi di buru poro setan, prang setan kalah
nunggul Musripah di wulungno, malah Premadi di Bantu jen ono pari gawe Premadi
budal.
Setrat Malowopati Daeng Gulingsong tunggu lajone putrane lan Premadi
sukmane Musripah lan Premadi njurup, walujo temah djati, Premadi di daupke,
bandjur Premadi njuwun Gadjah, gadjah di wulungke, Gadjah ora gelem jen ora
kanggo Premadi dewe, mulo kotjape Banowati iku sedjatine toto batin bodjone
Premadi laire, gawane Sujudono. Premadi budal. Setrat poro Kurowo golek Gadjah
ora biso entuk ketekan Premadi nggowo
gadjah, di begal Kurowo prang Kurowo kasoran, Sengkuni mlaju ing pangadjal arep
matur Destoroto, jen Kurowo wis entuk gadjah nanging di begal Premadi, budal.
Setrat Ngastino Sujudono Destoroto, sowane Sengkuni matur jen wis entuk Gadjah
nanging di begal Premadi, tekane Premadi gadjah matur jen sing entuk Premadi.
Bandjur ngarak ing Mondoroko. Setrat Mondoroko ketekan nganten Ngastino,
Sujudono di daupno Banowati, nanging Banowati njuwun di paesi Premadi disik,
babar di paesi lagi di daupno Sujudono, bali ing Ngastino.
- Tantjep Kajon -
LAKON KOKROSONO KROMO
Giri kandasan Pr. Resikolo bolo pepak, kesowanan kang putro kartowijogo,
pamit maling putrid ing Mandoroko, budal di tutno poro wadyo balane sigeg.
Ngastino Kurowo pepak ketekan pradjurit sabrang prang. Giri kandasan kalah
Kartowijogo nerusno lakune budal sigeg.
Alas Premadi Ponokawan arep
lelono broto ing madyane wono budal kembang sigeg.
Kedung griging Lemah bang
guwo blenderan. Pdt: Kolo Kurondo bolo lan putro Hardowati, ngipi duwe bodjo
Premadi, ramne di kon luru budal. Setrat Kurondo bolo papagan Premadi, di
pundut mantu ora kerso prang Premadi di gowo mabur, klambi djobahe keterak
angina katon sisike Premadi ngasto pulanggeni di tjotjok, madi: Hardowaliko
putrane Kurondo belo, di tamani sarutomo keno mripate sewer mlaju njuworo
mbesuk jen prang Barotojudo jen ono Kunto, iku aku bakal nggubel, males karo
kowe. Premadi nerusake lakune kesasar tekan Kedung grunggung lemah bang guwo
blenderan, kepetuk Hardowati katon aju, dipek garwo, bareng podo sare katon
ulo, Premadi mlaju, Hardowati nututi, kepetuk Durgo Hardowati di paesi katon
aju maneh, kepetuk Premadi, Premadi mekas, jen putrane lair kakung djenengno
Hardokesumo Hardo: ugo mekas, jen ono pekewuh di kon djedjeg lemah ambal ping
telu, aku bakal mbantu. Premadi budal Premadi kroso lungkrah Punokawan di utus
golek banju setetes lan sego sekepel kanggo dahar, poro Punokawan podo lungo
mbarang djantur separan paran.
Pertapan Hargosonjo. Woro
Sumbodro Emban matur jen ono wong mbarang djantur, Sumbodro ngutus supojo di
utus teko rene, wong mbarang di tanggap njuwun opah mangan, bareng
Mondoroko Saljo, garw. Pudjo kesowanan Bolodewo Premadi Sumbo: ngaturake
Erowati, di uripno bolodewo, Sumb: di patjangake Premadi tekane Kartowijogo
prang di nenggolo mati, kumpul ing Mandoroko.
- Tantjep Kajon -
LAKON GADUDKOTJO GUGAD
Purbojo Gadudkotjo Ontoredjo Probokiso pepak. Probokiso matur jen Gadud
kudu gugat ing kajangan, djalaran naliko lakon patine Pratjono, di djanji Btr.
Guru di dadekno ratu ing kajangan wolungwindu, lagi sak kedepan wis di kon
mudun, Gadud terus ngutus, Probokiso supojo munggah kajangan budal sigeg.
Mrepatpanasan. Bromo pepak ketekan Probokiso, prang dewo kalah sigeg.
Rahtawu Abijoso dawuh Djanoko supojo bali ing Ngamarto budal sak Ponokawan
kembang sigeg.
Setrat Purbojo Gadud Ontoredjo, kesowanan Probokiso matur supojo Gadud,
munggah dewe margo Probokiso ora duwe kewadjiban nggugad. Gadud budal, kepetuk
poro dewo di alang-alangi prang dewo kalah, Gadud nerusake kepetuk Btr. Guru
sigeg.
Kajangan guru lan Narodo ketekan Gadud gugad supojo di dadekno ratu ing
kajangan, awit sing biso mateni Pretjono aku guru ora marengake prang Guru
mlaju arep ketemu Kresno sigeg.
Dorowati Kresno bolo pepak, ketekan guru njuwun tulung pangamuke Gadud ing
kajangan. Kresno budal sak balane ketemu Gadud, di aturi ora pretjojo prang
bolo Kresno kalah, ngundang Bomo, prang Bomo di djegorno kawah tjondromuko,
Kresno ngundang Anoman, Anoman madju Gadud kalah di piloro Anoman sambat-sambat
sigeg.
Kawidodaren Dresnolowati dawuh Wisanggeni supojo mbelo Gadud nandang rogo
di piloro karo Anoman, awit nggugad Btr. Guru, Wisanggeni budal ketemu Gadud di
tulungi, Anoman di lepasi pusoko sarah angin Anoman katut angin, Kresno djaluk
tulung Pendowo budal sigeg.
Ngamarto Pendowo pepak tekane Kresno njuwun tulung supojo mambeng Gadud
anggone gugad kajangan pendowo budal arep njekel Gadud. Setrat Gadud lan
Wisanggeni ketekan poro Pendowo di pambeng malah pendowo di unek-unekake Wisanggeni
Pendowo ora sido nesu malah Kresno di uni-uni Wisanggeni Kresno njuwun apuro
karo Wisang: lan supojo Bomo di entasake, lan Anoman ugo di tulungi Wisanggeni
maneh, Kresno di boboti supojo nggugatake guru. Kresno budal di iring poro
Pandowo sigeg. Setrat kangan guru lan Narodo ketekan Kresno di iring gadud lan
poro Pandowo. Btr. Guru di lorot soko balemartjukundo gadud di tetepake dadi
ratu ing kajangan, peparap Gurutanojo ngratoni ing kajangan Salendro bawono.
- Tantjep Kajon -
LAKON ONGKO WIDJOJO KROMO UNTARI
Dorowati Kresno bolo pepak, ketekan karno ngaturno lajang surasane, arep
ngadjag kidang wulung tlatjakwodjo lajang di tompo, Karno di utus nunggu ing
alun, Karno budal sigeg.
Poro Kurowo, Bolodewo, nunggu tekane Karno, matur jen di utus nunggu, tekane
Kresno sak balane sulajane rembug dadi prang Kresno dadi buto, di alugoro tibo
ing alas Gentolo, dadi Pendito Supadmonobo sigeg.
Ongko widjojo Punokawan bukane arep rilik siti Sendari budal kepetuk
Bolodewo, Ongko: dialang-alangi. Bld: Ongko: di alugoro tibo ing alas Gentolo
Ponokawan ugo katut di alugoro, podo tibo ing alas. Setrat gadud uogo prang, di
alugoro podo tibo ing alas Gentolo.
Alas Gentolo Bgw. Supatmonobo, nginting-nginting Bolodewo jen ono lakon
Kresno gugah bakal males Bolodewo, ora kojo tibane Ongko, di takoni matur
Purwowasono, ora suwe tibane Gadud, Bgw. Dawuh supojo mlaku ngidul ngetan,
budal sigeg. Tibane Gareng, matur opo anane, Gareng di dandani di djenengno
Kumolowarno, di utus ngleboni patembojo ing Wiroto budal sigeg.
Madukoro Djanoko Sumbodro, ketekan Semar Petruk, di aturi jen Ongko lan
Gadud, di alugoro Bolodewo, Djanoko ora narimakno ketemu Bolodewo prang Djanoko
di alugoro, ketut angina tibo ing Wiroto sigeg.
Taman Wiroto Untari Emban, kutungko Ongko Widjojo rerasan, jen Untari iku
djare isih nom kok wis tuwo. Untari krungu isin, Untari mesu budi maleh enom,
Ongko gandrung, Untari ora gelem, gelem jen pantjen Ongko isih djoko, Ongko
matur jen isih djoko. Jen ora djoko gelem. Jen ono prang Barotojudo mugo-mugo
tatu arang krandjang Untari gelem, sigeg.
Taman Plongkowati Dewi Siti Sendari, kang paman Kolo bendono ora wentolo
sambate Siti Sendari, Klb: nedyo nggoleki Ongko, budal. Setrat taman Wiroto.
Ongko Gadud lan Untari, lagi podo gegujonan ora kojo tekane Kolo bendono ngaturi
Ongkowidjojo, jen di kongkon garwamu Siti Sendari. Gadud bareng krungu ature
kang paman Kolo ben ora saronto. Klb: di seret di untir gulune pedod Klb:
tekeng sirno Gadud, keduwung roso gelo, anggone Klb: di rangkebi Klb: murtjo,
ragane ono suworo dumeling, ngger Gadud kowe ora susah gelo atimu lan aneng
artjopodo isih di butuhake pegawehanmu mbesuk bakal tak enteni, jen wis
Baratojudo Karno tanding wis ngger semono wekasku karo kowe jongger, sigeg ora
kojo tibane Djanoko terus di aturake ing ngarsane ramane budal, bebarengan wong
papat, sigeg.
Wiroto Maswopati lan putro, Seto utoro Wratsongko, ketungko kumolowarno,
matur jen arep ngleboni patembojo, bandjur di utus mbalekno rodjo sewu negoro
budal. Ketungko Ongkowidjojo Djanoko Gadud, Untari, bandjur di daupke Untari
lan Ongko, sigeg. Setrat sewu negoro arep nglamar Untari ketungko Kumorowarno
prang sewunagoro kalah, Kumorowarno nageh djanji karo Maswopati, Kumorowarno
prang karo Djanoko Kumorowarno kalah mlaju di lepasi Sarutomo mburu sigeg.
Setrat alas Gentolo Bgw. Patmonobo, ketekan Kumolowarno, lagi di dangu, ora
kojo Sarutomo nradjang Bgw. Lan Kumolowarno, babar dadi Kresno lan gareng,
ketekan Djanoko di adjak bali budal.
Djodipati Seno ketekan Sombo ndjaluk tulung
supojo nggoleki Kresno kang di nanggolo Bolodewo. Seno budal ketemu
Kresno Djanoko Ongko, Gadud, bandjur podo arep nglurug Bolodewo, budal. Setrat
Bolodewo lan Kurowo ketekan Pendowo, prang Kurowo Bld kalah Kresno Pandowo bali
ing Dorowati.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE PONTJOWOLO
Ngamarto Puntodewo Durno Kresno Seno Wr. Durpadi, Pendowo pepak Gadud. Rm.
Anggone nggarbini Durpadi di utus mbatang, sing kliru pambatange bakal di sikat
Seno Kresno mbatang midjil putrid. Durno mbatang kakung, sakolo baji midjil
kakung, Kresno di uman-uman Seno Kresno ontjat. Seno ngutus Gadud lan Onto jen
ono belane Kresno budal sigeg. Kresno ngudoroso ora bakal bali awit di wirangno
Seno, nedyo arep topo ing balekambang budal.
Keblatalam Pr. Sukmo alam Pt. surjo ngalam di utus njuwun Durpadi di pundud
garwo. Pt. budal ing ndalan kepetuk Gadud lan Ontoredjo: pasulan dadi prang
sewangan sigeg.
Rahtawu Abijoso Ponokawan dawuh supojo Djanoko nggoleki Kresno, Djanoko
Ponokawan ing balekambangan budal sigeg. Setrat Punto: lan Durpadi lan putrane
Pontjowolo, ketekan Surjo ngalam djalak Durpadi di ulungake bali tekane Seno,
Surjo ngalam di buru, kepetuk prang Seno kalah Gadud lan Onto di sebul katut
maruto. Surjo ngalam nerusake lakune dirgantoro. Setrat Kresno, nglenang sukmo,
arep munggah kajangan budal takon guru, ragane di tinggal ing balekambang
sigeg.
Kajangan guru lan Narodo tekane Kresno takono sebabe mbatang laire djabang
baji ora tjotjog. Guru takon pakeme Kresno bareng nggajangi pakem ilang. Kresno
bali tanpo pamit. Ragane Kresno di tekani sukmane Kresno, Kresno mateg
Wisnumurti dadi buto ragane di untal nedyo topo ing balekambang budal sigeg.
Setrat Surjo ngalam liwat nungkuli Wisnumurti kantoko Wisnumurti di gugah tangi
prang Surjo ngalam di pateni ragane Surjo di enggo Wisnu: dadi Surjo ngalam,
nedyo arep sowan ratu gustine budal.
Setrat Sukmongalam arep-arep Pt. surjongalam bareng teko di takoni wis biso
mbojong Durpadi nanging nganggo tukon bekakake buto Sukmongalam prang
Sukmongalam maleh Tjokro, Tjokro di simpen, ndjur bali topo ing balekambang.
Ora kojo tibane gadud lan Onto, prang botjah loro di untal, bali topo maneh,
tekane Djanoko lan Ponokawan, Djanoko ora samar Surjo: di gugah tangi prang
Djak: di untal. Ponokawan mlaju kepetuk Srikandi Sumbodro di aturi jen Djanoko
di untal buto, Srikandi Sumbodro ora trimo kepetuk di untal pisan Ponokawan
lapor Seno Nakulo Sadewo di untal pisan. Surjongalam golek Puntomangku putrane.
Punto ora gelem nesu, putrane di tjandak di ontang anting, sojo gede jo di
untal. Punto nesu mateg Adji Tjahdobirowo dadi buto
di untal pisan.
Setrat sak djrone wetenge Surjongalam Kresno. Pendowo lan Garwo putro
pepak, di tari Kresno, Pendowo wis kapok njuwun pangapuro, Surjongalam di
Tjokro badar Djitapsoro Djitapsoro di simpen Kresno baji di djenengake
Pontjowolo.
- Tantjep Kajon -
LAKON PONTJOWOLO KROMO
Ngastino Sujudono Durno Bolodewo Kurowo pepak. Rm. Molokramakno Lesmono,
entuk putrane Bgw. Manik ngasalam ing pretapan Tunggul Manik Dw. Tunggul wait
Durno matur supojo Pr. Bolodewo kang nglamar Bolodewo budal di iring poro
Kurowo, sigeg.
Pretapan Tunggul Manik. Bgw. Manik ngasalam putrane Tunggulwati ketekan
Bolodewo, Gadud di utus ngalah ora gelem prang di rebud Kurowo, Gadud lan
Bolodewo di pisah Bgw. Lan di bebono, sopo sing biso ngupojo banju patang
prakoro sing di kumpulake ora biso kumpul, lan maknane lapel subegkan awohi iku
kang bakal dadi djodone putraku, kabeh podo sanggup mbandjur podo budal.
Rahtawu Abijoso Ponokawan Pontjowolo, matur jen arep sambut silehing kromo,
prelu njorowidekno, budal sigeg.
Ngamarto Kresno Punto poro Pandowo pepak, ngarep-ngarep gadud: tekane
gadud: matur jen ono bebanane, Seno nesu awit ora di goleki pisan. Gadud di
seret Seno, Kresno budal menggak Seno Gadud diadjar Seno, di penggak Kresno,
Gadud di utus golek tukone, anggone kromo kang roko, nganti ketemu. Gadud
budal, dirgantoro nibo supojo tekeng pati nibani watu-watu adjur sigeg.
Pertapan Gunungapus Bgw. Napas, Nupus Tanapus Ampas, ora kojo tibane Gadud,
takon banju patang prakoro di kumpulno ora biso kumpul lan lapal supekan awohi,
di aturi ora ono gadud ora ngandel, Bgw. Namakno teken wuluh
gading pindo nogo Gadud di utus neburi budal. Teken mlebu djrakah Gadud,
bingung leren ngaso, sare di gubel nogo djrakah ilang nogo di suwek ilang,
Gadud weruh ono wong ora ngambah lemah di parani sigeg.
Alam Endroloko Pt. loro sadjad sudjud tekane gadud takon, banju patang
prakoro lan lapel supekan awoh. Pt. ora weruh prang Pt. mandjing ing Gadud,
Gadud weruh ono wong djogo mejid di parani budal sigeg. Setrat lawang wetan.
Imam Kanapi. Kidul Imam Kambali. Kulon Imam Sapiki. Lor Imam Maliki. Geni kon
ngindani nepsu watu ngindani nepsu banju akir………. Maruto Gadud katut angina,
sigeg.
Ngamarto Kresno Pendowo pepak, ora kojo tibane Gadud bareng wis eling di
dangu Kresno Gadud matur awit soko sepisan kepetuk Bgw. Papat Napas, Nupus,
Tanapas Ampas. Owo lesan 2 irung. Owo kuping, djubur, Djrakah, iku kaju
Sadjaratil mustaha Pt. sadjad sudjud anak mbarep, rudju. Imam papat iku banju
patang prakoro utowo nesu patang prakoro sing dewe-dewe karepe, iku isih ono
ing sak djrone medjid ono wong loro, kakung putrid, sing putri iku luwih aju,
sak djagad ora timbang Djanoko bareng krungu tjritane Kresno, bandjur lungo
tanpo pamit, nedyo di goleki. Ketemu Semar di boboti Djanoko supojo di djupukno
sadad pengasih, Semar lan Djanoko podo nglenang sukmo budal sigeg.
Setrat Medjid patekur djaman, Sadad sedjati sadad pengasih ketekan Semar
lan Djanoko, Sadad pengasih di suwun ora entuk prang di telukno Semar, Sadad
loro di gowo kanggo tukon Pontjowolo budal. Semar Djanoko podo bali nusup ing
ragane budal sigeg. Setrat Ngamarto Kresno di adep poro Pandowo pepak nganten
puti di daupake Pontjowolo kumpul ing Ngamarto.
- Tantjep Kajon -
LAKON LAIRE WISANGGENI
Musokambono Pr. Dewosrani sak balane Rm. Arep munggah kajangan njuwun kromo
entuk Dresnolowati bodjone Djanoko budal.
Mrepatpanasan Bromo dewo pepak, ketekan bolo sabrang prang poro dewo kalah,
Dewosrani nerusake sowan ingarsane Btr. Guru.
Rahtawu Abijoso Punokawan Abijoso dawuh supojo Djanoko supojo kumpul poro
Pandowo ing Ngamarto Djanoko budal sigeg.
Kajangan guru Narodo kesowanan Dw. Srani djaluk supojo daup Dresnolowati,
bandjur guru dawuh Btr. Bromo supojo putrane gelem di daup Dw. Srani. Bromo
budal nedyo arep mekso Dresnolowati budal.
Karang kawidodaren Dresnolowati ngudoroso kangen Djanoko di arep-arep
tekane Btr. Bromo, nari kang putro Dresnolowati supojo gelem di daup marang Dw.
Srani kang putro ora gelem Btr. Bromo muring Dresnolowati di djegurake naroko,
Bromo budal kotjap Dresnolowati ing naroko wis nggarbini karo Djanoko wis
sangang sasi. Banget prihatine tansah njuwun sahjangwenang rawuh ketemu
Dresnolowati baji lair di djenengno Wisanggeni awit soko sisane geni.
Sahjangwenang bandjur mandjing ing Wisanggeni. Nedyo arep ngadjar poro dewo
budal.
Setrat kajangan guru lan Narodo Dw. Srani ketekan Dresnolowati lan
Wisanggeni, guru lan Bromo di umpah-umpah terus di lorot soko bale martjukundo,
prang poro dewo podo kasoran, guru di ploro Narodo lan Wisanggeni, guru mlaju
mudun ing Artjopodo nedyo njaluk tulung Kresno budal di buru Wisanggeni sigeg.
Ngamarto Kresno Pandowo pepak, ketekan guru djaluk tulung Kresno lan
Pandowo pandowo budal. Setrat Wisanggeni lan ibune ketekan Pandowo pasulajan
dadi prang Pandowo kalah, Kresno maju weruh jen kesurupan sahjangwenang, Kresno
njembah Sahjangwenang metu nempakno Wisanggeni supojo di daku marang Djanoko.
Sahjangwenang bali makajangan. Kresno lan Wisanggeni lan Dresnolowati podo
budal. Kepetuk Djanoko Djanoko kepetuk Dresnolowati Wisanggeni di daku putro.
Kresno dawuh Djanoko, supojo njekel Pr. Dewo Srani Djanoko budal kepetuk Dw.
Srani parng Djanoko kalah, Dw. Srani di lepasi, sarutomo babar Btr. Ko lan
Durgo mlaju bali ing tegal kepanasan jo masakan bono. Kresno dawuh supojo bali
ing Ngamarto, Ngamarto Kresno poro Pandowo Wisanggeni Dresnolowati wis podo
kumpul.
- Tantjep Kajon -
LAKON PALGUNADI
Paranggelung. Palgunadi Pt. djojo Sukendro, Rm. Arep meguru Adji Sapdo
tunggal marang Bgw. Durno ing sokolimo budal, sigeg.
Poro Kurowo ketekan balane Djojo Sukendro prang sabrang kalah.
Adegan Djanoko Ponokawan, arep sowan ing Sokolimo Durno arep meguru
Sapdotunggal budal sigeg.
Sokolimo kesowanan Palgunadi meguru Durno di wedjang Adji Sapdotunggal, di
utus jen ono sasi suro tanggal sidji. Ketekan Djanoko podo bage binage.
Palgunadi di kondo jen bodjone Hanggrahini. Setrat Hanggrahini ketekan Djanoko
di gandrung ora gelem, Djanoko bali nedyo nesoni Srikandi budal.
Madukoro, Wr. Srikandi arep-arep Djanoko teko-teko nesu di takoni ora
semaur. Srikandi takon marang Punokawan, di aturi jen tampik Hanggrahini.
Srikandi nedyo arep djupuk Hanggrahini budal. Setrat Paranggelung Hanggrahini
di tjolong Srikandi. Tekan taman Madukoro di wor sare Djanoko. Barang
Hanggrahini mambu gandane dudu rakane wungu mlaju, di buru Djanoko Djanoko
mateg Adji Sapdotunggal sak naliko Hanggrahini nggarbini. Banget prihatine
sigeg, Hanggrahini nedyo golek rakane ing tanah djowo, setrat Palgunadi tekane
Hanggrahini di takoni jen di buru Djanoko, sebab nganti nggarbini ora rumongso
kepasihan. Palgunadi ora pertjojo kang garwo di tundung teros di adjar
Hanggrahini lungo sak paran-paran. Palgunadi nedyo ketemu Djanoko budal sigeg.
Setrat Hanggrahini banget nandang rogo nedyo ndjaluk pati ketekan Jomodipati
baji ing kandungane Hanggrahini di lairake babar kakung di angkani batuke.
Katinggal ing alas Hanggrahini di bojong ing kajangan sigeg. Setrat Djanoko
Ponokawan tekane Palgunadi pasulajane rembug dadi prang Djanoko kalah nedyo
mlaju ing sokolimo ndjaluk tulung Bgw. Durno, Gareng kari nemok baji sigeg.
Setrat sokolimo Bgw. Durno ketekan Djanoko, njuwun supojo palgunadi mati.
Djanoko di kon ngamping ing mburi tekane Palgunadi di takoni Durno opo sebabe
digdojo. Palgunadi matur jen duwe ali-ali Ampalbumi manggon ing driji. Jen
drijine durung uwal ora biso tumekan pati. Bareng Djanoko krungu, Palgunadi
drijine di djabud Djanoko Palgunadi mati. Ono sworo jen prang Baratajuda aku
males tjangkemu tak suwek. Ampalbumi di tantjepake ing drijine Djanoko. Mulo
drijine Djanoko iku sesisih nenem sigeg. Djanoko bali ketemu Seno, Djanoko di takoni
matur jen Hanggrahini meteng soko Adji Sapdotunggal. Seno ora pertjojo Seno di
adjak adus Djanoko. Seno ados Djanoko mateg Adji Sapdotunggal. Seno sak naliko
meteng, Seno pertjojo baji di lairno soko lempeng lanang di djenengno Abimaju.
Gareng teko gowo baji Rd. Ongko, baji di du prang Ongko mandjing Abimaju mbesuk
ing tembe bakal mananggal ing putro Djanoko.
Buto wadon. Ekowati kadang ekolojo arep golek Djanoko budal. Setrat Djanoko
ketemu Ekowati, Ekowati mateg pengasihane Djanoko gandrung. Ekowati gelem di
pundud Djanoko jen biso nekani atine Sumbodro. Djanoko sanggup budal, ketemu
Nakulo Sadewo, di utus mateni Sumbodro atine di kon ngepek budal. Sumbodro di
gowo ing alas ditinggal Nakulo mateni kidang atine di djupuk di aturno Djanoko
sigeg. Sumbodro nandang prihatin, di tekani Durgo lan Kolo baji di lairake
lanang di djenengno Djimrembaju, baji di mong Btr. Kolo Sumbodro di dandani
dadi buto di djenengno Brotoasmoro di kongkon males wirang Pandowo budal.
Setrat Djanoko di aturi adu kidang Nakulo. Ketekan Brotoasmoro Ekowati di
pateni, prang karo Djanoko Djanoko kalah mlaju ketemu Kresno, di kongkon
ngambungi wae prang maneh di ambungi badar Sumbodro di adjak bali ing Ngamarto
kumpul poro Pandowo.
- Tantjep Kajon –
LAKON PONTJO DARMO
Ngastino Suyudono Kurowo pepak lan Pandowo perlu podo dame warunge
Barontoyudo kabeh Kurowo lan Pandowo podo napak asmani, lagi rampung, ono buto
aran pancodarmo ora setuju yen perang Barotoyudo di wurungake laying di
suwek-suwek Seno ora nari makno Poncodarmo di sered babaran.
Sedulur papate Semar, Wrekso anggoro
Dwi anggoro Tri anggoro Catur angoro podo ngarep-ngarep Poncodarmo,
tekane ponco: dulure papat di ajak mapaki Kurowo budal kepetuk Kurowo prang
Kurowo mundur, sigeg.
Rahtawu, Ongko: Punokawan, Preluncoro widekno marcane Semar, Abijoso dawuh
ora susah di sorowidekno Ongko: di utus bali Sigeg. Setrat Pancodarmo, sedulure papt di utus
manunggal rogo, ponco: nedyo ngrusak tatanane poro kurowo lan pandowo budal.
Kurowo Pendowo podo ngedum maneh rukune Barotoyudo ketekan Pancodarmo
Pandowo Kurowo di ocar acir prang Pandowo Kurowo kalah kabeh Pendowo mplayu
jaluk tulung Kresno budal.
Kresno ketekap lajune Pandowo jaluk tulung Kresno maju prang Kresno di umpah-umpah nglepasake cokro, Cokro
ora opo-opo Kresno mplayu munggah kahyangan sigeg.
Kayangan Guru lan Narodo ketekan Kresno njaluk tulung guru mudun, ketemu
Poncodarmo prang guru kalah mpayu Kresno arep ketemu Wisanggeni, Setrat
Wisanggeni ketemu. Kresno jaluk tulung
wisanggeni gelem nulung yen Kresno biso mbubarake, tuduhane Pandowo lan Kurowo
anggone arep murungake Barotoyudo, Kresno sangguh, budal Pendowo di dawuhi
Kresno supoyo wurung anggone ngrukun Kurowo Pandowo saguh, Wisanggeni ngundang
Gareng Petruk Bagong di utus nggelut Poncodarmo, Setrat poncodarmo kepetuk
Gareng, Petruk Bagong di gelut Poncodarmo badar dadi semar, Pandowo mbalik
Kurowo biso di undurake seno tajang tancep kayon ing Ngamarto Pendowo kumpul.
Tremancep Kayon Nb: di jejerake 1. Wiroto Prabu Maswopati Semar Seto
Wratsongko ugp biso buk yen Pandowo podo rukun lan Kurowo semar banget ora
cocok nedyo arep di bubari kekarepane poro Pandowo lan Kurowo budal.
LAKON GATUDKOCO SUNGGING
Darowati, Kresno, Bolodewo, Setiyaki, udowo Pepak. Gatine rembuk, bab Janoko ora ono kondur,
sumbodyo arep di aupno Gurusworo, ora suwe Kesowanan Anoman gantine di utus
pulunane Gadudkoco nakokno Sumbodro arep di pundut garwo, Bolodewo duko jajah
sinipi Anoman di seret, pisowanan di bubarake, sigeg prang seretan, Anoman
ngoncati sigeg.
Prigondani Probokiso kolo Bendono Kolokakung, ketyekan Anoman, Rm: bab
anggone sowan ing Dorowati dadi pasulayan, malah di buru wong Ngastino, Budal
prelu mapagake wong Kurowo budal prang gaga, Kurowo kalah, Bolodewo prang karo
Anoman, di pisah Kresno kon nganakno sayemboro, 1. Sing kuwat nadahi pulanggeni, 2. Sing biso
nggambar Janoko, 3. Sing biso ngungkrum Sumbodro koyo panggungkramane Janoko
iku kang bakal di aupno banjur podo budal.
Rahtawa Bgw Abijoso Ka hadep Ongkowidjojo, Se, Ga, Pe, Ba: Rm: ngorowidekno
djo Ongko: budal, Setrat kolo birowo bolo, Rm: ngayupake Sumbodro, budal.
Ngamarta Pri Puntodewo Seno Nakulo
Sadew, lagi wawancoro ketekan Kolobendoro, matur yen Gadud marung toto, Seneng
marang bibine Sumbodro, Seno ora saronto budal, sigeg. Setrat Pringgodani, Arimbi Gadud: matur kang
Ibu, di palanggono mpumpat, tetep seneng ingkang bibi lagi podo rerasan, tekane
Seno tanpo toho-toho Gadud di ajar.
Anoman mrepegi Seno di pambeng mendo bab lakone Gadud Anoman bakal
sanggup ndandani sawise Seno di utus ing Madukoro, yen arep weruh babare
lelakon budal Sigeg. Setrat Gadud lan
Anoman, Anoman dawuh supoyo diterusake,
lan sajrone di utus ono bebono: 1. Kudu kuwat nadahi pulanggeni, 2. Biso
nggambar janoko, 3. Biso ngungkum koyo pangungkrume janoko gadug krungu
pangandikane kangwo bangeting sungkowo budal, di duni Narodo paring dawuh biso
kasembadan kakarepane, saranane kudu njunjung ing taman kadi lengeng Gadud
budal sigeg.
LAKON TJALON LANANGE DJAGAD
Krendowahono, Pr: Djoko
Lelono, Pt.Krendojani, Rm, arep nyuwun calon lanange jagad ing kayangan, budal.
Gadud iyem arep nggaleki
murcane Janoko, ketemu Pti Krendijani di takone kondo yen arep nyuwanake Ratu
gustine Joko lelono dadi lanag jagad, prang sewangan, sigeg, setrat gadud:
kepetuk Janoko di dangu matur yen mentas prang kro Pt; Krendoyani, arep nyuwun
lanange jagad, janoko Krungu ature gadud: banjur di ajak nggoleki ketemu
patih. Krendoyani prang Pt: kalah di
cukur bali matur Purwodosono, Jokolelono budal nngoleki Janoko. Budal ketemu janoko prang Jokolelono kalah
mplayu nedyo munggah kayangan budal.
Kayangan Guru lan Narodo pepak Porodewo kesowanan Joko
lelono nyuwun dadi lanange jagad banjur di pasrahake Joko lelono budal, tekne
Janoko, lanange jagad di suwun, wis di pasrahake Joko lelono. Janoko bali tanpo pamit, Narodo mbenerake
janoko di tundung guru Narodo lungo nedyo mbelo Janoko budal. Setrat janoko ketekan Joko lelono prang
Jokol: Ngoncati janoko nedyo topo, bareng janoko topo gawe ganjinge kayamgan
Guru mudun nedyo mbadarake Janoko.
Janoko topo di gugah Btr: Guru ora kerso wungu di sotake dadi
sendang. Guru bali kayangan larang banyu
kawah condromuko asat. Guru bingung awit
banyune ono sendang kabeh sigeg. Setrat
widodari podo ora betah sumuke podo medun golek banyu kanggo adus. Setrat sendang ketekan widodari podo adus,
Sendange biso ngundang widodari seneng banget, kocap Btr: Guru ing Semuduko
nedyo arep ngumpet sumbere Sendang mendo-mendo dadi petruk, sigeg Narodo weruh
guru dadi petruk Narodo dadi gareng, petruk arep adus di adang gareng perang
podo badare. Guru maleh wanito kang ayu
Narodo maleh Janoko, wanito arep adus ora entug bareng di tubruk maleh guru,
guru lungo maleh panah Narodo nyedaki sendang di malehno dadi Janoko di dawuhi
lan Janoko di dadekno saratomo, gaman loro podo prang badar dadi janoko lan
Btr: Guru-guru di umpah-umpah Janoko lan Narodo, Guru nyuwun apuro bali
makayangan karo Narodo bab Lanange jagad di utus nyuwun karo Joko lelono budal,
golek Joko lelono, ketemu Djoko lelono, prang karo Janoko Seno kalah nyuwun
tulung Kresno Djoko lelono Pt: Krendoyani di cokro badar Bt: Kolo lan Dargo
Betari Lanage jagad tibo janoko podo kumpul Kresno Pandowo pepak ing Ngamarto
Tancep Kayon. Perlu di utus nggambar
sakdjrone taman,
Madukoro, Kresno Bolodewo,
Seno, Sumbrodo, Legi podo rembukan tekane Garis rowo. Samyemboro di wiwiti Garisrowo lagi tungkuli
Pulang, gen iwis Klenger bali, Bolodewo wis
marem, tekane Kolobirowo ugong
leboni sayemboro di temoni pulanggeni mati urip, mati urip banjur di kon
nggambar yobiso presis, banjur utus ngrungkum ora biso, terus di utus
mundur. Tekane Gadud di utus nadaki
pulanggeni kawad di utus gambar ugo biso presis, terus ngungkum, nanging di
kabeh kudu merem pangungkrame podo presis Janoko. Sumbodro nyuwun di kungkrum maneh podo merem
bareng sumbodro krungu pangungkrume presis Janoko melek sungging Purbowicoro
bali ing kantinggelung maneh. Banjur
Gadud di aupno karo Sumbodro during nganti rampung, ketekan Kolo Birowo
sabalane prang Gadud di banting Purwocoro metu soko kanting gelung badar
Janoko, Kolobirowo prang Pandowo kalah
Kresno ngundang Anoman Yikmodo Someta soko Kolobirowo di buru Anoman dib rug
Gunung Kolobirowo di pateni Pandowo tayungan kumpul Kresno Pandowo Tancep
Kayon.
LAKON DJULUNGWANGI
Setro Gondo Lamayu. Djulugwangi Pt: bolo lelembut , Rm: arep ngentas ramane Pandu ing naroko
kan nagih Guru budal sigeg.
Prepatpanasan, Bromo dewo pepak, ketekan bolo utusan julung wangi prang
utusan kalah bali sigeg.
Rahtawa Abijoso Ponokawan Janoko njorow widekno Pandowo lan negoro Abijoso
ngutus bali marang Janoko budal sigeg.
Setrat Gondo lumayu Gondowangi tekane ptimatur yen di utus bali dewo.
Juluwamgi munggah dwe ing kayangan budal sigeg.
Kayangan Guru lan Narodo, kesaru tekane Julungwangi Guru di umpah-diumpah
di kon ngentas Pandu ora gelem prang Guru kalah nimbali daut jowo di utus prang, dauti prang kalah, Guru
nedyo madun ingarco podo nyuwun tulung Kresno di buru julungwangi budal.
Dorowati Kresno Sombo, pepak , ketekan guru supoyo biso mbalikkake
julungwangi Guru pasrah moso borong karo Kresno Guru bali, Kresno nemoni
julungwangi, ketemu di takoni opo perlune nganti soroh amuk ing kahyangan matur
yen arep ngentas bapake Pandu di alang-alangi guru. Kresno dawuh Julung: Supoyo bali, ora gelem
prang, Kresno kalah, matek aji dadi boto mekso kalah. Kresno di sebut katut maruto ora kaweruahan
tibane sigeg. Setrat Megomalang
Julungkepipit ngrasani Julungwangi anggone ngentas Pandu, ora koyo tibane
Kresno bingung, bareng noleh ono wujude manuso, djebul wis ngerti Kresno,
ditakoni julungkepipit isih tunggale Pandowo, Kresno rumongso kalah kasajidan
kresno diaturi di penging mbantu Guru margo luput tindakane, Kresno diutus
ngentasake Pandu, Kresno budal ing kayangan.
Madeg kayangan Guru Narodo Ketekan Kresno, Krtesno ngumpah-ngumpah Btr;
Guru-guru yen kang jejerake Cingkobolo lan Bolouopto Krewsno budal goleki. Cingkoro Bolo di takoni Kresno, dikon ngentas
Panfu ing Naroko dikon nguwor Madrim ing Swargo budal, Pandu di entas di wor Madrem ing Swargo, Sigeg
Kresno arep bali ing Ngamarto budal sigeg.
Ngamorto Puntodewo, Poro Pandowo pepak, Rm: ilange Kresno ketungko rawuh
Kresno dawuh yen Panda wis di entaske ing Swargo di wor Madrem, Banjur dawuh
Purwowasono Kresno dawuh yen ono buto lan ngaku-ngaku tunggale Pandowo supoyo
pandowo biso mbalekno, Pandowo budal, kepetuk Djulungwangi prang Julungwangi
biso di undurake Seno, Julungwangi kepetuk julungkepipit bali golek Seno kepetuk Seno prang rame
julungwangi lan julungkepipit ialng manjing seno.
Kresno dawuh supoyo Pandowo
podo kumpul ing Ngastino marto Pandowo kumpul Tancep Kayon.
NLAKON KRESODUTO
Ngastino, Suyudono
Saljo. Bardopati kurowo pepak rimi
negoro bakal di pasrahake poro pandowo lan
Loro Setiyaki dikroyok
kurowo kresno mudun soko Ngwijati prang kresno tiwikromo nedyo numpes kurowo
sakdjam kurowo pating slebar podo nandan tata karodo mudun kreskno diatwi
lakar, diaturi iling, lan bratoyudo kudu di wiwiti yen siro numpes kurowo,
Barotoyudo wurung. Karodo bali kresno
miwiti barotoyudokudu di wiwiti sigeg.
Ngawonggo Kunti di adep
janoko, janoko nyuwun pamit supoyo unggal pajurit poro Pandowo, janoko di
pangestoni budal, Karno teko, takon,
anggone perang mungsuh janoko unggul, opo asor, diwangsuli asok kunti di ajar,
kresno weruh di pisah karno dipancal badud karno mlayu.
Wiroto Maswopati,
wratsongko, utara, ponokawan, di dawuhi mbantu pandowo njujukgo ing kuru
seto. Bocah loro budal diderekake
ponokawon, ketemu kurowo prang kurowo kalah, Sengkuni lapor budal. Setra suyodono Darno, ketehan Sengkuni matur kurowo kalah,
Darno dadi Senopati, kepapag, wratsongko utoro, prang botjo bloro mati, Semar
lapur. Maswapati, semar di utus mungoni
anggone topo seto, semar budal bunung goto
kurang sedino sewengi diwugoni semar, seto pasutapane bungkar budal djam
sewelas bengi, ora ketang sambung obar, seto kepekso soroh amuk kurowo mawut
akeh kang nandang tata, Swengkuni lapur, yen kurowo kalah, Bisma ngadeg
senopati, prang, Si bisma kaseser kreta ka godo anjur sawalang-sawalang si
bisma di buru ambyuring samodyo ketemu kang Ibu dewi Djempini Bisma kaparingan
tjunduk dandang budal. Seto bareng weruh
yen bisma ngasto pasoko tjunduk dandang, Setokojo
Ngamarto Pandowo lan Kresno ponokawan kerawuhan maswopati, Kresno arep
murungake Borotoyudo Maswopati ora mirengake kresno diatruri yen Seto tanding
marang Bismo tumekeng leno, Kresno nayogjani penyawune ingkang ijang, Kresno di
lungguhake dalange, Borotoyudo kabeh podo yembah kresno ngaleh lungguhe. Kresno takon semar, sopo sejatine musuh Resi
Bismo, semar ngumutake, naliko lakon sentanu nomong patined parusodo, patine
ambayun ing putri Tjempoloredjo kresana sambung yen ngono Sri Kandi musuhe sri
kandi b udal mapagake Risibismo, Bareng tanding Sri Kandi kepanjingan sakmane
Tjambayun Bisma satemah luluh bajuang gane, gamane Bismo di paringake Sri Kandi
di utus kanggo njirnakno deke, gaman di tampani Sri Kandi enggal di tamakno
satemah Resi Bismo yubuh, katjedaki Kurowo lan Pandowo, Bismo megab-megab jaluk
nngumbe, kurowo ngepekno banyu bening Rismo moh, di pekno karo putu Pandowo banyu comboran jaran di unjuk,
jaluk bantal jaluk pajang, pajang akhire Seno nggowo kanggo pajang dibedalake
Ringin, Kurowo yengguh yen kanggo ngebregi, kurowo podo mplayu Bismo madjekake
Pandowo supoyo unggal perange layan di obongh, Pandowo kumpul tancep kayon.
LAKON LAIRE SOMBO
Parang Garudo Rd: Manilo Sombo Rd. Djojowikoto, Bab Pepal Rini: Nedyo
ngajunake Widodari budal sigeg.
N
adeg ing Mprepa tpanasan, poro dewo podo joyo ketekan bolo prang garudo prang
sigeg. (2). Alas Gunodewo Ponokawaarep golek titidoman
kembang sarine jagad sigeg.
Gunong tunon djembawan kesowanan kang wajah
ganedewo, tokoh kembang sari neroso sarinejagad, Gunadewa dikon manjeng ing
jagad djem baojan, ing kono weruh putrid luwih endah manjing ing hargane
ganodewo-ganodewo banjur bali disik, sing di arani kembang sarine,roso nyegat
nedyo manjing ing djembawati sigeg.
Dorowati Kresno lan garuwane
Djembowati tekane Gunodewo panokawan djembowati kepanjingan kembang sarine roso
sarine jagad,banokar di pitoni, sigeg.
Setrat, kolo barum Baru klinting, arep nyolong djembowati budal. Kresno lan kang garwo sare, kolobaram jupuk
Djembowati, kresno nedyo nyuwun bantuhan Pendowo budal,
Ngamarto Pendowo pepak kerawuhan
kresno nyuwun tulung garwane ilang, Pendowo budal, ketemu kolo barum lan bara
klinting. Prang pendowo di tinggal
oncat, Janoko nglenang sukmo, setrat kolo barum, di sirepi Djembowati Kresno
lan barum teluki sigeg. Madeg ing
Dorowati Kresno lan gunodewo ponokawan kesowan janoko ngaturake Djembowati
banjur nglahirake kakung, di jenengno Repadmojo sigeg. 7.Kalangan Gara lqan Narodo di dawuhi supoyo
jaluk jogo putrane Kresno Narodo budal setrat kresno kerawuhan Narodo jupuk
putrane kanggo jogo ingkang di da prang lan Manilo Sombo lan Garadapakso,
loro-loro ne manjing ing Sombo di pasrahi negarane Parang Garudo dibalekno
kumpul ing Dorowati Tancep kayon.
Byemo, Byemi
Hakmyonowati & Manibosombo
Prang Pandowo
kalah, kresno ngundang Anoman yikma di lau Anoman bali ing Gunung Sipem sigeg
poro pandowo kumpul ing Ngamarto tancep kayon.
LAKON KRESNO RANTE
Gunung Sijem Pri Yekmo doso, kahadep poro wodyo lan di adep Bomo Naroko suro pimejen bomo
kepengin ngadi poncosono, su[oyo bias ngaturake pergiwo garwane Gadudi Bomo
sanggup budal di iring poro wodyo bolone yikmodoso. Sigeg pasewakan bab.
Saptopyatolo, Sji Onto bogo, Ontowati, Ontoredjo-ontoredjo pamit arep tilik
badudi: nandang gerah ing Pringgodani budal, kepetuk parajurit sabrang, prang
sabrang kalah mumdur, ontonine rusake sigeg.
Kasatriyan Madigondo, Sumbodro, Ongkowidjojo sakponakawan, Ongko perlu
pamit tilik gadudi ing Pringgodani budal.
Purbojo, Rdi Gadugi lan garwo Pergiwo kesowanan ongkawidjojo lan
Ponokawan¸Gadag nandang gerah madal salwireng tampi, kacap Bomo pasang sirep
pengiwo ditjiro budal, poro ingkang nenggo podo kaged, Arimbi dawuh para putra
supoyo nggoleki budal ing jobo ketemu Bomo prang dp pateni pergiwo di gowo bali
sigeg. Ber Kresno ngangklang weruh
lakone Bomo di aripake, Bomo mplyu, kresno duwe penemu yen magangan senopati
kang di tompo gadud , arep di suwun karo garwarep di ulungake putrane Bomo yen
ora Sombo, kresno ing pangajab arep munggah kajangan budal sigeg.
Madeging Kayangan. Gara lan Narodo
Rm: Gadag anggone nandang gerah, mongko paringan caping wodyo pinongko belsit
Senopoati Barotoyudo during di jupuk, ora suwe anggone repasan tekane kresno
perlu nyuwun caping wodjo daweke gaded: awit ramongso dadi dalang Barotoyudo
aku, arep jaluk, lerep yen ora di wenehake, caping di pasrahake kresno. Kresno budal.
Madeging ing Tindjomojo Dres anolowati dawuh Wisang geni di dawuhi Ibune
supoyo tilik anggone nandang gerah Gatutkhoco wisanggono budal, munggah karangan nedyo nyuwanake caping widyo
pinongko beslite Gadutkhgoco budal.
Ketemu BritriGuru diunek-unaka ke, Guru kondo yen diaturake Kresno
wisangangi budal arep nggoleki kresno, ngundang Ontoseno bareng budal ing
ndalan kepetuk Kresno, di ani-ani Onto dikongkon mbondo, Kresno di bondo digowo
ingarsane Pandowo budal.
Poro Pandowo podo tilik Gadud anggone gerah sojo nemen modal salwiring
djampi ora kerso ngendiko, tekane wisangi Onto seno nggowo Kresno di bondo, di werohnno poro
pandowo. Kresno nyuwun ngapuro bandan
nyuwun di uculi-uculi yen biso djampi Gadud kresno sanggup Gadud di usadani ora
warus, Wisanggeni matur, Kresno di kon nganggoni caping wdoyo marang Gadud
bareng gadud di anggoni caping wodyo nirmolo temah jati dpati satemah
mulyo. Ketakon yikmodoso jaluk Endang
pergiwo.
TAKON DJOJO SUPEN DJOJO SAMPURNO
Ngastino Suyudono Durno Kurowo pepak.
Rm, ilange Lesmo nowati, Durno matur yen sing nyolong Basukarno awit
sing ora ono sowan, Kurowo di utus nyekel Karno. Kurowo budalo sigeg. Madeg Ngawonggo Basukarno rerasan wis suwe
ora sowaning ngastino, ketekan kurowo arep nyekel karno, prang Karno ancad.
Ptpi Bang Sumirat, Dw, Kewumowati putro loro, djojo Supeno, Djojo Sampurno,
takon Ramane, Ibune dawuh yen ramune iku djono kudu koh limpe, awit ora ngerti
totojromo Djo: Supeno budal lan Punokawan, Djo: Sampurno nututi melu budal
sigeg Setrat Karno ing tengah alas, kepetuk Djo: Supeno pono kawan di takomi
yen arep golek ramane Rd: janoko di daku yen isih pulunane, ora suwe ketekan
djo: Sampurno matur yen ora aku ora biso nemokno malingi Lesmonowati, di utus
nunggu sedelo, Karno ara percoyo, djo; Sampurno bali Karno di dukani ojo nganti
ketekan.
Gowo Siluman jim kapar patih Buto.
Gandrang Lesmo nawati, ketekan Djo: Sam: Bali Sigeg. Setrat Karno lan Supeno apdi ketekan sami
nggowo Lesmonowati di pasrahake Karno lan Supeno di bali ngaturake ing Ngastino
budal yen ono belnae Karo aku tanggong jawab sigeg.
Ngastino Darno Karowo Pepak. Tekane
Djo: Supeno ngaturake Lesmonowati di tompo Djo: Supeno di utus sopo ing mburi
disik. Kurowo ngiro yen sing nyolong
Djo: Supeno dewe. Karo ngreko patine
Supen, di gasangi mowo racun Supeno di
ajak dahar di bujuk Supeno daharr sakolo mari, ragane diwor di djenag ing dadi
Sampurno teko l;an apdi takon rakane, di bujuk Durnolan sengkuni di sogati
jenag wor-worane ragane supeno, Jenag di
dahar entek da dine di untal, Darno Sengkuni mplyu, dadi di lepeh wadjud Djo:
Supeno, di ajak mburu wong kurowo, kepetuk prang, karo wokalah, jaluk tulung
Kresno, Durnokete mukrisno lan Pandowo, Dje Pandowo di sxuwuni tulung darno,
budal kertemu Djo: Supeno Djo: sapurno ora di daku prang. Kurowo Pandowo kalah Kresno ndeleng yen
sakyangwenang Kresno madya sampurno di sembah Sjiwenang dawuh marang Kresno
supoyo bocah loro di dakokno Janoko, banjur bocah loro di daku poro Pandowo
kumpul Pandowo pepak tancep kayon.
LAKON SRIMAKUTOROMO
Ngastino Durno Karno Kurowo Pepak suyudono dawuh supoyo munggal gunung ora
liyo Kar no di utus mboyong Bgwi Kisowosidi, awit kang kagungan wahyu
Makutoromo karno budal di iring Kurowo
ing perti Kutorunggu sigeg.
Kutorunggu Bgw. Kisowisidi Anoman Maenoko Djadjag Situbondo Kabeh podo
rembug arep anggo leki sangkonpa rane dumadi, ketekan karno lairing poro wadyoku rowo, perlu arep golek wahyu
makutoromo, yen ora Ngastino dadi pasulayan prang, Anoman diwekas ora keno
prang marang karno, kaeno aku dewe kang tnding Anoman budal, Kurowo Mundur
Kisowosidi adu arep marang Karno, Karno kalah ngelepasake kanto di saut Anoman
Karno pepes bayuanggone lolos soko paprangan ora bakal bali yen during biso
Kuno bali ing Ngastane.
Rahtawa Abiyoso Ponokawan, Abiyoso dawuh marang Janoko supoyo budalo ing
gunung kutorunggu ngupoyo Wahyu Makutoromo , Djan: budal.
Madeg Pret: Degsono utowo
Singgelo Tri Bisono Pt. Padyowastoro. Pt: biso warno Putrane. Ora patih jo apik. Wibisono ing batin arep golek pankswane Pr;
Roma kang wus suwargi Wilisono ngeningake cpito kamg metu nepsupatang prakoro,
Nugroho mahanani dahar nendro.2. Lodro
Mahanani atmo, 3. Sukardo mahanani ke
bendahan, 4. Nimpunolmulimah mhanani
nunggal rogo lan atm, podo tahan Swargo, di dawuhi supoyo nyegat ing sakngisore
Gunung Kutorunggu, budal sigeg. Setrat
Janoko dicegad Buto papat parng Janoko
asor; ngeningcpito metu geni buto kabesmilang janoko nerusake laku sigeg. Setrat Pertapan Katorunggu Bgwi
Kisowosidi kesowanan Anoman ngaturno
Kunto, nanging Anoman keno doso patang prakoro Siji gawe susah lan gawe
pepeskarno. Loro; ora percoyo marang
Guru telu ngendak gunaning liyan kapekso doso marang kang
Ngamarto Puntodewo Seno
Nakulo Gadad Seno di utus nggoleki Janoko, Seno budal lan Gadudkoco dingantoro,
sxeno lumaksono kletemu kumbokarno prang
Kumbokarno manjing sajiwo marang Broto Seno sigeg
Madeg Kesatriyan Madukoro
Sumbodyo, srikandi Rm; Muryane janoko, podo mesu budike rawuhan Narodo,
Sumbodyo Srikandi di dakekno priyo, di jenengake, Sintowoko lan kandiklowo,
diutus golek janoko budal, ketemu gadud: prang Gadud kalah di pek anak angkate
satriyo loro budal nerusake laku, segeg setrat seno ketemu kambokarno prang
manjing sakroyo karo seno, seno nerusake nggolek janoko budal. Setrat kisowosidi ketekan Janoko di wejang
marang kisowosidi Asto broto, lan di utus mbalekno Kanto, ketekan seno, podo
bagen binagen, ora suwe ketekan Sintowoko lan Kandihowo, nguman-nguman
kisowosidi dadi prang kisowo: badar Sumbrodo lan srikandi banjur podo bali,
setrat karno ketemu janoko ngaturake kunto di dangu matur purwowasono prang
karno asor mlpyu di cegat kurowo ketemu poro pandowo prang kurowo kalah Pandowo
Kresno Kumpul ing Ngamarto Tancep Kayon.
LAKON PARTOKROMO
Darowati Kresno Bolodewo
Panggowo Pepak. Ketungko Gadudkoco
nglamar utusane premadi, Bolo dewo, ugo nglamarake Gulisrowo, gendeng kedisikan
Gadud bolo dewo duwe bebono marang gadudkoco kekudangane, siji Kebandanuputral
panggung sungu ma;144. Loroi Balidomo skanggo pelungguhane nganten, Telu: Kreto
djolondo ro djaran sekembaran songgorumbi songgoromo sing ngusiri warono seto,
papat pengapit Komodjo komoratih, limo pengiringe Widodari Seketi kurang siji,
Nem, Gamelan loko nonto, Pitu Gunung Prasu Gajah situ bondo, prang seratan
spasewakan di bubarake sigeg.
Poro Kurowo nunggu Bolodewo
teko mampangake Gadudi prang kurowo kal;ah gadud mundur, Kresno dawuh supoyo
ngolek tukon dewe-dewe sigeg.
Madeg Ngamorto Abijoso lan
Pandowo Pepak Pahlawan, tekane Gadad matur purwowasono, Abijoso dawuh sing
golek kebo ndanu gadad ing setrogondolumaju sing baledomas Ketekputeh Seno
ngiras Gunung prasu Gajah situbondo ing segoro kidul kanggo cek, Gamelan
lokonoto komodjojo lan Ratih Widodari Premadi ing Kayangan wis cukup
pembagehane dewe-dewe podo budal sigeg.
Sertrogondokamaju, Dadungawuk
angon Rebanonu: 144 gadud weruh kebo di giring prang Dadungawuk njarakake,
gadud budal. Digantoro kacopo Tribisono
ing guwo Singgelo, katangkuli gadudikancoko p, Gadud takon babekencono, di
dawuhi, di utus jupuking kendali sodo, Gadud budal di wekas supoyo djowobo
nadyo kang nunggu palwogo gadud nyepelekno bareng weruh bale di jupuk tanpo di
jawab kacopo Anoman kesorotan balekatjono di tututi, baledi pancal kabur ing
Samudro prang Gadud di kruweg mpripate coplok, Sambad-sambad namane Seno,
Anoman kaged Gadud di takoni yen putrane Seno, di daku ponakane, awit seno iku
tunggal guru gadud mpripate di genti Netrokumolo awase pitung pos pesagi lan
gadud di penging kondo yen lebar gelut, awit Seno iku dagel ketekan Seno Gadud
matur purowosodo Anoman di kongkon jupukno di sanggupi Seno lan Gadud budal
sigeg. Setrat Premadi Punokawan arep
golek tukangame lan lokononto, kelingan duwe samping panjing Sarupe Bami
Suparto jim naliko lakon seno babad.
Sumpeng dibukak jim supoyo teko, di iutus golek Gamelan lokononto budal
ing kayangan, Premadi ugo ing kawido dareni nangeng Semardi di utus ing
ngisorwae, bareng Premadi munggah di cegad tjingkoro bolola Boloutopo, Ora
okeh. Premadi bali matur semaryen ora oleh mlebu, semar
maring-maring munggah ketemu tjingko Boloupoto di uni. Banjur Premadi di parani Semar bareng mungguh
sigeg.
Karang Kawidodaren Tjokrokembang.
Kesowanan Premadi lan Punokawan di takoni Komodjojo, Komoratih yen arep
ulem-ulem awit arep dadi manten, banjur podo di apit numpak kreto bareng-bareng
mudun ngiring poro widodari podo budal ngiring Premadi, terus gamelane pisan
ugo kanggo ngiring budal setrat Gunung proso gajah situ bondo ketekan Seno
Gunung lan gajah di ajak Seno ngiring Premadi budal sigeg.
Ngamarto Abijoso Kunti podo ngareo-ngarep anggone nggoleki tukon ketekan
poro wajah wis podo nggowo tukon, kabeh kekudangane wis cukup. Abijoso dawuh supoyo enggal
ngarak budal.
Darowati Kresno Bolone
LAKON DEWOKARITI
Gunung siyem Pringimbi Tikung pepak Porowodyo. Rm, arep golek panjing Pri Rromo, arep di
pateni Pt: di utus mateni Kresno ing Dorowati, iku surupe Pri Romo Pt. budal
sigeg.
Darowati Sombo Pepak ketekan utusan Gunung Siyem
pasulayan dadi perang Sabrang Kalah bali matur gustine budal sigeg.
Rantawu Abijoso, Ponokawan
Ongkowijoyo. Ongkowijoyo prelunjoro
widekno marcane kangromo sokokosatriyan Abijoso dawuh ora susah di sorowidekno,
ongko di utus bali budal sigeg. Darowati,
sombo bingung awit kresno ora ono, ketekan Prabu Ngimbitikung prang
Ngimbitikung asor bali ing pangajab arep bangkit sowan ing makame Prabu
Dosomuko iyange, gowo arak. Ngimbitikung
budal sigeg.
Karang Pradesan cedah Dorowati, Bgw: GUntono lan
Guntini Sejatine iku kresno lan sumbodyo banjur podo arep ing kayangan nggoleki
janoko budal, wujud kresno sumbodro sigeg.
Kayangan Cokrokembang, Prabu Kariti di kepung-keoung poro widodari, podo
seneng-seneng kresno lan sumbodro weruh, Prikariti di sawat kembang cepoko karo
kresno keno dadane semaput. Kresno lan
Subrodo bali dadi Bgw: Guntono Guntini maneh, kariti ora nari makno wong loro
di buru ketemu ulis wujud Bgp; prang suwe podo badar dadi kresno lan sumbodro,
janoko di ajak bali banjur podo budal setrat sombo sejaki udowo ketekan Pr:
Ngimbitikung prang rame prajurit Dorowatika kalah nyuwun tulung pandowo prang
pandowo kalah, kresno lan janoko rawuh negarane di anggo ajang prang kang
tundone gawure rusake prodjo, musuhe ora baen-baen kresno ngundang Anoman ing
kendali sodo Anoman di dawuhi njirnakno leleteke projop dorowati. Anoman sandiko budal bareng Anoman maju
Dosomuko kang manjing ing Ngimbitikung mplyu di buru Anoman Pringimbitikung di
pateni Kresno Pandowo kumpul ing Dorowati Tancep Kayon.
LAKON WISANGGENING MALING
Ngastino Suyudono Kurowo Pepak.
Suyudono Takon Durno, bab maliyening taman Ngastino, Durno matur, yen
seng dadi maling Ongkowidjojo, Suyudono ngutus Sengkuni supoyo mbondo
Ongkowidjojo budal poro Kurowo sigeg.
Sabrang Poro Rojo arep nglamar Lesmonowati papangan Kurowo perang Sabrang
kalah bali segeg.
Ngamarto Puntodewo Kresno
Pandowo Pepak. Lagi podo njagong
ketungko Sangkuni, matur yen di utus mbondo Ongko: awit dadi maling ing
Ngastino, corone taman janoko nesu kang putro kang putro di bondo Kresno Ndangu
Sangkuni sajrone siro budal rene, malinge siling Taman opo ora ono, Sangkuni
matur yen isih Ongko di dangu matur, yen wis lawas ora nate tindak-tindak
Kresno dawuh ongko supoyo biso nyekel malinge, ongko di uculi budal ing
Ngastino Sigeg.
Taman Ngastino Lesmonowati
Emban, Podo rombongan yen ndwe tresno marang Rd: Wisanggeni, ora suwe rawuhe
Wisanggeni podo seneng-seneng ing papan pesarehan, ketekan Ongko:
Ngastino Ketugko sangkuni
matur yen Ongko: mati di pateni maling Sengkuni budal golek Darno, Darno ndelik
kecekel Kurowo arep di ketok gulune, Aswotomo ora nari makno prang Aswotomo di
pikut arep kanggo bukti yen sing mateni Ongko: Aswotomo, Aswotomo di aturake
ing Ngamorto budal sigeg.
Ngamarto Kresno poro kadang
Pandowo Pepak, lagi podo rerasan, sengkuni sowan, matur yen Ongko: di pateni
maling Aswotomo iki malinge dibondo ketungko sowane Gondo kesumo Lan Gondo
Sampurno, di dangu matur yen putro Janoko saksi Ponokawan Janoko ora ngaku,
Gondo sampurno weruh Aswotomo bandan di uculi karo ngumpah-ngumpah Kresno lan
Pandowo awit, ki dudu malinge, ora biso nyekel yen ora aku.
LAKON PETRUK JANJI
Ngastino Suyodono, Bolodewo,
Karno, Kurowo Pepak. Remi ngrabekno Sarodjo Kusumo entuk putro angkate Kresno
Kusumo Ayu Kusumowati. Bolodewo kapatah nglamarno mos barong lan ba Sukarno,
ditutno bolo Kurowo budal sigeg.
Dorowati, Kresno, Sombo,
Setyaki, remi nduwe putro angkat kesumo wait, dadi panjang kidung, soko
endahing warno. Kesaru sowane petruk matur bingung awit kelangan bojone, nediyo
nggoleki garwone. Kresno dawuh ora susah digoleki, diijoli anak angkate nedyio
petruk didaupno, petruk sanggup, klilian pamit arep matur semar budal ketekan
Bolodewo, prelu nglamar Kusumowati. Kresno matur yen
Lampesireng Semar, Gareng, Bagong, remi podo ora sowan bendoro awit lagi
mikir ilange Petruk sigeg.
Setrat petruk nedyo mlebu alas wedi yen dipateni Bolodewo turut-turut alas
kanti nalongso. Wisanggeni ngangklang nedyo ketemu Petruk. Petruk ditakoni
matur Purwa Wasono, Petruk didandani dadi bagus dijenengake Bambang Wasesojati,
diutus mlebu ing taman Darowati dadi maling aguno lan dicampang Wisanggeni
budal.
Taman Dorowati Kusumowati emban ketekan Bam Wasesojati, podo andum
katresnan emban nedyo lapar Kresno budal. Kresno dilapori emban, budal ketemu
maling perang kresno kalah, nedyo nyuwun bantuan Pandowo budal.
Ngamarto Ppi ketekan Kresno nyuwun bantuhan pandowo perang podo bali awit
diblakani karo malinge. Kresno nemoni Semar, Semar budal bareng Semar mlebu
ditemoni Wisang. Semar bali mboboti supoyo Kresno mbatalno nganten Kurowo.
Kurowo teko ditrambul perang karo Pandowo kusumowati dimalehno bojone Petruk.
Kresno nyeranh Wisang ngaturi poro pepunden supoyo ngundurno Kurowo. Kurowo diundurno
Sinotajung tancep kayo.
Kresno dawuh moso barong,
bocah karo budal sigeg
Setrat Lesmonowati
Wisanggeni. Podo suko-suko ketekan Gondokesumo Gondo Sampurno punakawan perang
Wisanggeni biso kapikud bocah loro, arep dipateni diaduni Narodo, yen iku iseh
sedulurmu dewe. Narodo bali bocah teko podo golek ongko-ongko ketemu diuripno,
banjur podo bali sowan ing ngamarto, Ngamarto Kresno Pandowo pepak ketekan
bocah telu didaku putro marang Janoko.
Tanjep kayon
LAKON BIMO NEGES
Ngastino, Suyudono, Darno, Karno,
Aswotomo, Sengkuni. Romo Barotoyudo supoyo unggul Kurowo, Durno matur yen Seno
Murco, Pandowo
Pesanggarahan Kuruganggo
Pati Cahyo Jati, Pati Cahyo Kesumo, Pati,
Lodro. Remi nunggu Pati Amongjati, anggone nyuwun projo Ngastino, ora suwe
rawuh matur yen diutus nunggu, ora suwe ketekan Kurowo pasulayan dadi perang
Kurowo dilebokno kuncoro, Kresno ditokno soko kuncoro sigeg.
Madeg
ing pertopo Rahtawu.
Abiyoso Punokawan. Janoko nyoro widekno
murcane Seno lan Semar ugomurco. Abiyoso dawuh Janoko supoyo nggoleki Kresno.
Madeg
taman kadilengleng Banoewati embank, Rm arep golek Janoko, prelu nyuwun tulung
ngluwari Kurowo ing kuncoro budal.
Strat
Janoko ketemu Banowati, prelu nyuwun tulung Kurowo dikuncoro Pandeto Amongjati.
Janoko budal ketemu Pandito Amongjati
sak balane pasulayane rembug dadi perang. Janoko asor mlayu setrat
Kresno ketekan Janoko matur purwowasono. Kresno budal lan Janoko kepetuk Pandito Amongjati sak balane pasulayan
perang Kresno kalah sak balane, mlayu sigeg.
Strat
Sukmojati ketemu
Kresno matur karo Sukmojati yen diburu Pandito Amongjati. Sukmojati kondo yen
kanggo musuhe iku cokro Kresno bareng nggrajangi makuto cokro murco Amongjati
didakwo nyolong, perang Kresno kalah ngandang Gareng Petruk diutus nyekel
Amongjati, Gareng Petruk perang karo Amongjati, badar dadi Semar. Semar matur
Kresno supoyo nyekel Amongjati Kresno budal.
Madeg ing Kuruganggo, Pati Amongjati
Cahyojati, Cahyolodro, Cahyokesumo. Ketekan Kresno pasulayan rembug dadi perang
Amongjati badar dadi cokro. Cahyojati
dicokro dadi seno Cahyo lodro Cahyo kesumo, Manunggal seno, Kurowo diluwari
Kresno.
LAKON BEGAWAN KILOTO SANDI
Ngastino Suyudono Karowo Pepak Bolodewo Bgw Kilosandi Sabrang Kalimantoko
Rm: bab murucake kalimosodo, mongko yen kalimosodo ilang Barotoyudo wueung,
Bgw; Kilotosandi di paring dawuhi yen sing njidro kalimosodo Semar. Bolodewo bareng krungu yen Semar kang njdro
Kalimosodo dukojajah sinipi, nedyo Semar arep digawe pati, kalimantoko usul
matur yen semar ora jupuk, Bolodewo ganti babah ngumpah-ngumpah kalimantoko di
seret soko pasewakan di bubarake sigeg.
Madeg ing lampesireng Semar, Gareng, Petruk, Bagong, Rm: Bab Sungkawane
poro pondowo, awet kelangan piyandele Kalimosodo, lagi podo imbalwacono tekan
Bolodewo duko-duko marang semar, nanging Bolodewo tansah di elengke, salen ono
Bgw: ing Ngastino mesti gawe goro-goro lan liyo-liyo Bolodewo eling
kremandungane, malah mbalik elin Semar, mapakake Kurowo prang bolo Kurowo kalah
soko astane Bolodewo. Bgw: Kilototo
sandi prang karo Semar, Semar dilepasi comparing mati, Sukmo arep munggah ondar andir bawono
sigeg. Goro-goro Gareng Pitruk Bagong
Kresno Pepak arep podo golek Janoko budal ketemu Janoko podo matur purwo
wasono, banjur Janoko nedyo arep golek Kresno, budal sigeg
Madeg Janoko, matur menowo Semar tumekeng pati, soko astane Bgw:
Kilotosandi kresno kaged, nedyo arep nggebag Bgw;Kilotosandi budal Kresno
dipapakake Bgw;Kilotosandi prang rame wekasan Kresno mati, sukmane bablas
sigeg. Kacarito Sukmane Semar ketemu
Sukmane kresno, banjur Semar dawuh Kresno Supoyo bali Semar ing ondar adir
bawono Bolo Madeg Kayangan Kumitir.
Sahjangwenang kesowanan Semar, matur kahanan marcopati sahjangwenang
dawuh, supoyo Semar mudun ing arcopati, Salin peparab sandikiloto banjur budal
sigeg. Ing ngarcopodo,
Ngamarto Puntodewo Seno Nakulo Sadewo kesowanan Janoko lan Ponokawan, matur
purwowasono, ora suwe ketekan Bgs: Kilotosandi prelo ngaturi pandowo yen
negarane kudu di Blengket Ngastino, kabeh pandowo ora setuju dadi pasulayan
prang Pandowo kalah kabeh sigeg. Setrat
layone kresno sukmo manjing Kresno waluyo nedyo golek joyo budal Sigeg setrat
kiloko ketemakresno, sandi Kiloto di scuwuni bantuhan, supoyo ngilangake
leletening negoro Ngamarto, di sanggupi budal nedyo nggoleki Bgw:
Kilotosandi. Setrat poro Kurowo ngiring
kilotosandi ketemu sandi kiloto, pasulayan dadi prang rame wekasan badar Btr:
Guru lan Semar, Guru di umpah-umpah Semar, bali makayangan, Kurowo di undurake,
Pandowo kumpul ing Ngamarto.
Tancep Kayon
LAKON BIMO CANDOLO
Ngastino Suyudono, Durno,
Kurowo pepak. Rm; bab ono Pendito
Madeg Hardi Kiloso. Bengawan
Bimocandolo, Anoman, Gatutkoco, Ontorejo, Kurowo, kepetuk sigeg, Rm. Sopo kang
wani-wani ngalang-ngalangi pemerintahan Hardikiloso kudu disikat poro
cantrik-cantrikke podo budal sigeg. Anoman sakbalane perang Kurowo mundur.
Madeg Saptohargo Abiyoso.
Janoko punakawan nyorowidekno murcane Seno. Abiyoso dawuh, ora susah dogoleki
mbesuk bakal kundur dewe Janoko bali
sigeg.
Madeg ing Saptopratolo.
Sahyang Ontobogo Rd. Waranggono, takun wung tuwane, didawuhi ingkang yang
nggolekono ing Ngamarto Waranggono budal.
Setrat Durgo lan Dewo
Srani arep nyidro Sumbodro, ketekan Rd. Waranggono di takoni, matur yen arep golek romone, aran Seno.
Waranggono dibujuk Durgo, dipek anak, lan diparingi pusoko Clurit biso mlaku
dewe. Diajak nyidro Sumbodro, budal sigeg.
Strat Ngastino. Suyodono, Durno pepak. Kesowanan sangkuni, matur yen poro
Kurowo ora biso entuk gawe awit dialang-alangi Anoman. Durno
lungo dewe, ketemu bengawan Candolo, perang, Darno dipasotake dari waroho.
Sigeg.
Sumbodro, Emban, Puntodewo,
Kresno, Janoko, Semar, Gareng, Petruk. Rmi. Bab murcane Seno, ketekan Emban
matur yen Sumbodro murco, Kresno, Janoko budal nggoleki malinge, bareng ketemu
malinge perang Janoko leno panahe Rd. Waranggono tumekeng leno, diuripno Semar.
Waranggono diburu Semar, bareng kecekel arep dipateni Ontobugo teko, matur
purwowasono lan Sumbodro diulangake,
Durgo diburu Semar, kecekel diumpah-umpah. Durgo lali setrat Janoko kepetuk
celeng dipanah badar Durno kondo yen dipasotake Anoman, lan Durno nyuwun tulung
supoyo bengawan kang deduning ing Hardikiloso, supoyo diusir. Ora suwe Kresno
teko, Durno ditakoni, matur purwowasono, banjur ketekan Semar karo Rd.
Waranggono, golek bapake Seno, Kresno dawuh yen biso nyekel bengawan
Bimocandolo bakal ketemu ramane.
Raden Waranggono budal nedyo
nyekel bengawan Bimo Candolo setrat bengawan Bimocandolo ketekan Waranggono
perang. lan Bengawan Waranggono, Sahyang Wenang kang mancing bengawan bali
gelud bengawan badar dadi Seno. Ontobugo teko, kondo yen Rd. Waranggono iku
putrane, patutan soko dwi Urang ajer banjur podo ketemu
Tancep Kayon.
LAKON SEMAR MBAGUN KAYANGAN
Ngamarto. Puntodewo, Kresno,
Pandowo, Pepak. Lagi podo wawancoro kesowanan Petruk, matur yen utus Semar
ngampil Kalimosodo, kanggo mabangun kayangan nanging Seno ora lilo. Petruk mekso yen ora pareng bali Petruk diseret Seno ing
alun-alun dikepruki Seno. Pasewakan dibubarake. Seno ngajar Petruk, Petruk
oncat, Kresno mambeng Seno, keno ngajar, nanging ojo kawistoro. Kresno dawuh,
supoyo nyuwun bantuhan Batorokolo lan Betari Durgo, supoyo mateni Semar, Kresno
budal.
Madeg Musokambono. Durgo Betoro kolo, bolo Pepak, ketekan Kresno prelu
nyuwun patine punokawan, podo arep gawe kucowane poro titah kabeh, disangupi
budal nedyio nyegat Petruk ketemu perang bolo Musokambono kalah, Petruk
nerusake sowan ing arsane Semar.
Madeg ing lampisireng.
Semar, Gareng, Bagong, Rm. yen ora mbangun kayangan, nanging nunggu Petruk
diutus ngampil kalimosodo, tekane Petruk kondo yen ora entuk, malah
diunek-unekake, Semar malah salah urus, Petruk ditundung Semar. Petruk dikon
minggat, Petruk budal. Seno teko, Semar diajar Seno, Semar lolos ing pangajab
arep sowan Sahyang wenang, nyuwun pengadilan budal sakanake, Sigeg.
Setrat. Petruk bingung awit ketundung wong tuwo, ketekan gondoruwo, Petruk
dimalehno Buto, dijenakake Gandarwo, diutus ing kayangan nyeret Betoro
Guru budal sigeg,
Setrat Semar arep sowan kang Romo Sahyangwenang budal sigeg.
Kayangan, Guru, Poro Dewo, Narodo, Pepak. Lagi podo rembukan ketekan
gandarwo nyeret Guru, perang poro dewo podo kalah kabeh, Guru mudun nyuwun
bantuhan Pandowo. Setrat poro Pandowo ketekan guru nyuwun tulung. Kresno lan
Padowo perang rojo Gandarwo kalah kabeh. Gandarwo soroh amuk sigeg.
Kayangan kumitir, Sahyangwenang kesowanan Semar. Prelu nyuwun pangadilan,
banjur Semar dimalehno bengawan, dijenengi Bengawan Ismoyojati, supoyo tetulung
wong kang nandang susah, banjur diutus bali ing arcopodo, budal.
Strat Kresno kepetuk bengawan Ismojati, Kresno njaluk tulung supoyo
ngundurno rojo gandarwo kang ngrusak poro Pandowo, gelem nulung yen diupahi
negoro sigar semongko, disaguhi Kresno njur budal, kepetuk gareng dimalehno
rupo, podo budal kepetuk Gandarwo, perang maleh Petruk. Semar, Gareng, poro
Pandowo nyuwun pangapuro lan punokawan kumpul ing Ngamarto.
Tancep Kayon.
LAKON ALAP-ALAPAN SETYOBOMO
Dworo Srewu, Peri Kolokucokresno, Pt. Kalimuko, bolo Pepak. Rm. arep
nglamar Setyobomo putrane Peri Styoajid ing Lesanpuro Pt. diutus budal.
Lesanpuro, Peri Setyajid, Peri Setya iki matur : Setyaki matur kang room sopo
wae sing bakal mundut garwo ingkang rook yen biso ngalahno dewekne keno. Awit
akeh poro rojo podo kasemarani budal ing alun-alun kepetuk prajurit dworo srewu
perang drowo srewu kalah bali sigeg.
Pretapan saptoharjo. Abiyoso
diadep premadi punokawan. Abiyoso dawuh Premadi supoyo ngulandoro ing alas
Gondomadono, budal
Gunungtutinoni : bengawan
kapijembawan diadep putrane Diah Ayu Jembowati, kang putri matur yen mimpi
ketemu satriyo bagus, kang romo nggoleki budal, ing alas kepetuk Premadi perang
premi kalah digowo bali tekan omah ditampik Jembowati, awit dudu sing
dikarepno. Prem nesu karo Jembawan-Jembawan diajar ora opo-opo malah katon koyo
Pandu Suwargi Premadi sakolo njembah. Banjur didaku putro lan disedulurno
prenah nom marang putrane lan banjur diwejang aji titi murti biso dadi Buto.
Setrat Kl.Kujorekso
arep-arep Pti teko didang during rampung ketekan Noroyono njaru wuwus dadi
pasulayan perang Noroyono keplayu, bingung penggalihe, kelingan nuduwe sedulur
lanang duwe pusoko nedyo arep nyuwun ngampil budal sigeg.
Projo mandure Peri krokosono
lan garwo Maeroewati raji loro ireng, ketekan kang raji Noroyono prelu ngampil
pusoko, nanging ora diparingake malah diumpah-umpah Noroyono tanpo pamit mojar
ora keputi pati gancik ing projo manduro selawase urip. Sumbodro nutut kang rook Noroyono, kang garwo
maerowati ngelingno Kokrosono, kokrosono keduwung, dadine ditututi karo menehno
pusoko lan Sumbodro diajak bali, Noroyono ora gelem sumbodro ugo ora gelem
kapekso nderekake Noroyono budal Kokrosono bali ing semu getun anggone duko
marang kang raji sigeg.
Setrat Narojono lan Sumbodro
Kepalntrang plantrang ing alas Gondomadono podo nandang rogo, agemane kangaraji
Setrat Pertapan Gunung
tunonjem bowati emban, Ora koyo Norojono pasang sirep mlebu ing Taman, weruh
endah Jembowati, kasemaran putrid di gowo konangan Premadi dadi prang, Prem: di
boclang tibo ing alas ketemu Sumbodro, Sumbodro di bedo Prem: di tututi N arojo
dadi prang maneh podo adu kawicanan dadi buto di duni Narodo di utus badar
pusoko di parengake, di utus mrejayani kujo Kresno, Narodo bali Narojo lan
Premadi podo janji yen biso mateni Kojo
Kresno, bakal di pacarake Sumbodro Premadi gelem budal. Setrat Kujo Kresno ketekan Norojono lan Prem:
prang, sirah di antem Cokro joyo di Srutomo mati, Narodo mudun busono di utus
ngagem Narojono lan kretane di utus ngedjegi djedjukuk Pr: Kresno, Kresno lan
Prem: ngekoni Patemboyo ing Lesan puro budal prang setyaki kalah setyobomo di
boyong Norojono Djembowati yodi boyong kondur ing Dorowati.
Tancep Kayon
LAKON PETRUK KURDO
Nusokombono Yikmosodo Dw:
Durgo, Muluntani Indradjid. Rm: arep
golek titis Dwi Sinto kang manjing ing Sumbrodo, lan Pandowo bisane ringkih
Kalimosodo arep di jupuk, Muluntani nyanggupi jupuk kalimosodo budal, sigeg.
Dorowati Sombo Setiyaki
Udowo, Rm: Dorowati kudu di jogo ketekan prajurit Setrogondo lumayu arep ing
Ngamarto, awit wis suwe ora sowan.
Petruk kondo semaryen ora iso nderek sowan awit awake podo njarem di
gebugi Seno, naliko di utus Semar ngampil Kalimosdo kali Semar dikon mamitake
poro kadang Pandowo, Semar Gareng budal sigeg.
Setrat Petruk malihe Muluntani, nedyo arep nyolowade nyuwun ngampil
Kalimosodo ing taman Madukoro marang Sembodro budal
Taman Madukoro Sumbodro
Srikandi. Srikandi lagi ono pungkuran,
tekane Petruk nyuwun Kalimosodo utusane Pandowo, lan Sumbodro di utus ngetukake
pisan. Petruk sambi budal,Kalimosodo di
suwun bali ora ono di tututi, kepetuk Pretuk Kalimosodo di suwun bali ora ntug
prang, Srikandi di polo konangan Gadud, Prang Petruk oncad sigeg.
Madeg ing Prodjo Ngamarto
Puntodewo Pandowo pepak Punokawan, Rm: Gareng mamitake Petruk, di tompo sowane
Srikandi lan Gadud, matur yen Petruk maling Sumbodro lan Kalimosodo sodo, podo
budal arep nyekel Petruk. Setrat Petruk
lagi seneng-seneng di prepi poro Pandowo genti di ajar poro Pandowo, mateg aji
Gelap sayuto, Pandowo genti di ajar Petruk podo kalah kabeh, Petruk ngudoroso,
Sungkowo di tekani rojo Gandarwo, Petruk di malehak Bgw: aran Bgw: Tri
Ekomanunggal di dawuhi bali, mengko mesti bakal ketemu sing cidro Sumbodro lan
Kalimosodo, Bgw; budal sigeg. Setrat
Kresno nggoleki marcane Sumbodro lan Kalimosodo. Bgw: sanggup yen Sambodro di ulungake, Kresno
saguh ngulungake, Bgw: budal kepetuk Pretuk kalimosodo di jaluk ora entuk prang
badar dadi Muluntani, Bgw: maleh yikmo doso nyegat Muluntasi, Kalimosodo di aturno yikmo doso
malehane Bgw: bareng di aturno maleh Bgw: maneh. Muluntani nedy maleh Kresno,
nyuwun Kalimosodo Bgw: waspodo, nyuwun Anoman di malehno Kalimosodo, tekane
Kresno palsu, Kalimosodo malihe Anom, di ulungake, badar Muluntani
sumbar-sumbar banjur nerusake bali arep sowan Ratugustine sigeg. Bgw: nedyo arep ngaturake Kalimosodo marang
poro Pandowo budal, Kepetuk Kresno Kalimosodo di ulungno Bgw: nyuwun opah ora
dadi wenei prang Kresno mplayu, Konangan Pandowo prang kalah, Kresno ngundang
Gareng Semar di utus nyekel Bgw. Bgw:
badar dadi Petruk Sigeg.
Setrat Setrogondo Lumayu
Yikmosodo Sak balane Ketekan Muluntani
ngaturno Kalimosodo bareng di jupuk maleh Anoman ngamuk yikmodoso Sak balane
podo kalah kabeh Seno tajung.
Tancep Kayon
LAKON BASUDEWO KROMO
Projo Maduro, Basukecito Pri
Kuntibodjo Kahadep Putro Arjo Pri rukmo, Arjo Pri Hagroseno, bolo Pepak. Rm: bab murcane kang putro Pri anom sabdo, jo
Busadewo, ora kaweruhan danunge, ora suwe ketekan resi Druwoso, ngaturi
wuningo, yen Basudewo isih kasengkerdewu, ing tembe bakal antuk nunggrahane dewo
lan bakal timbale lan siro kudu netepo lakungguhane noto, memajuhayane
jagad. Resi Druwoso nuli pamit bali,
ilang tanpo karn, Sak ilang Resi druwoso, sang Prabudawuh kang putro lan patih,
di utus nglakokno dono weweh sandang bugo lan kencono kabeh porokawulo, sarto
atur sesaji poro dewo, Arjo Prabu Rokmo di utus ngaturi, kang roko Pandu budal,
gapuran Meduro kondur ngedatonkanggarwo Bandondari sigeg.
Madeg ing Projo Binggolo
Prabu Kokarso. Pti Djojodendo Tmgi Djojoketu Rm: Sang prabu kasemaran Dw: Maendro,
Putro Pri Condropatmo, ing Negoro Widarbo, Pti di utus nglamar budal sigeg,
kepetuk prajurit Maduro prang simpangan sigeg.
Madeg ing Projo Ngastino
Prabu Pandu di adep Resi Bismo, Panokawan lagi Rmi kesowan kang raji Arjo Prabu
Rukmo, ngaturi wuningo, yen Basudewo nganggo Coro satrio budal. Setrat ing sak tengah alas tlatah Kumbino Pri
Basudewo lungguh sakngisore Mandiro, mulo linggar soko projo, rumongso isih
kurang kasektene lan kaweruhe, ing batin nyenyuwun marang Dewo, supoyo
pinarinagn joyo kang Suliscawarno.
Basudewo malimangsah semedi sedekap alukutunggal, nuwahake goro-goro
Narodo rawuh maringi kenonggrahan lepasing cipto, lan kasehtan rupo-rupo lan di
dawuhi ngleboni sayemboro ing Negoro (Widarb) Mahero, Narodo bali makayangan,
kerso yen during ketekan sedyane ngleboni patemboyo Negoro Mahero, nuli di
derekno Prabu Pandu lanap di budal.
Madeg Pretapan Mahero, Bgw:
Kawitono lan putrane Dewi Rohini Poro Cantrik lagi pdo Rmi ketekan Dirodo nedyo
nyuwun putrane arep di rabi, Bgw: ora reno prang Bgw: oncad lan putrane, ketemu
Basudewo, Bgw: nyuwun tulung, ketekan Gadjah prang, Gajah di sempring badar
Btr: Gono basudewo di paringi kasultun rupo-rupo Gono bali makayangan, Bwg:
Kawito maringake putrane, banjur pamit bali, Rohini kapundud garwo Basudewo Pandu
nerusake lakune, sigeg.
Negoro Widarbo Pri Tcondro
patmo Putro Rd. Patmodipo Putro Dwi Mahendro.
Rm: ngedegake pasanggiri, sopo-sopo sing biso ngasorake Rd: Patmodipo,
bakal kadaupake putrane Mahendro ora suwe kesowanan Basudewo, ditakuni matur
yen arep ngleboni giri patembojo banjur diajak ing blabar kawad. Perang rame
Basudewo kabanting marang Rd. Patmodipo, Satemah nglumpruk pepes laju anggone
diusadani Pandu biso waluyo, bali perang maneh Rdi. Patmo condro keno panahe
Basudewo satemah pejah, Basudewo disowanake Pti. Tambakbojo ing arsane Pri
Condro patmo, nuli didaupake karo Dwi Mahendra, sak rampunge, Basudewo nyuwun
pamit bali ing Manduro kalilan, budal diiringi poro wadyo setrat aryo prabu
Rukmo, Prabu Ugroseno Poro wadyo, prelu dedono sesandang bogo lan sesaji poro
dewo, ngiras golek kang rook, ora suwe tekane Basudewo lan Pandu kairing poro
wadyo nuli diajak bali ing Manduro, budal.
Setrat projo benggolo
Pri kokarso, Wijomantri,
matur yen akeh poro prajurit kang podo tewas lan Dwi Mahendra wis diboyong
Basudewo ing projo Manduro. Pri kokarso nedyo nggebag projo Manduro budal
sigeg.
Manduro, Pri Kuncilojo
kahadep poro wadyo kesowanan poro putro-putrone lan poro mantu Dwi Rohini (Dwi
Mahendra) Dwi Dewani banjur didaupake Dwi Mahendra pinangku sing enom. Pri
Basukesti seleh keprabon, diserahke marang Basudewo ora suwe kesowanan prajurit
pancakang, matur yen kalurug soko Binggolo njur podo dipapagake ing alun-alun
perang prajurit Binggolo Pri kokarso tumeko ing Pati tajung
Tancep Kayon.
LAKON ARYOPRABU RUKMO PRABU
Projo Guwo miring peri Sosro
dewo kahadep. Pt. Kolosarobo, Kolo Surekso, Kolo Surodewo. Rmi nedyo munggah
kayangan, arep nyuwun Widodari Rukmini, utusan Pti, budal sigeg.
Sakune Jamurdipo. Bromo
indro, poro Dewo, ketekan utusan soko Guwomiring arep nglamar Rukmini ditolak,
dadi pasulayan perang porodewo kasoran, tutup seketeng. Setrat guru utusan
Narodo supoyo nyuwun bantahan ing projo Manduro, Aryo prabu Rukmo awit
dewi Rukmini, pasti jodone prabu Rukmo
Narodo budal.
Madeg Pretapan Wukir
Rahtawu.
Abiyoso, Cantrik, kesowanan
Pandu lan Punokawan, prelu njoro widikno projo, Abiyoso dawuh supoyo Pandu
mbantu Prabu Rukmo, anggone polo kromo pandulan abdi budal, sigeg.
Setrat ing alas Guwo
Singgrong tapel wates alas Jatiroto Aryo Prabu Rukmo mangsah semedi, nyuwun
kasemadane laku ketekan Narodo, kinaryo mundut saroyo nyirnaake musuh
ngrabaseng Suroloyo, Parabu Rukmo munggah diiring Narodo.
Setrat poro Rasekso ing sanggrahan, ketekan Prabu Rukmo perang Rukmo
kagetak kabur sigeg. Setrat pandu, tutuk laladon Gunungjamurdipo, weruh
kumlejengi Prabu Rukmo, ditampani, Pri Rukmo diwejang aji sumping soreng pati,
diutus bali perang, diparingi jemparing dibyo budal, kepapak meneh, perang poro
rasekso podo mati soko tangane poro Rukmo.
Madeging kayangan kaendran, Betoro Indro kerawuhan Aryoprabu Rukmo, banjur
didaupake Dwi Rumbini rehne wis suwe anggone lolos soko projo manduro. Aryo pri
Rukmo, diutus mudun bali ing Manduro budal diiring pandu lan punakawan lan
ngenteni putri.
Manduro. Pri Basudewo, Aryo
Parabu Ugroseno, Pt. Sorogupito, Pepak poro wadyo. Rmi Murcane Aryo Pri Rukmo,
lagi arep utusan nggoleki, ora suwe wis rawuh diiring pandu lan Punokawan,
banjur podo suko-suko daupe nganten sigeg.
Madeg ing Guwomiring. Pri
Kolo sosrodewo, Pri kolojakso ketekan togog matur yen poro prajurit akih kang
podo tewas, lan Dwi Rumbini wis diboyong ing Manduro. Sang Prabu Kolo Srorodewo
budal nedyo nggebag ing projo Manduro
kairing poro wadyo budal sigeg. Setrat Manduro Basudewo lagi margjo
penganten kacikan musuh, banjur dipapagake sakporo kadang, perang rame prabu
kolo Sosrodewo mati keno jemparinge Pri Rukmo lan poro wadyo balane podo mati
kabeh. Tajungan kumpuling projo
Manduro
Tancep Kayon.
NB. :
Keterangan
bab jejeran.
Sing
bener menurut pakem asli iku jejere ing kayangan kaendran. Sahyang Betoro Indro
diadep poro putro papat.
- Sji Citrogondo
- Syo Citrposeno
- Syi Roto
- Sji Harjuwinongo
Rm.
Kacikan musuh Soko Guwomiring nglamar Dwi Rumbini ditampik kocape, wis nyuwun
bantuhan Dwi gandeng iki mung diringkes
dadi balungane wae.
LAKON ARYOPRABU UGRO SENO
KROMO
Projo Maduro
Pri Basudewo, Rd. Aryoprabu
Rukmo, Pti. Sorogopito, poro Wadyo Pepak. Rmi Murcane kang raji ugroseno lan
Pandu wis suwe ora ono rawuh, ora suwe tekane Pandu sakwise toto lungguh, Basudewo
paring dawuh Pandu, supoyo golek murcane raji Hugroseno Pandu nuli budal
diiring poro wadyo balane sigeg.
Projo Paranggabarjo.
Pri Kolo Garborujito, Pti Ruji Garbo. Rm. Arep nglamar Widodari Wresini ing
kayangan Pti. diutus budal ing dalan
kepetuk prajurit Maduro pasulayan perang simpangan, sigeg.
Goro-goro ing tengah alas punokawan ngetutno Pandu nedyo golek murcane kang
roji Nugroseno budal sigeg.
Setrat utusan Garbo roji nerusno munggah kayangan budal sigeg.
Kayangan.
Guru, Narodo, Dewo Pepak. Lagi podo rerasan, ketekan Pti. Rudjigarbo
ngaturno lajang penglamaran, ditolak perang dewo kalah prajuritParangguwarjo,
podo mertahan sigeg. Guru kasowanan Narodo, matur yen poro dewo kasoran. Guru
dawuh Narodo, supoyo golek jago Hugroseno kang lagi topo ing alas Narodo budal
sigeg.
Setrat Ugo Seno kang lagi topo disusul Pandulan Punakawan, Narodo weruh ono
cahyo, digoleki ora ono, alas diobong, bareng wis katon, Narodo nyedaki sang
topo, dawuh supoyo ing kayangan, nyirnakno musuhe dewo Pandu diutus nunggu
Hugro budal diiring Narodo sigeg.
Strat poro denowo sak ngisore Jamurdipo, ketekan Hugroseno, perang poro
Denowo podo mati, Pti Racigarbo ugo mati pisan. Narodo nyedaki Hugroseno Pandi
diparani dijak sowan ing ngarsane Guru, budal
Setrat kayangan Jonggring Sloko. Guru poro Dewo, Pepak. Ketekan poro Narodo
lan poro satriyo Punokawan, Narodo matur lelabahane poro Satrio banjur
Hugroseno di daupake Dewi Wresni nganggo upocoro kadewan, sakpurnane pangganten
kagrubyug Poro Dewo tinindihan Btri Narodo mulih ing projo Manduro budal sigeg.
Setrat Pri Garbo Racito ketekan Tagog, matur yen poro Prajurite podo mati,
lan Dwi Wresini wis di boyong ing Manduro Sang Prabu nedyo nglurug nggebag
Projo Manduro budal. Setrat Projo
Manduro, Pri Basudewo panggowo pepak, Rm: Murcane Hugroseno, ketekan penganten
kang di iring poro Dewo, banjur di srahno, poro dewo bali makayangan, nganten
kawiwohono ora suwe abdi panjalaran lapur yen projo Manduro kadjogan musuh soko
parang Guwarjo Pri Kolo Garborudjo banjur podo mapagake budal.
Prajurit Parangguwardjo di papagake prajurit Manduro prang rame, wekasan
prajurit parang Guwardjo podo mati, Prikolo Garborudjo mati soko tanggan
Hugroserno kumpuling projo Manduro.
Tancep Kayon.
LAKON YOMO WIDURO KROMO
Prodjo Ngastino
Pri
Pandu Rsi Bismo Arcopati Yomowiduro Pt: Djojo Pracitno, Bismo Paring dawuh
marang Yomowiduro, rehne wis Adiwoso, kudu sambut silehingkromo. Jomowiduro matur yen durung ono sing di
tuduhane nolo, Pri Pandu dawuh supoyo nyuwun preso marang ingkang Romo Abijoso
kang raji matur Sandiko, budal Sawodyo bolo.
Madeg Pertapan Sapto Hargo
Abijoso
Cantrik nompo sowane kang putro Jomowiduro sak Ponokawan bukane nyuwun pitedah,
Abijoso dawuh Jomowiduro supoyo tetulung lng prodjo Panggobakan, katundung
budal sigeg.
Panggobakan Pri Dipocondro
Putro Rd: Hendrokesumo Pt: Djojo Legowo lan Poro Wadyo, lagi podo rembugan
kesaru utusane Pri Dewasrani ngaturno lajang lamaran, katu lak dadi prang rame,
Prajurit Panggobmbakan kalah, Rd: Hendyo kesumo oncat, nedyo golek minting
Srojo ing Negoro Ngastino budal sigeg.
Lakune Rd: Jomowiduro lan Ponokawan kepetuk Rd: Hendrokesumo, lire arep
nyuwun tulung nyernoko mungsung ing Panggobakan jowowiduro saguh, banjur di
ajak bareng sowan kang Romo budal sigeg.
Setrat Pri Dipocondro Putro
Patmorini Rm: Prihatine Projo, kegowo soko kang putro Patmorini kesaru sowane Rd: Hendrokusumo lan
Jomowiduro abdi, katari Jomowiduro saguh dadi senopati ngrabaseng musuh soko
tunggu lmoyono mati kabe, Togog bali.
Setrat Tugg: Pr: Dewo Srani
Ibu Pramoni Rm; mbebeno ingkang ibu supoyo biso mbojong Dw: (Patmowati)
Sukmorini Putro: Di Pocondro, ketekan Totog matur Purwowasono, banjur Durgo
sanggup Cidro budal sigeg.
Setrat Ngastino
Pandu
Rs: Bismo Am: murcane Jomowiduro, malah krungu yen di mintang Sroyo ing
Panggombakan Pandu nedyo nusul budal sigeg.
Setrat
Panggombakan Pr: Di pocondro di adep putro lan poro wadyo lan Jomowiduro,
kesowanan Pandu di Hurmati geden-gedenan Pandu matur yen Jomowiduro di suwun
supoyo di aupke marang Dw: Sukmorini Pr: Dipocondro banget sayogjo. Tomowiduro banjur diaupono karo Sukmorini
sakwise podo mdjing kaputren di kanti kang Ibu Dewati sigeg.
Ing Taman Panggobakan panganten Sekaloron podo
Pepasihan podo mapan sare, kacap Durgo bali Sukmorini di gowo. Jomowiduro bareng garwane marco, mlayu lapur,
Setrat Panggombakan, Pri Dipatcondro lan Pandu ktetekan Jomowiduro, matur yen
garwane Marco. Pandu waspodo ing semu
mbanjur nyuwun pamit nedyo nggoleki budal, kang raji di dawuhi nderek, ing
ndalan Pandu matok aji Kantong Cublak turinogo, kasijate biso weruh sakehing
lelembut, Sakolo pandang lan weruh poro lelembut, kang raji ugo kesowanan nuli
budal, ing tunggalmaloyo.
Setrat
Dewo Srani ketekan kang ibu ngetakake Patmorini, banjur di kungkrum, nanging
Patmorini tansah muwun arep ngancut tuwuh, konangan Pandu Patmorini ka saud,
Kagowo bali, Dewo Srani nututi sawodyo balane, Tekan Panggombakan di prepegi
prang rame, bolo tunggal maloyo kalah bali.
Tancep Kayon.
LAKON BAMBANG SUTJITRO KROMO
Prodjo Cempolo
Redjo
Pri Gondomono Putro Gondomono Pt:
Drestoketu bolo pepak, Rm: Putrane Dw; wis akhir di woso akeh poro Rodjo kang
ngayunake apike, amrih Prayugane, disayer, barakake, sopo kang biso mentang
gandewo manah pitu biso,nratas, satemah dadi djatukramane Gondomono Sakpunggo
di utus pasanggiri ing alun-alun budal.
Projo Parang pitu
Pr; Kolo Pundendo kahadep Pt: Kolo
Sorowito bolo pepak, Rm: Pti di utus nglamar lng Cempoloredjo kahadep ing
adalan kepetuk Prajurit Cempolo dadi prang prajurit Cempolo kalah, pasanggiri
di pasang Pt: Parang pitu bali matur
Madeg Ing Bumi Rahtawo Bgw; Abijoso kahadep Pandu lan Ponokawan Rm: pandu
matur marang kang romo entuk sasmitane Dewo, yen anggone dadi ratu ora bakal
(Lono) suwe Abijoso dawuh, Sarwo nalongso, nanging Pandu tanggap pangartine,
Abijoso banjur dawuh manh yen, kudu pareng tetulung marang wong kang nandang
kasengsaren, la iki ono wong tanah Sabrang lagi nandang Prihatin, iku tulungono
lan kramakno, entuk putri Pancolondro, iku siro bakal entuk goncanagan Pandu
Sandikolo budal Sak Punakawan sigeg.
Setrat Rodjoputro Cempolo Tanah Industan, atmajane Pr: Daryoso, Negarane
kabedah marang Rd: Sudarmo soko Palestino, mulo Rd: Sucritro tansah nandang
prihatin, ing pangajab arep ing tanah Jowo, ngawulo ing Prodjo Ngastino budal
Sigeg. Ing ndalan kepetuk Pandu lan abdi
podo bage binage sacitro matur Purwasasono, lan nedyo Suwito, Pandu nirmo
Suwitane lan di aku sedukur kaprah nom, lan di paringi bosono agemane pandu,
lan di paringi Sumping Soreng pati, Lan di utus ngleboni giri patem boyo ing
Pancoloradyo, Sucitro budal sigeg kadang leboni Pandu.
Setrat Pancolondro Pr: Gondomono Poro Rodjo sewu Negoro wis pepak sayemboro
Diw: witi ing blebar kawad poro rodjo orab; biso ngentasi gawe ketekan Rd:
Sucrito lan Pandu Ponokawan mentang gandewo, tal jejer pitu di panah tatas
kabeh Rd: Sucitro lan Pandu abdi, di sowanake ingarsane sang Pr: budal
sigeg. Setrat Pr: Gondo bau kesowanan Pandu lan sucotro Pr;
Gondo banged soko nompo tama soko Ngastino Gondobau ndeku-ndeku bang gembiro
dene putrane biso entug yodo Rd: Sucitro sanadyan soko sabrang negarane jenenge
podo banjur di daupake lan di wisodo nggenteni keprabane wong tuane di jupuk
Pr: durpodo, Gondo bau mendito ora suwe ono utusane soko parang pitu, banjur di
papagake ing alun-alun prang rame wekasan Pr: Kolo Pudendo mati soko astane Pr:
Durpodo Prajurit Prang pitu mundur tajung.
Tancep Kayon
Lakon Gorowongso Wisnu Nitis
Projo Manduro. Pri Basudewo,
Pri Rukmo, Ugroseno. Rm.
Singkel penggalihe ginubel kang raji margo wis sawetoro warso, durung kagungan
turun. Sang noto entuk sasmitane dowo, prelu gawe panggrogolan ing alas kumbino
ing kono dalane entuk kanugrahan ing mongko wis utusan gawe panggrogolan, ora
suwe Pti. Jodowongso sowan matur yen anggone pasang grogol wis rampung, sang
noto dawuh kang raji lan Pti. Jodowongso, budal ndisik, bubaran ing kenjopuri Mandoro,
garwo telu : (1) Roni (2) Maerah (3) Maero.
Ing (Nuso barong) Guwo
barong
Pri Gorowongso, Raji Surati,
Montro, Suksero bolo pepak. Rm. Anggone Supeno anggarwo dwi Maherah garwane Basudewo,
akeno sinayudan, banjur nggantung laku, utusan njatakno ing manduro poro wadyo
balane budal, ing ndalan kepetuk prajurit Manduro pasulayan banjur perang
simpangan sigeg.
Madeg Saptohargo, Abiyoso
kahadep kang putro.
Pandu lan Punakawan, Pandu
matur yen wis rampung anggone dedono marang sopo wae, malah entu sasmitane dewo,
yen arep kagungan putro titisan Betoro Wisnu. Abiyoso paring dawuh, ojo nganti
(sumbar) kibir yen arep ketitisan manakswane Betoro Wisnu, lan ojo nganti
nyuwungake projo. Pandu sak
punakawan pamit bali, njur budal sigeg.
Kayangan Junggring Saloko. Guru, Narodo, Lesmono Sandu,
Bromo dewo, Pepak, Wisnu. Rmi bab Betoro Wisnu lan Lesmono Sandu kaduwahan ning
ngarco podo bareng-bareng nanging kudu nitis netepi naliko Lesmono ing Ngayogjopolo,
Romo dadi nom, Lesmono dadi tuo, Nanging panitismu kudu nganggo sarono, dadi
simo lan nogo. Simo putih Btr Wisnu, Nogo lesmono budal diiring duwe strat peri
Gorowongso kesowanan raji surati montro, matur yen dewo Mahero iku pancen sulistyo,
wektu iki Basudewo tindak ing alas, Manduro suwung, Gorowongso nedyo namur laku
membo Basudewo, nedyo njunjung ing taman Manduro nyidro Dw Mahero budal sigeg.
Strat pangrogolan. Basudewo lungguh ing bale wewangunan diadep kang raji.
Pri Rukmo, Pri Hugruseno, Rmi bab anggone grogol nenompo isine buron alas kesaru
sowane prajurit, matur yen ono simo putih lan nogo, ngrusak mlebu ing pangrogolan,
ngrusak wewangunan. Basudewo banjur tindak nedyo nyirnaake sargololan nogo,
bareng sargolo ketemu Basudewo perang keno jemparing Basudewo badar betoro Wisnu
nedyo nitis ing Kunti lan dwi dewani ing Ngastino nogo nabrak dijemparing badar.
LAKON LAIRE KONGSO
1.Djejer Manduro
Pri Basudewo
Rukmoroto hagroseno > Rmi sang prabu misudo kang raji loro, rukmo lan
hangroseno,kadawahan
Babad alas, rukmo kadawahan babad alas, sarto joso
vegoro, ono ing padesan kambino, sak pinggire alas bojo.
Hangroseno
kadawahan babad alas sarto vegoro pabandaran lesanpuro, papan sing roto, lan
akeh sumbere. Jodowongso matur anggone njekal papan ing kumbino lan lesanpuro
wis rampung sang prabu dawuh pasewakan dibubarke sigig ing kenjo puri garwo
loro . dwi rohini lan mahendro lan bodroini.
2. Djejr (guwobarong) guwargo
Sarati montro kolo
suksoro pepak poro jokso > Rmi nedyo arep nggebag projo mandaro, malesukum
sedane gorowongso, kadang sepahi toto2 badal,ing ndalan kepetuk prajurit
manduro perang simpangan
3. rahtawi abijoso kahadep jomo widuro > ing
ngastino perlu mriksani anggone nggarbini dw kanti, bener titis beri wisnu opo
ura jomoidi utus budal disik lan panokawan sigeg.
4.setrat
surati montro ketikan togog,
matur tiwa sing poro prajurit surati montro budal lakepoyo prajurit arep
ngurug ing manduro budal sigeg .
5.setrat alas dandoko.
Dwi
maherah kang di buwang ing alas, luweh memelassawang kunarpo,wis wawrat sepuh
wis wantji mbabarake sijang latri tansah sesambat marang dewo menowo ura kuat
mandang kasengsarane urep. Kotjape katekan surati montro lan kolo suksoro
ngambah djumantoro ura kesamaran marang dwi mahero kang di tjidro ratugustine
ing wuni banjur di tjedaki bareng satoto lungguh banjur tjipto purwowasono mulo
maherah banjur diaku jen dulur ipe lan arep kamuljajake sak tjucupe ora suwe iono
bramonojakso teko, di takoni jen brahmonowongso soko padepokan rawesrenggo
nganti teko awet mambu gandane baji mulo suratimontro dawuh babad alas kanggo
mesanggrah diarani pandepakan rawes renggo kanggo ngopeni baji, kotjape Dwi
maerah kroso mbatek kasundang babar kakung gede ,mahero sedo kunduran baji
kanamakno joko maruto jolam bangkangso, banjur dibojong brahmawongso ing
pandepokan rawi srenggo sigeg.,
6.dje. ngastino pandu karawuhan
abiyoso,abiyoso
dawuh jen titise btriwisnu bakal ing putramu panengah banjur abiyoso paring
tetenger baji sing kandutane kanti di jenengno punto dewo banjur bali sigeg,
7.djei. predjomanduro,
Pribasudewo
hagroseno rukmoroto ptsonogupito Rmi primatur jen anggone babad wes rampung
kumbino lan sanpuro lan wis dadi negoro ora suwe katekan parekan matur jen dwi
ruhini mbabarake kakung putih mulus bulei dwi dewani ugo mbabarake kakung ireng
mulus nanging-
Sang dewi sedo
kunduran ,banjur pri basudewo mandjing ing kedaton lan poro sigeg.,
Ing kenjo puri dwi
rohini mangku baji loro,kahadep dwi bodrorini,ketekan pri basudewo lan poro
kadang, basudewo banged sungkawane bab sedane gawane dwi dewani,banjur dawuh
ngerukti lajone ,baji kadawuhan nesepi dwi rohini ,nangiing tansah mawon wae,
ura suwe ketekan narodo tumindak paring dawuh jen baji loro kuwi titise dewo
kang luhur, kang seto titise btri basuki lan btri lesmono sandu dene kang ireng
titise btri wisnu, ing benjang biso melu gawe toto tentreme djagat sarto biso
njirnakake memalane projo manduro mateni pandjalmane kolo kadjono kang nitis
kongso djuru pandjarake djagat, rehne durung mongso kalane lakon, amrih
basukine laku djabang baji kok titipake ing widorokandang, bujut otongapo
bojone aran serjopi, kang iki lagi nglairake dampit kakung aran udowo kang
putri aran larasati tjukup semene narodo bali sang pridawuh rukmo roto nitipake
djabang baji loro kabeh lan lekon mau di utus
njirtakake kabeh rukmo budal sigeg,
8. setrat perdukuhan widoro
kandang
Kli ontrogopo nji
segopi lagi rerasan penguripane wong deso lan pengawehane iku tukang angon
sapine negoro ura suwe ketekan rdi rukmo nggowo baji loro,lan njirtakno lelakon
mau mulo ontogopo kudu sing ati2 baji dipasrahke rukmo bali
9.setrat pasenggrahan rawisrenggo.
Surati montro
brahmono jokso kolo suksoro >brahmono mangku bambang kongso di dus banjugege
dadi gede wis akir diwoso rmi arep gitak prodjo manduro brahmono mrajogani lan
prikongso anggone toto2 piranti wis tjukup kuat kongso dadi panunggale prajurit
nanging amrih prajogane,oragowo pradjurit akeh2 kongso suwito ing manduro,
ngaku putro dwi maherah wae banjur podo budal prajurite podo baris pendem
sigeg ing manduro basudewo sesowanan rukmo
matur jen anggone nitipno bocah wis rampung kesara sowane hugroseno lan kongso
matur kabeh lakon2ne banjur diaku putro awit basudewo eleng2 wekasane dewo,
banjur di angkat prianom djedjaluk pri kongso (dewo) worokongso kadawuhan
manggon ingsengkopuro kadipaten saklor wetane manduro ora suwe surati montro
soroh amuk narko je kongso wis diukum pati prajurit manduro kalah kabeh kong
maju njedaki surati montro njritakno lelakone banjur surati montro bali katon
seneng ing semu kongso bali kumpul ing projo manduro tjantjep kajon.
LAKON LAIRE PUNTO DEWO
1.Djei. prodjo ngastino
Pripandu rsbsmo pri
jomo widum >Rmi pameswari ne dwi kunti anggone wawyat wis sepuh njidam
daginge manuk dewoto seng kuntjung kentjono pandu paring dawuh kanraji supojo
nggoleki lan supojo mampir ngaturi san abioso durung suwe kesowanan rukmo
kautus pri basadewo,ngaturi sumerep jen prodjo manduro kabtjikan musuh jakso
soko garbo samondo, pandu sanggup mbantu judo.rukmo nyuwun pamit budal
pasewakan sigeg.
2.djei
garbo samondo
Prikolo jaksoko pri
kli druwondokolo madendo>Rmi nagih potong pati,awit kadange garwongso
dipateni marang basudewo poro wady dyo bolo dibudalake ing ndalan kepetuk
pradjurit manduro pasulajan dadipirang simpangan
3. Dje.bumi rahtawa abiyoso kahadep
Tomo widuro
ponokawan >bukane ngaturi abioso supoyo rawuh ing ngastinone nggo babare
djabang baji lan kanti njidam daginge manuk dewoto kuntjung mas abioso sanggup
ing ngastino jomowiduro budal kotjape jomo widuro wis suwe anggone golek manuk
dewoto ura entuk bali ing prodjo ngastino budal.
4.madeg ing kajangan djogggiring saloko
Guru,narodo,bromo,pepak>
Rmi goro2 kajangan narodo matur jen njidame kunti ing artjo podo golek daginge
manuk dewoto kuntjung kantjono banjur guru dawuh btri darmo supojo mudun njibul
embun2 nane kunti minongko sarat sarono laire baji lan narodo diutus maringi
nuggraho ali2 manik rodjo towo. Kasijate gaduh klimo sodo, margo mbesok djabang
baji bakal due kadang limo podo prawiro, narodo btri darmo budal sigeg.
5.setrat garbo sumondo,kolo jaksoko pepak
arep ngelurung ing manduro budal kepetuk bolo
manduro perang rame bolo manduro kalah pri rukmo utusan pti soro gupito njuwun
bantuhan ing prodjo ngastino budal sigeg.
6.Dje.ngastino
Pri pandu,dwi kunti
madrim,rsi bismo> pandu nunggu anggone wawrat garwo kunti, wis wajah
mbubabarake ora suwe rawuhe abioso nedyo mbantu anggone mbubabarake putro mantu
kunti abioso ngeningake tjipto,kerawuhan narodo lan btri darmo njedaki kunti
kasebul embun2 nane babar djabang baji kakung, di dus dadi gede,narudo maringi
djeneng punto dewo lan diparingi ali2 rodjo towo,aran kjai blumbang ditambah
djeneng guno tali kromo. Btri darmo mundut putro djabang baji kanamakake darmo
putro jodarmo tanojo jo darmowongso handjoto satria sak wise poro dewo bali
makajangan abioso ugo bali ora suwe tekane pati sarogupito utusane basudewo
njuwun bebantu judo awit negarane wes kinepung musuh pandu budal kairing raji
jomo widuro pti djojo prajikno budal ing prodjo manduro mapagake musuh.
7. setrat pesanggrahe musuh,
Pri kolo jaksoko
lungguh ing bale wewangunan pesanggarahan manduro kahadep poro prajurite,
ketekan pandu sak wadyo balane mapangake
perang tjampur, wekasan prikolo jaksoko mati keno djemparinge jomo widuro
prajurit jakso podo bali akeh kang podo mati pandu swadyo balane podo kumpul
ing manduro tantjep kajon.
LAKON LAIRE KUROWO
1.Dje.kajangan djonggring saloko,
Guru,narodo,bromo,jomo
dipati > Rmi garwane destoroto nggarbini wis wantji nanging durung biso
mbabarake semunggo kanti jowis mbateg,nanging jo durung biso lair, nganti iki
ura suwe sowane rdi begojikmo,kautus room prabu godo jikmoro,ing swargo
pengrantunan njuwun betari sri awit djamanngalengko,durung kaleksanan klakon
pepengine iki di terusake guru dawuh,menowo dwi sri nitis ing putri manduro
ndjur bigojitmo pamit budal sak ontjate, guru dawuh narodo lan baji supojo
mudun tetulung kari betane pandu ing ngastino.bromo kapurih njalametno
wadyo,djog2 budal .
2.Dje.swargo pangrantunan
Pridoso jikmo,
kumbo karno, sarpokenoko,prahasto> Rmi naliko ing artjopodo perang ngalengko
lan ngajugjopolo mburu titise dwi sri nganti sipat jikmo teko durung kelaksanan
kesara sowane bigo jikmo matur kabeh dawuhe dewo doso jikmo banjur kelingan
naliko kamuljane artjopodo naliko djaman ngalengko banjur doso jikmo nimbali
kolo maritjo kautus niiker poro djawuto odjo nganti dewo ngalang2ngi sak
lungane kolo maritjo dosojikmo lan poro kadang budal tumurun ing artjopodo
sigeg. Kolomaritjo sak balane kepapag poro dewodadi perang ora kalah ora menang
sigeg.
3.Dje,rahtawa abiyoso kahadep
Pandu,panokawan,>
pandu perlu ngaturi abiyoso supojo rawuh ing ngastino awit kunti wis wawrat
sepuh,wantji babaran lan dwi gendari ugo anggone wawrat wis lunges, durung biso
mbabarake abiyoso saguh ngrawuhi ing ngastino pandu budal
4.setrat kanti ing taman ngastino
Angone babad wes
kroso mbateg ditungu madrim lan poro emban kerawuhan abiyoso lan pandu
punakawan kanti nuli kesandong abiyoso babar mijo bungkus ndadekake susah
marang kan podo nunggu,ora suwe kerawuhan narodo baju paring dawuh odjo podo
was,awit bungkus mbesuk bakal babar baji sarwo santoso,bungkus di djupuk nedyo
kasetrakno ing alas wando leksono narodobaju bali nggowo bungkus sak budale sak
budale dewo loro, tekani parekan ngaturi wuningno jen gendari ngalairake,
nanging wudjud daging tetengke lan abiyoso lan kabih podo budal ing kadipaten .
5.
kenjo puri kadipaten
Hanggendari mangku baji wudjud daging
tetengke lan di tunggoni destroroto, ura suwe tekane abiyoso, daging tetengke
lan kasidi koro abiyoso petjah dadi ilu ketangko kemaranene dosomuko
porokadang,kemuro pepinginan kamuljane urep bandjur sumusup petjahan daging
telu mau abiyoso nuli njidi koro maneh
daging telu mau wudjud baji lanang loro wadon siji urut tuwo sidji lanang kasusupsukmane dosomuko kana makno
(djurjudono) djokopitono loro lanang kesurupan sukmane kumbokarno kanamakno
arjo dursono telu wadon kasurupan sukmane sarpo kenoko, kanamakno darsilowati,
abiyoso wis kroso batine jen kamurkane
djagad manuksukmane djadjilanat wis mandjalmo maneh, bijen tentrem sak iki
kosok baline ora suwe destoroto di aturi parekan jen podo garwo ampehan podo
nglairake maneh lanang kabeh ono sing dampit satus tjatjahe destroroto lan
garwo gendari roso bungah rumongso ketekan batine,duwe anak akeh,mbesok biso
kuwat memusuhan marang putro putrane pandu keturutan punagine bandjur di
djenengke kabeh karto marmo durmagati tjitrakso,tjitraksi, lan lija2ne ing
kertapan sigeg.koejap lakoni narodo lan baju nggowo bungkus,tutug alas wondo leksono
bungkus di buwang ditinggal sigeg.
6.
setrat alas(dandoko)
Gunung tunon kopi djembawan tilas pradjurite
romowidjojo lenggah lan garwane tridjoto putro tri bisono soko guwo singgelo
rerasan biso duwe turun jen biso ketemu pandu ing ngastino iku wagsite
dewo,bandjur nedyo arep sowan ing ngastinonggowo sekabihe wowohan budal.sigeg.
7.setrat
swargo pangrantunan
Prahastojikmo bigo mondojikmo tri sirah
jikmo> nedyo arep nglatjak tindake poro ratu gustine ing negoro ngastino
budal sigeg.
8.
setrat prodjo ngastino
Pandu rs bismo destoroto jomowiduro>
kesowanan kopi djembawan lan garwane tri djotodi dangu matur sedyane bandjur
tridjoto kausap padarane di sapdo bakal duwe turun putri sah setyowarno
djembawan diutus madepok ing pertapan gondomadono (gunun tunon )ora suwe
ksowanan pt.djojoprayikno matur jen ono prajurit jakso soroh amuk bandjur
dipapangake kpetukprang rame prajurit tawanggantungan podo mundur jikmo2 podo
nusupkurowo tajung ngastino tantjep kajon lan seno tjajung pandowo kumpul sak
kadang lan kresno tantjep kajon.
LAKON BIMO BUNGKUS
Projo
ngastini, pandu dewo, resi bismordi puntodewo, pti joyoyitno.reni putro noto
panenggak, kang metu bungkus, sing kabur wong ing alas wando laksono. Enggo
ngganti saiki, isih uripe soyo suwe.soyo gede malah nggereng-nggereng ngetokake
bayu bodro. Pandu dawuh jomo widuro lan punto sewo, ing roh tawu takon abiyoso,
Dene pti djojojikno kedawuhan ing gajah ojo nyuwun bebantu wong kurowo,
mbebaraki si bungkus bismo kedawuhan tunggu projo pandu ugo arep tindak ing kayangan
perlu ngampil lompo handini pandutane garwo swi madrim lan podo budal sigege.
Gajahojo, destoroto, pti sengkuni, kurowo pepak. Rmi bab
kekwosakane projo ngastino, ora suwe tekane joyoyikno nyuwun bebantu mbabarake
bebungkus, destoroto njur ndawuhake poro kurowo di pandegani pt sengkuni budal
ing alas wondo leksono melapakno bungkus.kocap bungkus glundang glundung
ngereng-ngereng nyuworo anggeteri ketekan poro kurowo, banjur podo tandang
mecah bungkus, nanging ora ono sing ntuk gawe, bungkus nggereng-ngereng
nekakake prahoro, magenturan lesus, kurowo tjang maruto.
Rahtawu abiyoso,
puntodewo, tomowidadaro, abiyoso dawuh menowo bungkus iku, pinonangkane cobane
dewo kanggo neter kekuatane menuso, yen ora kuwat bakal cobra wurung dadi
dandanan, sirno talesing manuso, dene yen kuwat pandadring dewo, mbesok bakal
salon senopati, prawiro tetunggale prajuritpunto banjur diutus bali.
Nadenging
kanjangan, guru narodo, bromo baju siwah, rmi goro-goro kayangan narodo matur,
sing marai putro pandu metu bungkus,ora ora suwe kesuwonan pandu, perlu nyuwun
ngampil, lembuhandini, guru entuk nanging kudu jawab poro dewo,poro dewo entuk,
maging gawe susah poro dewo, pandu, guru njepdi yen anggone dadi ratu ora
bakalan suwe, guru sak kundure pandu dawuh narodo supoyo ngeterno tindake
dwiumo, ing alas wondoleksono perlu ngetrapake agamane bayi, kang isih sak
njerone bungkus, cacahe pitu 1.pupuk mas rineko jarote asem 2. sumping pudak
sinumpret, 3. kelat bau mas geplok blibar manggis 4. gelang tjon drokirono 5.
kuku ponconoko 6.cawet bang bintolo 7. paningsed cinde binoro. Dene bayu
kedawuhan ing prapatan herowono, ngandani liman seno, supoyo mecah bungkus, njur budal setrat
liman, seno, memento marang dewo, supoyo besok biso managgal ing manuso kang
luhur, ora suwe ketekan bayu, dawuh supoyo mecah bungkus, yen biso keturutan
panyuwunmu, gajah seno budal bareng bayu.
Setrat alas, bungkus ketekan tomowiduro
puntodewo, bareng weruh punto welas bungkus dirangkul, tomowiduro dawuh, yen
satrio iku kudu santoso ing budi banjur ono goro-goro lesus mangentuk, ora suwe
rawuhe narodo bayu banjur podo sangking.narodo dawuh yen arep maringi ageman
bungkus, mengko bakal pecah, awit wis tutuk mongsokolo satrio loro sumaran poro
dewo, banjur podo mire betari umo manjing ing bungkus, mbusanani bayi, bareng
wes mrtu tekane gajah seno bayu, bungkus digading ora biso pecah, gajah nesu
drone tyas, punagi yen ora biso mecah kaduwung mati wae.bungkus digading pecah
babar bayi wes cukup busanane, nanging gajah ising ringuten digading, dipidak
malah soyo gedi, tambah rosane gajah seno kacoblos kuku ponconoko, satemah
pecah jumeglug njero babah, kebarengan tekane lesus, musno kwuwandono, manjing
manunggal marang bayi mau, sak sirepe goro-goro tomo punto ponoko lan dewo podo
cedak, kabeh podo ngabekti, nanging bayi ora biso boso, narodo paring nomo bimo
seno saking gede duwure broto seno babare, soko gajah betro umo keprono batine,
banjur paring nomo werkudoro, bayu ugo paring nomo bayu putro, bayu tanojo,
bayu wongso, bayu sutonjur diwulang pangrehing angina, mulo tambah jeneng wahyu
nendo, dewo podo bali makayangan karo nggowo kulit bungkuse seno budal
Padepokam
gito colo bono keeling, bgwi sempani, garw padyo astute, rmi ora duwe putro
podo semedi , ketekan dewo maringi bungkuse seno, diutus ngumbe, dewo bali, sang dewi
nggarbini, babar kakung, kanamakno tirtonojo, jo sapwani tanojo, jo redi
joyoroto,
Setrat
pesanggrahan gajah ojo, durjono, sengkuni, duryodono, bab bungkus isih urip,
malah saiki
Madeg
ing ngastino, kunti, madrim, ketekan pandu gowo lembu handini, madrim lego
atine keturutan panjidame lembu kaswargan, banjur dituntun ing taman, ora suwe
tekane tomo lan punto, seno punokawan, ibu lan room banged bungahe, putrane
podo sungkem genti-genti ora suwe tekane kurowo perlu tilik poro pandowo,
lautus dolanan, bareng ing njobo kurowo lan seno punto podo padu dadi perang,
dipisah tomowiduro, kurowo mundur, punto lan dewo sowan ing romo kumpul tancep
kajan.
Dan
Narodo, gowo Atmo Harjono, Pandu keparingan keterangan akeh-akeh bab wedine
bakal wijine manuso. Atmane Harjuno lanjar kapujo dadi pelem linggojiwo, nuli
diparingeke Pandu, supoyo kadahar Dwi Pandu budal kepetuk prajurit Pringgondani
perang pringgondani kalah, sigeg.
Strat pringgondani kolo trembuku lan
poro putro, Rmi. Utusan ing kayangan, sawane harimbo matur, yen wiji wis diasto
Pandu. Kolo tremboko nedyo ngulurug ing Ngastino budal diiring wadyo balane
sigeg.
Projo
Ngastino, Kunti, Madrim, Bismo, Basudewo, Puto, Seno. Rm. Tindake Pandu, rawuhe
Pandu lan punakawan, pelem linggojiwo diaturno Kunti, didahar bali ngandat koyo
wingi wani kebarengan goro-goro nggeteri, sumusupe wiji luhur. Ora suwe ketekan musuh soko Pringgondani, dipetukno ing
pabaratan, perang rame wekasan prajurit Pringgondani mundur. Tancep kayon ing
Ngastino.
LAKON HARJUNO PINGGIT WIDI LUHUR
Manduro,
Pri Basudewo, Aryo Prabu Rukmo, Aryo Prihugroseno, Pti. Yodowongso, Rm. Anggone
nggarbini Dwi Kunti
Madeg
ing Pringgondani, Pri Kolo Trembuko Harimbo, Jaksi Harimbi, Brojo Musti, Brojo
Lamatan, Brojo mikalpo, Rmi. sang Pri kepengin nduweni turun sing luhur lan
biso gawe arume projo lan dadi mustikane jagad. Sang Pri nedyo munggah kayangan.
Strat wadyo Manduro papagan wadyo Pringgondani perang simpangan.
Madeg
projo Ngastino, Pandu lan garwo loro Kunti Madrim punokawan. Resi Bismo Puntodewo
Seno, nompo rawuhe Basudewo di dereke. Tomowiduro. Rmi. murcane kandutane Kunti,
Pandu banget merang Sungkowo, soko jibeg bingunge ati, nedyo arep lungo
separan-paran, nedyo arep takon Pendito Resi lan poro Topo lan nedyo topo broto
nerak alas wingit. Negoro dipasrahake si Bismo, nuli budal, didereake Punakawan
sigeg.
Kayangan.
Guru Narodo, Pepak, Poro Dewo, Rm. gro-goro ing Marcopodo, Narodo Matur, yen
arep tumurune wiji luhur panuk semane Betoro Wisnu sarine. Guru dawuh, supoyo
prelu nyobo neter kekuwatane wiji luhur mau. Narodo budal kairing poro dewo
Guru ugo nderek budal ing telenging kasuwargan ting Turmoyo.
Strat
ing kasuwargan Tinjumoyo. Jiwo utomo atmane manuso mulyo, mowo cahyo mancorong
ngebeki sakukuban, mowo cahyo sumorot, ketekan poro dewo nedyo nyobakno gaman nganggo
pratingkah warno-warno lan pepinginan supoyo sirno, nanging cabar tanpo gawe .
cahyaning atom malah soyo ceto koyo wujud manuso priyo kang luwih bagus tanpo cacat.
Temah poro dewo podo mundur palasaran, widodari podo tandang ngrencono, malah
podo nandang wajang wayung, goro baget kawran ing batin. Sang atmo diajak sowan
ing alang-alang kumitir budal
Setrat
kayangan. Alang-alang kumitir sahyang wenang kasowanan guru lan atmo, nuli sang
atmo kawejang darmane manungso ing alam wecopodo, lan kaparingan tetenger Harjuno.
Air Jumeno, tegese banyu suci kang ono wadah. Nuli sang atmo njur bali kairing Guru
lan poro dewo, supoyo iso sakwiji ing madyo podo. Atmo nuli kajegurke ing kawah
condromuko, ketekan pengamuke Pandu dene ora narimo Pandune dewo, bab kandudane
Kunti ilang tanpo labet. Liwung pengamuke, poro
dewo kasoring yudo ing kayangan tidem premanem katungko rawuhe Guru.
LAKON
LAIRE HARJUNO
Manduro,
Pri Basudewo, Pt. Paruncono. Rmi. Anggone nyidam kang garwo, parijoto
Pti.Runcono diutus munggah kayangan nyuwun pari
joto budal.
Poro Dewo ketekan utusan soko
Manduro nyuwun parijoto, ora entuk, perang, Pti. Nyanggrah
Kuntawi Punakawan, sowan Pandu dawuh
supoyo Kuntawi golek panyidame kang ibu budal.
Strat Batorokolo nedyo nyidro Dwi
Kunti budal sigeg.
Strat Kuntawi Semar nedyo munggah
kayangan nyuwun parijoto kencono budal Kuntawi nunggu.
Kayangan guru Narodo, ketekan Semar
nyuwun parijoto, diulungake Semar, bali strat Kuntawi tekane Semar ngaturno
parijoto digowo mlayu Kuntawi, punokawan ditinggal ing dalan ketemu Pti.
Puruncono, Peri dioyok Pti. digowo mlayu. Strat Ngastino Padu garwo Kunti, Pti.
Gondomono, punakawan lagi matur, tekane Kuntawi matur yen parine dioyok Pti. Manduro
Purcono, Pandu ngutus Pti. Gondomo supoyo diutus pti. budal, kepetuk Pti.
Puruncono perang gambel, diduni Narodo pari supoyo didum separonan, awit Dwi
Badroini ugo nyidami, dadi nyadame podo karo Kunti mbesuk bakal dai jodone,
pari didom podo bali dewe-dewe.
Strat Ngastino Pandu, Pepak ketekan
Pt. Gondomono matur purwowasono, pari didahar, kocapo Betorokolo nyidro Kunti
lagi nggarbini sepuh budal.
Sendang Hermowo Bgw: Hardjuno, arep
golek panitisan, kacopo Btr: Kolo Nungkul tibo, kanti di wenwehno Btr Kolo
bali. Kunti di rawati Bgw: Hardjuno
mbabarake kakung, di djenengno Djoko Pengalasan ing banyu Sendang ilang
mandjing Djokopengalasan Dernowo Hardjuno ora nari makno awit banyu Sendang
Tidak ada komentar: